ENSCHEDE – Pangéran Constantijn, adikipun Ngarsá Dalem, pikantuk titel doktor kinurmatan utawi Doktor Honoris Causa saking Universiteit Twente, Enschede dinten Jemuah (20/5).

Piyambakipun pikantuk Dr.(H.C.) sarèhning ‘laku-lampahipun minongká Dutá Khusus Techleap ugi maringi tuládhá kanggé majengaken inovasi lan kabudidayan ing Walandi.’

“Ugi pangarsanipun nyiptá gegayuhan nasional ndadosaken salah satunggaling ekosistem startup lan scale-up paling saé ing Eropa,” makaten Rijksvoorlichtingsdienst, dinten Setu (21/5).

Minongká pangaos ageng, Universiteit Twente saben gangsal taun ngaturaken titel Dr.(H.C.) dumateng tetiyang ingkang kagungan jásá ageng tumrap kawruh lan masyarakat.

Sesarengan lustrum ingkang kaping 12, titel Dr.(H.C.) dipunaturaken dumateng sinten ingkang sampun ngawujudaken masyarakat digital, kabudidayan, adil, lestari.

Kejawi Pangéran Constantijn, ugi nampi Dr.(H.C.) antawisipun Direktur IPCC Debra Roberts, ahli keamanan siber Jaya Baloo sáhá Direktur Kawruh Wim van Saarloos (es/es).

Share.

Comments are closed.