Close Menu
Het Javaanse Blad
    Facebook X (Twitter) Instagram
    Het Javaanse Blad
    • Pendápá
    • Atur Sapálá
    • Kraton

      Putri Ingrid Ambal Warsá Kaping 18

      19.06.2022

      Ngarsá Dalem Ngaturi Galadiner Korps Diplomatik

      13.06.2022

      Putri Beatrix Paring Anugerah Anyelir Pérak

      10.06.2022

      Ratu Máxima – Presidèn ECB Rembag Bebrayan

      09.06.2022

      Kraton Noordeinde Bika Malih Kanggé Publik

      08.06.2022
    • Den Haag

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      01.12.2023

      Rokok ing Walandi Bakal Rp 620.440 Sawungkus 

      02.06.2022

      Lockdown Rampung, Wajib Kartu Corona 

      26.01.2022

      Walandi Resmi Pungkasi Lockdown 

      25.01.2022

      Walandi Longgaraken Lockdown, Horéca Tetep Tutup 

      14.01.2022
    • Jogja

      Tingalan Jumenengan Dalem

      12.03.2021

      Kraton Jogja Prèngeti 6 Jam Serangan Oemoem 1 Maret 1949

      02.03.2021

      Uyon-Uyon Hadiluhung Senèn Pon

      25.02.2021
    • Diplomasi
    • Internasional
    • Jaman Mbah Buyut
    Het Javaanse Blad
    Panjenengan maos:Javaans » Pabrik Gendhis Kalimati, Setu, 13-02-1892
    Jaman Mbah Buyut

    Pabrik Gendhis Kalimati, Setu, 13-02-1892

    By Eddi Santosa08.03.20212 Mins Read
    Pabrik Gendhis Kalimati - Het Javaanse Blad
    Pabrik Gendhis Kalimati (KITLV)

    PEKALONGAN – Naamlooze Vennootschap Cultuurmaatschappij Kalimati (PT Pakebonan Kalimati), pabrik gendhis, sapuniká RSUD Kalisari. Mbah Buyut dugi taun 1980-an abad kapengker taksih ketentá nyebat “pabrik”, “Sawahan puniká caket pabrik.”

    Minongká lampiran tambahan Staatsblad 1858 nomer 17 taun 1892 dipunwedalaken statuta Naamlooze Vennootschap Cultuurmaatschappij Kalimati (PT Pakebonan Kalimati, red), ingkang tujunipun nggarap pakebonan tebu kanggé pabrik gendhis Kalimati, sapuniká RSUD Kalisari, kalenggahan ing kabupaten Batang, karesidènan Pekalongan, makaten dipunpethik saking Java-bode, dinten Setu (13/2/1892)

    Panèn taun 1892 mlampah sedayanipun kanggé bathi lan ruginipun perusahaan, sedáyá biaya ingkang dipun wedalaken sadèrèngipun pendamelan perusahaan, sadèrèngipun panèn taun 1892, sáhá taun-taun salajengipun, komplit kalih rènte lan komisi dados tanggunganipun perusahaan.

    Pabrik Gendhis Kalimati - Het Javaanse Blad
    Pabrik Gendhis Kalimati (Tropenmuseum)

    Het maatschappelijk kapitaal (modhal dhasar, red) PT Pakebonan Kalimati puniká jumlahipun 640.000 gulden, dipunbagi dados 128 andil, dados saben-saben andil reginipun 5.000 gulden, ingkang sampun dipunsetujui. Sedáyá andil wau sampun dipunsetoraken nganggé nami miturut kersanipun sedáyá ingkang ndèrèk.

    Kanggé kaping sepindhah, dangunipun dugi gangsal taun, dipundhapuk direksi Factorij der Nederiandsche Handelmaatschappij ing Batavia, ingkang badhé ngurus tanpá biaya.

    Rapat umum pangastá andil ingkang netepaken punápá badhé dipundamel bandhá cadhangan kanggé njagani kerugian sáhá bándhá pangénggalan, dugi pinten kathahipun badhé dipuntambahi, sartá jumlah ingkang badhé dipunsisihaken saking bebathèn kanggé setor lan mantepaken modhal.

    Kejawi puniká bebathèn taunan, sasampunipun dipun kirangi bonus lan dipunsetujui déning rapat umum, saget dipunandumaken dumateng párá pangastá andil. Menawi miturut étangan bathi lan rugi kasunyatanipun rugi lan puniká boten saget dipuntutup saking bándhá cadhangan, pramilá dipunbetá ing debet étangan bathi lan rugi taun ngajengipun. (es)

    Share. Facebook Twitter WhatsApp Email Telegram
    Previous ArticleKaluargi Ngarsá Dalem Remen Nyepéda
    Next Article Putri Irène: Monggo nDèrèk Nanem Tetuwuhan
    Add A Comment

    Comments are closed.

    Nembé Mlebet
    • Pajek Gendhis Awit Januari 2024
    • Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung
    • PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi
    • ‘Marikangen’ Rokok Top Priyantun Solo
    • NATO Ngadhepi Kasunyatan Jaman, Genjot Anggaran
    Pacelathon Énggal
      • Facebook
      • Twitter
      • Instagram
      • Pinterest
      Waosanipun Bongsá Jawi
      Paling Kathah Dipunwaos

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung

      PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi

      Jaman Mbah Buyut
      Atur Sapálá
      Atur Sapálá

      Básá Jawi, utaminipun krámá madyá lan krámá inggil, dinten sapuniká sampun awis-awis dipunginaaken malih, tur sangsáyá udhar.

      Copyright © 2021 Het Javaanse Blad

      Facebook X (Twitter) Instagram LinkedIn VKontakte

      Type above and press Enter to search. Press Esc to cancel.