Close Menu
Het Javaanse Blad
    Facebook X (Twitter) Instagram
    Het Javaanse Blad
    • Pendápá
    • Atur Sapálá
    • Kraton

      Putri Ingrid Ambal Warsá Kaping 18

      19.06.2022

      Ngarsá Dalem Ngaturi Galadiner Korps Diplomatik

      13.06.2022

      Putri Beatrix Paring Anugerah Anyelir Pérak

      10.06.2022

      Ratu Máxima – Presidèn ECB Rembag Bebrayan

      09.06.2022

      Kraton Noordeinde Bika Malih Kanggé Publik

      08.06.2022
    • Den Haag

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      01.12.2023

      Rokok ing Walandi Bakal Rp 620.440 Sawungkus 

      02.06.2022

      Lockdown Rampung, Wajib Kartu Corona 

      26.01.2022

      Walandi Resmi Pungkasi Lockdown 

      25.01.2022

      Walandi Longgaraken Lockdown, Horéca Tetep Tutup 

      14.01.2022
    • Jogja

      Tingalan Jumenengan Dalem

      12.03.2021

      Kraton Jogja Prèngeti 6 Jam Serangan Oemoem 1 Maret 1949

      02.03.2021

      Uyon-Uyon Hadiluhung Senèn Pon

      25.02.2021
    • Diplomasi
    • Internasional
    • Jaman Mbah Buyut
    Het Javaanse Blad
    Panjenengan maos:Javaans » Panggabungan Batang-Pekalongan, Ngasilaken Èfisiènsi Anggaran
    Jaman Mbah Buyut

    Panggabungan Batang-Pekalongan, Ngasilaken Èfisiènsi Anggaran

    By Eddi Santosa24.05.20212 Mins Read
    Residen Pekalongan - Het Javaanse Blad
    Residèn Pekalongan J.J.M.A. Popelier rapat ing pendhápá Kabupatèn Pekalongan, sisih kidul alun-alun (KITLV)

    PEKALONGAN – Panggabungan Kabupatèn Batang mlebet Kabupatèn Pekalongan ngasilaken pangiritan (èfisiènsi) anggaran, katingal saking rancangan anggaran ènggal.

    panggabungan kakalih kabupatèn wau ngasilaken èfisiènsi anggaran 15.870 gulden

    Het Javaanse Blad

    Wonten ing lembaran risalah katerangan amandemèn utawi pangowahan anggaran blánjá ingkang kaping sepindhah taun 1936 sasampunipun Batang mlebet Kabupatèn Pekalongan kababaraken kados kapethik saking De Locomotief, dinten Jemuah (27/3/1936) makaten:

    Kanggé taun dines 1936 dipuntetepaken kanggé Kabupatèn Pekalongan lan bekas Kabupatèn Batang anggaran ingkang kapisah piyambak-piyambak, ing babagan blánjá lan panampi miturut paprincèn ingkang cacahipun 108.012 gulden kanggé Pekalongan, lajeng 115.738 gulden kanggé Batang, utawi sesarengan totalipun 223.750 gulden.

    Anggaran kanggé Kabupatèn Pekalongan sampun dipuntampi kanthi pikantuk pangabsahan saking utusan Provinsi, éwodènten anggaran kanggé Kabupatèn Batang sarèhning sampun dipunbibaraken lajeng dipunlebetaken Kabupatèn Pekalongan pikantuk pangabsahan kados sawaunipun.

    ngirit subsidi pamréntah utaminipun subsidi dumateng wilayah-wilayah otonom

    Het Javaanse Blad

    Anggaran Kabupatèn Pekalongan ingkang sampun dipunabsahaken salajengipun taksih kedah dipunowahi kanthi mlebetaken anggaran Kabupatèn Batang ingkang sampun dipunbibaraken, sasagedipun kanthi ngetrapaken pangiritan lan ngirangi pambiayaan.

    Intinipun saking pangowahan puniká, kados ingkang dipunkarsaaken déning pamréntah kanthi panggabungan kabupatèn kakalih (Batang mlebet Pekalongan) inggih puniká supados ngasilaken èfisiènsi subsidi pamréntah utaminipun subsidi dumateng wilayah-wilayah otonom.

    Wonten ing anggaran ingkang sampun dipuntetepaken, cacahipun subsidi nagari kanggé Kabupatèn Pekalongan dipunprakiraaken 21.395 gulden lan kanggé Kabupaten Batang 29.575 gulden, sesarengan totalipun 50.970 gulden. 

    Saking pepadhan tumrap jumlah akhir pangowahan anggaran sapuniká ingkang cacahipun 99.868 gulden, mindhak saking anggaran Kabupatén Pekalongan sadèrèngipun, kalih jumlah akhir anggaran Kabupatèn Batang sadèrèngipun inggih puniká 115.738 gulden, saget dipunsimpulaken bilih panggabungan kakalih kabupatèn wau ngasilaken èfisiènsi anggaran 15.870 gulden.

    Èfisiènsi puniká maujud ing panampi anggaran arupi pangirangan subsidi pamréntah dugi 17.752 gulden, ingkang sabagéanipun dipuntampi kanthi mindhakaken pos-pos saráná dugi 1.882 gulden, ingkang sadèrèngipun dipunanggaraken sakedhik sanget. (es/es)

    Share. Facebook Twitter WhatsApp Email Telegram
    Previous ArticleGludug Bledhèg Prahárá Ès, Dinten Puniká Bebáyá Kode Jené
    Next Article Ngarsá Dalem Tuwi Kriyá Koninklijke Marine
    Add A Comment

    Comments are closed.

    Nembé Mlebet
    • Pajek Gendhis Awit Januari 2024
    • Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung
    • PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi
    • ‘Marikangen’ Rokok Top Priyantun Solo
    • NATO Ngadhepi Kasunyatan Jaman, Genjot Anggaran
    Pacelathon Énggal
      • Facebook
      • Twitter
      • Instagram
      • Pinterest
      Waosanipun Bongsá Jawi
      Paling Kathah Dipunwaos

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung

      PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi

      Jaman Mbah Buyut
      Atur Sapálá
      Atur Sapálá

      Básá Jawi, utaminipun krámá madyá lan krámá inggil, dinten sapuniká sampun awis-awis dipunginaaken malih, tur sangsáyá udhar.

      Copyright © 2021 Het Javaanse Blad

      Facebook X (Twitter) Instagram LinkedIn VKontakte

      Type above and press Enter to search. Press Esc to cancel.