PEKALONGAN – Dinten Setu kapungkur Déwan Kutháprájá Pekalongan ngawontenaken rapat umum, ingkang dipunrawuhi sedáyá anggota Déwan kejawi satunggal anggota ingkang absèn.
Salajengipun rapat ugi dipunrawuhi párá pejabat kabupatèn sáhá dirèksi Bank Algemeene Volkscrediet ing Pekalongan, tuwan Holtrop, kanggé maringi pirembug, makaten kados kapethik saking De Locomotief, dinten Senèn (6/5/1935).
Sasampunipun pinten-pinten agénda dipuntampi tanpá debat, lajeng dipunaturaken pirembug saking Déwan perkawis karsá pamréntah ingkang badhé mbibaraken kabupatèn Batang lajeng nggabungaken kaliyan kabupatèn Pekalongan. Pinten-pinten anggota Déwan lajeng ngaturaken pamanggihipun.
Ingkang paling sepindhah, Pangarsá Komisi (paleburan Batang-Pekalongan) tuwan M. Tjitrosoewarno pikantuk giliran ngendiká. Piyambakipun maringi katerangan langkung detil babagan lapuran ingkang dipunaturaken déning komisi, ngaturaken 3 garis ageng ingkang dados dhasaripun panelitèn komisi, inggih puniká: (1) pamanggih umum (saking pihak wargi), (2) kalenggahan bupati tumrap pamréntah lan wargi pribumi, (3) kahanan Batang piyambak.
Tuwan Tjitrosoewarno ngèlingaken bilih kabupatèn Batang sampun ngadeg 400 taun dangunipun, kalenggahan Bupati dipunterangaken kanthi detil, bilih jabatan Bupati sampun ngoyot jero tumrap párá kawulá pribumi. Bènten kalih jabatan sanèsipun ingkang gampil dipunbusek, kados ránggá, kliwon, l.s.p., Bupati puniká minongká kretek ingkang nyambungaken antawis kawulá lan pamrèntah. Bupati saget dipunanggep minongká “pusáká” ingkang tansah inggil kalenggahanipun ing paningalan párá kawulá.
Adhedhasar katerangan ingkang sampun dipunkempalaken ing dalem lapuran puniká, Komisi lajeng nampik pambubaran kabupatèn Batang.
Tuwan M. Kresno paring pakurmatan dumateng komisi ingkang sampun ngaturaken lapuran ingkang detil. Piyambakipun namung kagungan satunggal kritik babagan panyusunan lapuran. Miturut piyambakipun, komisi sayogyanipun kedah ngempalaken katerangan langkung énggal, ingkang saget nyegah mlebetipun kabupatèn Batang dateng Pekalongan, tuladhanipun saking paningalan geografis, ugi Déwan ing kalenggahanipun minongká badan otonom nembé badhé ngidini manawi lapuran puniká sampun dipunpirsani déning Komisi Batang.
Piyambakipun mantepaken bilih sedáyá wau puniká dados margi kanggé Déwan Kutháprájá Pekalongan ingkang sadèrèngipun sampun ngadhepi kaawratan saking pihak kabupatèn Pekalongan piyambak, ing perkawis mlebetipun Batang dateng Pekalongan.
Tuwan Soekarno ugi paring pakurmatan dumateng komisi, senaosá makaten piyambakipun menggalih bilih katerangan ingkang kaserat ing lapuran wau dèrèng saget dipunwastani cekap. Piyambakipun ngarsaaken ing lapuran wau dipuntambahaken pitakènan punápá bupati wilayah énggal samangké, ingkang wiyaripun badhé tikel kalih saking wilayah sapuniká, pancèn saguh nindakaken pamréntahan?
Tuwan Karjohatmodjo sáhá tuwan Mahler, kekalihipun anggota komisi, jejeg nyepengi pamanggih kados kaserat ing lapuran, éwodènten tuwan R. M. Soetarko sáhá tuwan R. Mohamad sarujuk kalih pamanggihipun tuwan M. Kresno.
Pinten-pinten pawicárá dipunwangsuli déning Pangarsá Komisi tuwan M. Tjitrosoewarno. Sasampunipun tuwan Pangarsá mirsani bilih wonten pamanggih ingkang benthèng-cèwèng tebih saking titik panggih, piyambakipun lajeng netepaken rapat dipunskors.
Sasampunipun dipunbika malih, komisi mawi tuwan M. Tjitrosoewarno ngaturaken advis bilih komisi tetep nyepengi advis nampik pambibaran kabupatèn Batang, nanging menawi pamréntah tetep mbibaraken kabupatèn Batang, pramilá boten wonten kaawratan wilayah Batang dipunlebetaken Pekalongan. Déwan kanthi aklamasi sarujuk saget nampi rancangan wau, lajeng kaputusan Déwan dipunsusun makaten:
Kaping sepindhah: nggetuni kanthi sanget bilih pamréntah karsá mbibaraken kabupatèn Batang lajeng mlebetaken dados satunggal dateng kabupatèn Pekalongan.
Kaping kalih: ngaturaken bilih manawi pambibaran puniká saget dipunlajengaken, saking tetimbangan praktis boten wonten kaawratan tumrap rancangan panggabungan wau.
Sasampunipun kaputusan puniká lajeng komisi dipunbibaraken kanthi ngaturaken matur nuwun dumateng sedáyá anggota komisi ingkang sampun tuhu makaryá. Tuwan M. Tjitrosoewarno sepindhah malih atas nami komisi ngaturaken matur nuwun dumateng tuwan Soempeno minongká sekretaris komisi. Salajengipun rapat dipuntutup.