Close Menu
Het Javaanse Blad
    Facebook X (Twitter) Instagram
    Het Javaanse Blad
    • Pendápá
    • Atur Sapálá
    • Kraton

      Putri Ingrid Ambal Warsá Kaping 18

      19.06.2022

      Ngarsá Dalem Ngaturi Galadiner Korps Diplomatik

      13.06.2022

      Putri Beatrix Paring Anugerah Anyelir Pérak

      10.06.2022

      Ratu Máxima – Presidèn ECB Rembag Bebrayan

      09.06.2022

      Kraton Noordeinde Bika Malih Kanggé Publik

      08.06.2022
    • Den Haag

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      01.12.2023

      Rokok ing Walandi Bakal Rp 620.440 Sawungkus 

      02.06.2022

      Lockdown Rampung, Wajib Kartu Corona 

      26.01.2022

      Walandi Resmi Pungkasi Lockdown 

      25.01.2022

      Walandi Longgaraken Lockdown, Horéca Tetep Tutup 

      14.01.2022
    • Jogja

      Tingalan Jumenengan Dalem

      12.03.2021

      Kraton Jogja Prèngeti 6 Jam Serangan Oemoem 1 Maret 1949

      02.03.2021

      Uyon-Uyon Hadiluhung Senèn Pon

      25.02.2021
    • Diplomasi
    • Internasional
    • Jaman Mbah Buyut
    Het Javaanse Blad
    Panjenengan maos:Javaans » Papréntahan Énggal, Langkung Nemen
    Den Haag

    Papréntahan Énggal, Langkung Nemen

    By Eddi Santosa05.11.20212 Mins Read
    Femke Halsema - Het Javaanse Blad
    Walikuthá Amsterdam Ibu Femke Halsema (Foto: Kutháprájá Amsterdam/Tom Feenstra, rechtenvrij)

    AMSTERDAM – Nembé ngraosaken kamardhikan gesang normal, kabinèt demisionèr netepaken papréntahan énggal: wiwit dinten Setu 6/11 wajib nganggé masker malih.

    Papréntahan énggal wau kados dipuntampi Het Javaanse Blad saking serat pawartá kutháprájá Amsterdam kanthi cekak aos makaten:

    Masker

    Wajib nganggé masker tumrap sinten kémawon wiwit yuswá 13 taun naliká: nitih waháná umum utawi mlebet stasiun/terminal/bandara, pabukon, kantor, supermarket, toko, kapsalon, sekolah tengahan dugi sekolah inggil lan universitas, kejawi jam kuliah.

    Wonten ing panggénan-panggénan ingkang mlebet mriku kedah nedhahaken kode QR utawi kartu Corona boten wajib nganggé masker.

    Kartu Corona

    Kartu Corona wiwit dinten Setu, 11 November 2021 ugi wajib ing:

    • téras njawi horéca (wiwit yuswá 13 taun),
    • mlebet taman olahrágá, lapangan olahrágá, gedhong olahrágá (wiwit 18 taun),
    • latihan seni sareng-sareng kados lès musik, lès nggambar, gladi resik koor, tantun lan tonil (wiwit 18 taun).

    Kartu Corona sapuniká sampun wajib ing horéca (hotèl, restoran, café), casino, tandhing olahrágá, bioskop lan tonil. Kartu Corona boten wajib wonten ing panggaotan párá enèm dugi yuswá 18 taun.

    MSG

    Wiwit dinten sapuniká dipunaturi makaryá saking griyá (MSG) kados sawaunipun, paling kirang sepalih (50%) saking wekdal makaryá. Éwodènten pirembug kanggé lelampahan domèstik: éndani wekdal ramé lan wekdal pepeg kathah tiyang.

    Aturan Dhasar

    Tetep ngugemi aturan dhasar: njagi let 1,5 meter, langkung asring nyuci astá, ampun salaman, wahing lan watuk tutupi nganggé lengen/siku, lan ventilasi ingkang saé.

    Menawi pikantuk gejala, énggal tès ten GGD (ugi menawi panjenengan sampun pikantuk vaksin). Menawi kasilipun tès jebul positif, pramilá swa karantina lan ampun kontak sinten kémawon (ugi menawi piyambakipun sampun pikantuk vaksin).

    Share. Facebook Twitter WhatsApp Email Telegram
    Previous ArticleStasiun Maastricht, 105 Tahun Nembé Reresmèn
    Next Article Ngarsá Dalem Angresmiaken Depot Boijmans Van Beuningen
    Add A Comment

    Comments are closed.

    Nembé Mlebet
    • Pajek Gendhis Awit Januari 2024
    • Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung
    • PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi
    • ‘Marikangen’ Rokok Top Priyantun Solo
    • NATO Ngadhepi Kasunyatan Jaman, Genjot Anggaran
    Pacelathon Énggal
      • Facebook
      • Twitter
      • Instagram
      • Pinterest
      Waosanipun Bongsá Jawi
      Paling Kathah Dipunwaos

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung

      PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi

      Jaman Mbah Buyut
      Atur Sapálá
      Atur Sapálá

      Básá Jawi, utaminipun krámá madyá lan krámá inggil, dinten sapuniká sampun awis-awis dipunginaaken malih, tur sangsáyá udhar.

      Copyright © 2021 Het Javaanse Blad

      Facebook X (Twitter) Instagram LinkedIn VKontakte

      Type above and press Enter to search. Press Esc to cancel.