Close Menu
Het Javaanse Blad
    Facebook X (Twitter) Instagram
    Het Javaanse Blad
    • Pendápá
    • Atur Sapálá
    • Kraton

      Putri Ingrid Ambal Warsá Kaping 18

      19.06.2022

      Ngarsá Dalem Ngaturi Galadiner Korps Diplomatik

      13.06.2022

      Putri Beatrix Paring Anugerah Anyelir Pérak

      10.06.2022

      Ratu Máxima – Presidèn ECB Rembag Bebrayan

      09.06.2022

      Kraton Noordeinde Bika Malih Kanggé Publik

      08.06.2022
    • Den Haag

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      01.12.2023

      Rokok ing Walandi Bakal Rp 620.440 Sawungkus 

      02.06.2022

      Lockdown Rampung, Wajib Kartu Corona 

      26.01.2022

      Walandi Resmi Pungkasi Lockdown 

      25.01.2022

      Walandi Longgaraken Lockdown, Horéca Tetep Tutup 

      14.01.2022
    • Jogja

      Tingalan Jumenengan Dalem

      12.03.2021

      Kraton Jogja Prèngeti 6 Jam Serangan Oemoem 1 Maret 1949

      02.03.2021

      Uyon-Uyon Hadiluhung Senèn Pon

      25.02.2021
    • Diplomasi
    • Internasional
    • Jaman Mbah Buyut
    Het Javaanse Blad
    Panjenengan maos:Javaans » Paméran Foto Walandi Naliká Jaman Perang
    Den Haag

    Paméran Foto Walandi Naliká Jaman Perang

    By Eddi Santosa30.04.20212 Mins Read
    Rembugan - Het Javaanse Blad
    Foto: dok. De Tweede Kamer der Staten-Generaal

    WAGENINGEN – Ing Tweede Kamer, Den Haag, dipunawontenaken Pamèran Foto Jaman Perang. Pangarsá Tweede Kamer Khadija Arib, sadèrèngipun purná tugas, sareng-sareng kaliyan diwan juri mirsani foto-foto wau ing Hotel de Wereld ing Wageningen.

    Foto-foto puniká minongká bagéan saking paméran De Tweede Wereldoorlog in Honderd Foto’s, ingkang saget dipunpirsani wiwit tanggal 30 Maret ing de Tweede Kamer. Foto-foto wau, 25 lembar per provinsi, kapendhet saking párá fotograf profesional, nanging ugi saking kagunganipun partikelir.

    Rembugan – De Tweede Kamer der Staten-Generaal

    Sasi Nopember kapengker dipunwiwiti madosi: saben provinsi párá wargi dipunsuwun ndhèrèk menggalih babagan foto ingkang nggambaraken sejarah perang. Naliká kempalan ing provinsi tanggal 15 Januari, dipunaturaken 50 foto. Wargi ingkang rawuh ndhèrèk milih foto kanggé tingkat nasional.

    “Mungguhipun kulá puniká kinormatan saget dados pangarsá juri ugi kempalan kriyá ing mriki. Sanget mbingahaken saget rembugan sareng-sareng babagan foto wau. Kadhang kálá gambar saget ngendikan langkung kathah tinimbang ukárá. Ing saben-saben foto ngandhut cariyos piyambak. Kempalan dinten sapuniká ngaturi guneman ingkang rumesep,”

    Pawé propaganda Wehrmacht ing Buitenhof, Den Haag, 30 Januari 1943 mrèngeti 10 taun Nazi dados panguwaos ing Jerman.

    Paméran foto lan pamilihan déning párá wargi minongká prèngetan 75 taun kamardikan Walandi taun 2021 puniká. Gagasanipun nggih puniká utaminipun gambar-gambar ingkang ngaturaken kanthi cethá jaman kapengker, ngèngeti jaman perang wau sangsáyá tebih saking penggalih kitá.

    Madosi foto-foto wau ngasilaken material ingkang sampun misuwur lan ingkang dèrèng, antawisipun foto-foto saking Nederlands-Indië (Indonesia), Suriname lan Antillen. Wargi ndhèrèk nyumbang kanthi ngintun atusan foto. Juri, kanthi pangarsá Tweede Kamer Khadija Arib, netepaken kathahipun 100 foto kanggé paméran.

    “Ugi ing Tweede Kamer kitá nggatosaken 75 taun kamardikan. Gagasan puniká mathuk kaliyan prèngetan wau. Foto-foto puniká ndamel cethá bilih kitá, 75 taun majeng, taksih dèrèng pirsá sedáyá. Saben-saben foto ngandhut cariyos, ngandhut babad kaluargi piyambak. Mbingahaken sanget bilih sedáyá cariyos wau, pripun angèlipun ugi, saget dipunaturaken dumateng generasi salajengipun.

    “Kulá bingah sanget bilih foto-foto puniká wiwit tanggal 30 Maret saget dipunpirsani ing Tweede Kamer, jantungipun demokrasi Walandi lan masyarakat mardhiká,” makaten pangarsá Tweede Kamer Khadija Arib.

    Share. Facebook Twitter WhatsApp Email Telegram
    Previous ArticleKeukenhof Taman Sekar Tulip Wanci Pandemi
    Next Article Kenpetai Nederlands-Indië, Djokjakarta
    Add A Comment

    Comments are closed.

    Nembé Mlebet
    • Pajek Gendhis Awit Januari 2024
    • Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung
    • PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi
    • ‘Marikangen’ Rokok Top Priyantun Solo
    • NATO Ngadhepi Kasunyatan Jaman, Genjot Anggaran
    Pacelathon Énggal
      • Facebook
      • Twitter
      • Instagram
      • Pinterest
      Waosanipun Bongsá Jawi
      Paling Kathah Dipunwaos

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung

      PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi

      Jaman Mbah Buyut
      Atur Sapálá
      Atur Sapálá

      Básá Jawi, utaminipun krámá madyá lan krámá inggil, dinten sapuniká sampun awis-awis dipunginaaken malih, tur sangsáyá udhar.

      Copyright © 2021 Het Javaanse Blad

      Facebook X (Twitter) Instagram LinkedIn VKontakte

      Type above and press Enter to search. Press Esc to cancel.