Close Menu
Het Javaanse Blad
    Facebook X (Twitter) Instagram
    Het Javaanse Blad
    • Pendápá
    • Atur Sapálá
    • Kraton

      Putri Ingrid Ambal Warsá Kaping 18

      19.06.2022

      Ngarsá Dalem Ngaturi Galadiner Korps Diplomatik

      13.06.2022

      Putri Beatrix Paring Anugerah Anyelir Pérak

      10.06.2022

      Ratu Máxima – Presidèn ECB Rembag Bebrayan

      09.06.2022

      Kraton Noordeinde Bika Malih Kanggé Publik

      08.06.2022
    • Den Haag

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      01.12.2023

      Rokok ing Walandi Bakal Rp 620.440 Sawungkus 

      02.06.2022

      Lockdown Rampung, Wajib Kartu Corona 

      26.01.2022

      Walandi Resmi Pungkasi Lockdown 

      25.01.2022

      Walandi Longgaraken Lockdown, Horéca Tetep Tutup 

      14.01.2022
    • Jogja

      Tingalan Jumenengan Dalem

      12.03.2021

      Kraton Jogja Prèngeti 6 Jam Serangan Oemoem 1 Maret 1949

      02.03.2021

      Uyon-Uyon Hadiluhung Senèn Pon

      25.02.2021
    • Diplomasi
    • Internasional
    • Jaman Mbah Buyut
    Het Javaanse Blad
    Panjenengan maos:Javaans » Pasaréan Pangéran Philip, Meghan lan PM Johnson Boten Rawuh
    Internasional

    Pasaréan Pangéran Philip, Meghan lan PM Johnson Boten Rawuh

    By Eddi Santosa11.04.20212 Mins Read
    Meghan - Het Javaanse Blad
    credit: elle

    LONDON – Pasaréan Pangéran Philip, Haryápatih Edinburgh, garwanipun Ratu Elizabeth II, badhé dipuntindakaken ing St George’s Chapel, Windsor, mangké dinten Setu, 17 April, jam 15.00, makaten Kraton Buckingham, kapethik énjing puniká, Setu (11/4/2021).

    Dipunwiwiti jam 15.00 kanthi hening ciptá, lajeng upácárá pasaréan wonten dalem St. George’s Chapel ing Kastil Windsor. Pasaréan puniká boten pasaréan kanegaran, sarèhning Pangéran Philip piyambak boten kersá. Párá wargi ugi boten saget ndhèrèk mirsani.

    Cacahipun dayoh ingkang badhé rawuh namung 30, netepi protokol Corona ing Inggris. Kraton Buckingham ugi wanti-wanti bilih párá rawuh sadangunipun upácárá nyaréaken Pangéran Philip kedah ngugemi protokol wau, ingkang tegesipun kaluargi Kraton piyambak ugi badhé ngagem masker.  

    Pangéran Philip - Het Javaanse Blad
    Pangéran Philip (royal.uk)

    Sawetawis Perdana Menteri Boris Johnson sampun mbáyáwáráaken bilih piyambakipun boten badhé tindak dateng Kastil Windsor ngrawuhi pasaréan Pangéran Philip, supados panggénanipun saget dipunaturaken kanggé kaluargi Kraton sanèsipun.

    Éwodéné Gusti Kanjeng Ratu Elizabeth II sampun netepaken dinten belásungkáwá nasional dugi panyaréan Pangéran Philip samangké. Kaluargi Kraton piyambak badhé nindakaken wekdal belásungkáwá kalih minggu dangunipun.

    Kraton Buckingham sampun mesthèaken bilih Pangéran Harry, putu wayahipun Pangéran Philip, bakal rawuh, sawetawis garwanipun nggih puniká Meghan Markle, ingkang taksih ngandhut laré nomer kalih, tetep lenggah ing Amerika. Kadosipun Meghan pikantuk wanti-wanti saking dokter supados boten tindak.

    Share. Facebook Twitter WhatsApp Email Telegram
    Previous ArticleKabinèt nDhapuk Dutá Ageng
    Next Article Ramadan ing Walandi 13 April, 5 Pitakènan
    Add A Comment

    Comments are closed.

    Nembé Mlebet
    • Pajek Gendhis Awit Januari 2024
    • Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung
    • PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi
    • ‘Marikangen’ Rokok Top Priyantun Solo
    • NATO Ngadhepi Kasunyatan Jaman, Genjot Anggaran
    Pacelathon Énggal
      • Facebook
      • Twitter
      • Instagram
      • Pinterest
      Waosanipun Bongsá Jawi
      Paling Kathah Dipunwaos

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung

      PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi

      Jaman Mbah Buyut
      Atur Sapálá
      Atur Sapálá

      Básá Jawi, utaminipun krámá madyá lan krámá inggil, dinten sapuniká sampun awis-awis dipunginaaken malih, tur sangsáyá udhar.

      Copyright © 2021 Het Javaanse Blad

      Facebook X (Twitter) Instagram LinkedIn VKontakte

      Type above and press Enter to search. Press Esc to cancel.