Close Menu
Het Javaanse Blad
    Facebook X (Twitter) Instagram
    Het Javaanse Blad
    • Pendápá
    • Atur Sapálá
    • Kraton

      Putri Ingrid Ambal Warsá Kaping 18

      19.06.2022

      Ngarsá Dalem Ngaturi Galadiner Korps Diplomatik

      13.06.2022

      Putri Beatrix Paring Anugerah Anyelir Pérak

      10.06.2022

      Ratu Máxima – Presidèn ECB Rembag Bebrayan

      09.06.2022

      Kraton Noordeinde Bika Malih Kanggé Publik

      08.06.2022
    • Den Haag

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      01.12.2023

      Rokok ing Walandi Bakal Rp 620.440 Sawungkus 

      02.06.2022

      Lockdown Rampung, Wajib Kartu Corona 

      26.01.2022

      Walandi Resmi Pungkasi Lockdown 

      25.01.2022

      Walandi Longgaraken Lockdown, Horéca Tetep Tutup 

      14.01.2022
    • Jogja

      Tingalan Jumenengan Dalem

      12.03.2021

      Kraton Jogja Prèngeti 6 Jam Serangan Oemoem 1 Maret 1949

      02.03.2021

      Uyon-Uyon Hadiluhung Senèn Pon

      25.02.2021
    • Diplomasi
    • Internasional
    • Jaman Mbah Buyut
    Het Javaanse Blad
    Panjenengan maos:Javaans » Peperduur Saking Mricá, Awis Sanget 
    Jaman Mbah Buyut

    Peperduur Saking Mricá, Awis Sanget 

    By Eddi Santosa22.05.20222 Mins Read
    Klik Peperduur saking mricá!
    Peperduur saking mricá (armada © S. de Vlieger)

    DEN HAAG – Peperduur saking mricá. Sampun pirsá bilih ing Eropa jaman Abad Tengahan mricá (Piper nigrum) awis sanget, ugi naté dados alat bayar?

    Inggih dados alat bayar ingkang sah, antawisipun kanggé mbayar maskawin, pajek, dugi dol tinuku griyá, ugi langkung awis tinimbang emas-pérak.

    sawer = ulá (ngoko)

    Het Javaanse Blad

    Párá Ratu lan bandárá sami dhawuh dumateng prajurit supados njagi “emas cemeng” puniká siang dalu, ewodènten párá priyantun sugih biasa nyimpen ing sak busananipun, makaten kaserat ing Historianet.

    Mricá © unsplash/Callum Lewis

    Mricá lan Mitos

    Ugi wekdal semanten, jaman Abad 15, tiyang-tiyang Eropa menggalih bilih wiji ingkang saget kanggé bumbu lan obat puniká asalipun saking swargá.

    Malah Bartholomew nyerat ing ensiklopedia bilih wiji wau nèmpèl ing satunggaling wit, dipunjagi déning sawer. Naliká methik kedah mbakar wit wau rumiyin, supados sawer-sawer pejah utawi bibar.

    Saking awisipun ngantos dados tembung énggal ing Walandi: peperduur (peper = mricá, duur = awis), awis kados mricá, 1810, ngèngetaken jaman naliká wiji puniká awis sanget, saget kanggé alat bayar.

    Katrangan puniká kaserat déning P.A.F. van Veen lan N. van der Sijs, Etymologisch woordenboek: de herkomst van onze woorden, 2e druk, Van Dale Lexicografie, Utrecht/Antwerpen, 1997.

    Peperduur, 1802, awis sanget, minongká paribasan ingkang ngèngetaken wekdal naliká mricá awis sanget (Gids, Oct. 1902, kacá 104; W. Heyd-Raynaud, Histoire du commerce du Levant, Leipzig, 1885-1886, II, kácá 658).

    Lajeng antawis abad kaping 17 lan 18, párá juragan Eropa Amérika dados sugih sanget amargi mricá. Tuládhá ingkang misuwur inggih puniká juragan Amérika, Elihu Yale.

    Piyambakipun wiwit 1672 dados sugih sanget amargi wiji ajib wau. Yale lajeng nganggé artanipun antawisipun kanggé ndamel Yale University (1701), New Haven, Connecticut, AS (es/es).

    Share. Facebook Twitter WhatsApp Email Telegram
    Previous ArticleJawoh Seminggu 1940, Pekalongan Banjir
    Next Article GKR Máxima Ngrawuhi WEF Davos
    Add A Comment

    Comments are closed.

    Nembé Mlebet
    • Pajek Gendhis Awit Januari 2024
    • Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung
    • PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi
    • ‘Marikangen’ Rokok Top Priyantun Solo
    • NATO Ngadhepi Kasunyatan Jaman, Genjot Anggaran
    Pacelathon Énggal
      • Facebook
      • Twitter
      • Instagram
      • Pinterest
      Waosanipun Bongsá Jawi
      Paling Kathah Dipunwaos

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung

      PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi

      Jaman Mbah Buyut
      Atur Sapálá
      Atur Sapálá

      Básá Jawi, utaminipun krámá madyá lan krámá inggil, dinten sapuniká sampun awis-awis dipunginaaken malih, tur sangsáyá udhar.

      Copyright © 2021 Het Javaanse Blad

      Facebook X (Twitter) Instagram LinkedIn VKontakte

      Type above and press Enter to search. Press Esc to cancel.