Close Menu
Het Javaanse Blad
    Facebook X (Twitter) Instagram
    Het Javaanse Blad
    • Pendápá
    • Atur Sapálá
    • Kraton

      Putri Ingrid Ambal Warsá Kaping 18

      19.06.2022

      Ngarsá Dalem Ngaturi Galadiner Korps Diplomatik

      13.06.2022

      Putri Beatrix Paring Anugerah Anyelir Pérak

      10.06.2022

      Ratu Máxima – Presidèn ECB Rembag Bebrayan

      09.06.2022

      Kraton Noordeinde Bika Malih Kanggé Publik

      08.06.2022
    • Den Haag

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      01.12.2023

      Rokok ing Walandi Bakal Rp 620.440 Sawungkus 

      02.06.2022

      Lockdown Rampung, Wajib Kartu Corona 

      26.01.2022

      Walandi Resmi Pungkasi Lockdown 

      25.01.2022

      Walandi Longgaraken Lockdown, Horéca Tetep Tutup 

      14.01.2022
    • Jogja

      Tingalan Jumenengan Dalem

      12.03.2021

      Kraton Jogja Prèngeti 6 Jam Serangan Oemoem 1 Maret 1949

      02.03.2021

      Uyon-Uyon Hadiluhung Senèn Pon

      25.02.2021
    • Diplomasi
    • Internasional
    • Jaman Mbah Buyut
    Het Javaanse Blad
    Panjenengan maos:Javaans » Pangukuh Pranatan Walandi Kénging Ngagem Jilbab
    Den Haag

    Pangukuh Pranatan Walandi Kénging Ngagem Jilbab

    By Eddi Santosa12.11.20212 Mins Read
    Kawruh Kuthapraja Utrecht - Het Javaanse Blad
    Utrecht (Foto: Unsplash/Bart Achterhof)

    UTRECHT – Juru pangukuh lan pangawat-awat pranatan ing Walandi, presisipun kutháprájá Utrecht, wiwit mongsá bentèr taun ngajeng kénging nganggé jilbab utawi keppel (kopiah Yahudi) minongká bagéan seragam resmi.

    Utrecht dados kutháprájá ing Walandi ingkang kaping sepindhah njangkah dugi pranatan wau, makaten serat kabar Algemeen Dagblad kados kapethik Het Javaanse Blad dinten Jemuah (12/11).

    Miturut pranatan wekdal sapuniká, párá pangukuh pranatan kutháprájá ing Walandi boten kénging ngagem pasemon agami ingkang nyolok cethá kados jilbab utawi keppel (kopiah Yahudi, red). Nanging Déwan Kutháprájá Utrecht naliká rembagan dinten Kemis dalu (Jemuah énjing wekdal ing Jogja) mawi usul saking partai Denk netepaken badhé ngakhiri pranatan wau.

    Kanthi swanten paling kathah, partai-partai politik ing Déwan Kutháprájá dhawuh dumateng walikuthá Sharon Dijksma supados sampun ngetrapaken pranatan wau sadèrèngipun Mongsá Bentèr tahun ngajeng, 2022.

    Miturut pangarsá fraksi Denk Mahmut Sungur usulan pihakipun ingkang dipuntampi déning Déwan Kutháprájá wau minongká satunggaling samubarang ingkang fantastis. 

    “Kitá merloaken langkung kathah pangukuh pranatan, kanthi cárá makaten kanggé tiyang-tiyang kanthi latar wingking migrasi pakaryan wau dados saget kacepeng langkung sae. Kejawi makaten minongká kutháprájá kitá gadhah gegayuhan rupi-rupi personel. Dados saé sanget bilih kitá jebul ingkang paling majeng ing Walandi. Kanthi makaten kitá sampun maringi tuládhá sáhá nyepeng kendali pangowahan masyarakat,” makaten Mahmut Sungur.

    Mawi pranatan wau partai Denk ngarsaaken saget maringi wisik dumateng párá mitrá kutháprájá sanèsipun kados pulisi. Párá pangarsá kapulisian Amsterdam sadèrèngipun ing tahun 2017 sampun naté tetimbangan badhé ngidini párá punggawanipun ngagem jilbab minongká bagéan seragam resmi. Nanging rencáná wau wekdal semanten pikantuk tentangan saking kalangan pulisi piyambak lan politik ing mriká, saénggá rencáná wau mlebet laci malih.

    Wonten ing kalangan pulisi jebul nganggé jilbab taksih tabu, sarèhning seragam kados pripun mawon kedah tetep seragam, lan pasemon agami dipunpirsani saget ngrisak citra netral pulisi. Padhahal wonten ing negari-negari sanèsipun wiwit dangu sampun biasa párá punggáwá kénging ngagem pasemon agami kados jilbab, antawisipun ing Amérika, Kanada, Inggris, Australia, Irlandia, lan Singapura.

    Share. Facebook Twitter WhatsApp Email Telegram
    Previous ArticleCorona Muntab Malih, Walandi Semi Lockdown
    Next Article Walandi Netepaken Pranatan Énggal Corona
    Add A Comment

    Comments are closed.

    Nembé Mlebet
    • Pajek Gendhis Awit Januari 2024
    • Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung
    • PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi
    • ‘Marikangen’ Rokok Top Priyantun Solo
    • NATO Ngadhepi Kasunyatan Jaman, Genjot Anggaran
    Pacelathon Énggal
      • Facebook
      • Twitter
      • Instagram
      • Pinterest
      Waosanipun Bongsá Jawi
      Paling Kathah Dipunwaos

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung

      PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi

      Jaman Mbah Buyut
      Atur Sapálá
      Atur Sapálá

      Básá Jawi, utaminipun krámá madyá lan krámá inggil, dinten sapuniká sampun awis-awis dipunginaaken malih, tur sangsáyá udhar.

      Copyright © 2021 Het Javaanse Blad

      Facebook X (Twitter) Instagram LinkedIn VKontakte

      Type above and press Enter to search. Press Esc to cancel.