Close Menu
Het Javaanse Blad
    Facebook X (Twitter) Instagram
    Het Javaanse Blad
    • Pendápá
    • Atur Sapálá
    • Kraton

      Putri Ingrid Ambal Warsá Kaping 18

      19.06.2022

      Ngarsá Dalem Ngaturi Galadiner Korps Diplomatik

      13.06.2022

      Putri Beatrix Paring Anugerah Anyelir Pérak

      10.06.2022

      Ratu Máxima – Presidèn ECB Rembag Bebrayan

      09.06.2022

      Kraton Noordeinde Bika Malih Kanggé Publik

      08.06.2022
    • Den Haag

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      01.12.2023

      Rokok ing Walandi Bakal Rp 620.440 Sawungkus 

      02.06.2022

      Lockdown Rampung, Wajib Kartu Corona 

      26.01.2022

      Walandi Resmi Pungkasi Lockdown 

      25.01.2022

      Walandi Longgaraken Lockdown, Horéca Tetep Tutup 

      14.01.2022
    • Jogja

      Tingalan Jumenengan Dalem

      12.03.2021

      Kraton Jogja Prèngeti 6 Jam Serangan Oemoem 1 Maret 1949

      02.03.2021

      Uyon-Uyon Hadiluhung Senèn Pon

      25.02.2021
    • Diplomasi
    • Internasional
    • Jaman Mbah Buyut
    Het Javaanse Blad
    Panjenengan maos:Javaans » Pambibaran Kabupatèn Karanganyar, Batang, Purwokerto
    Jaman Mbah Buyut

    Pambibaran Kabupatèn Karanganyar, Batang, Purwokerto

    By Eddi Santosa18.05.20212 Mins Read
    Bupati Batang - Het Javaanse Blad
    Bupati Batang Raden Mas Adipati Ario Dhipokoesoemo & Raden Ayu, 1930 (Foto: KITLV/O. Hisgen & Co)

    PEKALONGAN – Ing wekdal pungkasan taun 1935 dumateng De Volksraad dipunaturaken 3 rancangan ordonansi babagan pambibaran Kabupatèn Karanganyar, Kabupatèn Batang sáhá Kabupatèn Purwokerto.

    Salajengipun miturut rancangan ordonansi wau Karanganyar mlebet Kebumèn, Batang dipungabungaken kalih Pekalongan, éwodènten Purwokerto dados satunggal kalih Banyumas, makaten Algemeen Handelsblad voor Nederlandsch-Indië, dinten Setu (09/11/1935).

    Wonten ing memorie van toelichting (Risalah Katerangan) rancangan ordonansi wau kaserat antawisipun makaten:

    Kabupatèn Karanganyar nggadhahi wilayah wiyaripun 792 km2 lan cacahipun wargi kirang langkung wonten 407.000. Kabupatèn Kebumèn wiyaripun 554 km2, warginipun 333.200. Sasampunipun dipungabungaken wiyaripun kabupatèn énggal puniká dados 1.345 km2, lajeng warginipun 740.200.

    Bupati Pekalongan Raden Tumenggung Ario Soerjo & Raden Ayu, 1930 (KITLV/O. Hisgen & Co)

    Éwodènten kabupatèn Batang lan Pekalongan wiyaripun 859 km2 lan 932 km2, lajeng warginipun 298.590 lan 485.900. Sasampunipun dipungabungaken wiyaripun dados 1.791 km2 lan total cacahipun wargi 784.400. Panggabungan Batang kalih Pekalongan puniká dadosaken kabupatèn paling ageng ing Jawi Tengah, senaosá makaten boten bakal wonten masalah pamréntahan utawi masalah politik.

    Salajengipun leburipun kabupatèn Purwokerto gabung dados satunggal kalih kabupatèn Banyumas pancèn sampun dipunprakiraaken bakal ngadhepi masalah praktis. Caranipun ngatasi sampun dipunsiyapaken inggih puniká kanthi mecah distrik Purworejo saking wilayah kabupatèn Purwokerto, lajeng nambahaken mlebet kabupatèn Banjarnegara.

    Saking paningalan etnografis distrik kaserat wau langkung cocok menawi mlebet Banjarnegara. Wiyaripun wilayah kabupatèn Purwokerto, Banyumas, lan Banjarnegara inggih puniká urut-urutan 931 km2, 541 km2, 693 km2, lan warginipun 396.700, 394.400 lan 286.600. Sasampunipun dipungabungaken kabupatèn Banyumas wiyaripun dados 1.300 km2, warginipun 684.100, éwodènten Banjarnegara dados 866 km2 lan warginipun 393.600.

    Saking panggabungan kabupatèn Banyumas kalih Purwokerto, ibukuthanipun boten badhé ing Banyumas, nanging kedah ing Purwokerto. Pancèn wonten pinten-pinten anggota déwan kabupatèn Banyumas ingkang boten saget nampi, nanging sedáyá wau boten cekap kanggé tetep nyepengi Banyumas minongká ibukuthá pamréntahan sáhá kalenggahan dalem resmi bupati, punápá malih sedáyá dinas sampun pindhah nilaraken kuthá Banyumas.

    Share. Facebook Twitter WhatsApp Email Telegram
    Previous ArticleGelar-gunem Gusti Kanjeng Ratu Máxima 50
    Next Article Guru Matematika Pikantuk ‘Rècèh’ Jebul Kathah
    Add A Comment

    Comments are closed.

    Nembé Mlebet
    • Pajek Gendhis Awit Januari 2024
    • Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung
    • PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi
    • ‘Marikangen’ Rokok Top Priyantun Solo
    • NATO Ngadhepi Kasunyatan Jaman, Genjot Anggaran
    Pacelathon Énggal
      • Facebook
      • Twitter
      • Instagram
      • Pinterest
      Waosanipun Bongsá Jawi
      Paling Kathah Dipunwaos

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung

      PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi

      Jaman Mbah Buyut
      Atur Sapálá
      Atur Sapálá

      Básá Jawi, utaminipun krámá madyá lan krámá inggil, dinten sapuniká sampun awis-awis dipunginaaken malih, tur sangsáyá udhar.

      Copyright © 2021 Het Javaanse Blad

      Facebook X (Twitter) Instagram LinkedIn VKontakte

      Type above and press Enter to search. Press Esc to cancel.