Close Menu
Het Javaanse Blad
    Facebook X (Twitter) Instagram
    Het Javaanse Blad
    • Pendápá
    • Atur Sapálá
    • Kraton

      Putri Ingrid Ambal Warsá Kaping 18

      19.06.2022

      Ngarsá Dalem Ngaturi Galadiner Korps Diplomatik

      13.06.2022

      Putri Beatrix Paring Anugerah Anyelir Pérak

      10.06.2022

      Ratu Máxima – Presidèn ECB Rembag Bebrayan

      09.06.2022

      Kraton Noordeinde Bika Malih Kanggé Publik

      08.06.2022
    • Den Haag

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      01.12.2023

      Rokok ing Walandi Bakal Rp 620.440 Sawungkus 

      02.06.2022

      Lockdown Rampung, Wajib Kartu Corona 

      26.01.2022

      Walandi Resmi Pungkasi Lockdown 

      25.01.2022

      Walandi Longgaraken Lockdown, Horéca Tetep Tutup 

      14.01.2022
    • Jogja

      Tingalan Jumenengan Dalem

      12.03.2021

      Kraton Jogja Prèngeti 6 Jam Serangan Oemoem 1 Maret 1949

      02.03.2021

      Uyon-Uyon Hadiluhung Senèn Pon

      25.02.2021
    • Diplomasi
    • Internasional
    • Jaman Mbah Buyut
    Het Javaanse Blad
    Panjenengan maos:Javaans » Pajek Gendhis Awit Januari 2024
    Den Haag

    Pajek Gendhis Awit Januari 2024

    By Eddi Santosa01.12.20232 Mins Read
    Pajek gendhis
    Pajek gendhis - Het Javaanse Blad

    DEN HAAG – Pajek gendhis bakal kawiwitan mangké dinten 1 Januari 2024. Cola, sari woh-wohan, jajanan, bir tanpá alkohol lan unjukan sanèsipun ingkang manis bakal tambah awis.

    80% panganan ing supermarkèt boten séhat

    AVGG (Alliantie Voeding voor de Gezonde Generatie)

    Jalaranipun wonten suikertaks, inggih puniká pajek tambahan tumrap produk-produk sarwá manis, kanggé nanggulangi obésitas sáhá resiko kaséhatan kasebab gendhis. 

    Pamaréntah menggalih bilih menawi regi produk-produk ingkang kathah ngandhut gendhis sangsáyá awis mawi pajek tambahan, konsumsi bakal mandhap, bakal kirang.

    Pajek Gendhis 2024
    bron: Voedingscentrum

    Cekak aosipun mawi pajek puniká konsumsi produk-produk makaten saget dirèm. Puniká wigatos sanget sarèhning obésitas dados masalah ageng ing Walandi.

    Senaosá makaten pabrikan ingkang boten karsá kénging tambahan pajek saget ngirangi kadar gendhisipun. Makaten párá kawula dituntun gesang langkung séhat.

    Miturut pétangan Rijksinstituut voor Volksgezondheid en Milieu (RIVM) pajek puniká bakal ngirangi omzet unjukan manis ngantos 384 juta liter utawi 15% dugi 18% per tahun.

    Pajek gendhis ing tanah Walandi utaminipun ditrapaken tumrap jajanan lan unjukan manis, antawisipun bir tanpá alkohol lan softdrink, ugi versi light lan zero.

    Pajek puniká nyebabaken regi sedáyá unjukan manis bakal mindhak rátá-rátá 7% à 8% sèn per klenthung, utawi mindhak kirang langkung 10%.

    Sangsáyá kathah volume softdrink, sangsáyá awis reginipun, kadostá sagendul Cola 1,5 liter panjenengan mbayar langkung awis tinimbang saklenthung 0,33 liter.

    Kosok wangsulipun pajek toyá mineral dibusek. Puniká ‘jangkah wiwitan ingkang saé’, nanging taksih dibetahaken langkung kathah malih kanggé nanggulangi obésitas.

    Share. Facebook Twitter WhatsApp Email Telegram
    Previous ArticleInlander Udud Klobot, Klaras, Kawung
    Add A Comment

    Comments are closed.

    Nembé Mlebet
    • Pajek Gendhis Awit Januari 2024
    • Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung
    • PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi
    • ‘Marikangen’ Rokok Top Priyantun Solo
    • NATO Ngadhepi Kasunyatan Jaman, Genjot Anggaran
    Pacelathon Énggal
      • Facebook
      • Twitter
      • Instagram
      • Pinterest
      Waosanipun Bongsá Jawi
      Paling Kathah Dipunwaos

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung

      PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi

      Jaman Mbah Buyut
      Atur Sapálá
      Atur Sapálá

      Básá Jawi, utaminipun krámá madyá lan krámá inggil, dinten sapuniká sampun awis-awis dipunginaaken malih, tur sangsáyá udhar.

      Copyright © 2021 Het Javaanse Blad

      Facebook X (Twitter) Instagram LinkedIn VKontakte

      Type above and press Enter to search. Press Esc to cancel.