Close Menu
Het Javaanse Blad
    Facebook X (Twitter) Instagram
    Het Javaanse Blad
    • Pendápá
    • Atur Sapálá
    • Kraton

      Putri Ingrid Ambal Warsá Kaping 18

      19.06.2022

      Ngarsá Dalem Ngaturi Galadiner Korps Diplomatik

      13.06.2022

      Putri Beatrix Paring Anugerah Anyelir Pérak

      10.06.2022

      Ratu Máxima – Presidèn ECB Rembag Bebrayan

      09.06.2022

      Kraton Noordeinde Bika Malih Kanggé Publik

      08.06.2022
    • Den Haag

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      01.12.2023

      Rokok ing Walandi Bakal Rp 620.440 Sawungkus 

      02.06.2022

      Lockdown Rampung, Wajib Kartu Corona 

      26.01.2022

      Walandi Resmi Pungkasi Lockdown 

      25.01.2022

      Walandi Longgaraken Lockdown, Horéca Tetep Tutup 

      14.01.2022
    • Jogja

      Tingalan Jumenengan Dalem

      12.03.2021

      Kraton Jogja Prèngeti 6 Jam Serangan Oemoem 1 Maret 1949

      02.03.2021

      Uyon-Uyon Hadiluhung Senèn Pon

      25.02.2021
    • Diplomasi
    • Internasional
    • Jaman Mbah Buyut
    Het Javaanse Blad
    Panjenengan maos:Javaans » PM Rutte Tuwi Yunani, Albania, Macedonia
    Diplomasi

    PM Rutte Tuwi Yunani, Albania, Macedonia

    By Eddi Santosa06.11.20212 Mins Read
    Mark Rutte voor Rijksoverheid.nl
    Mark Rutte, Minister-President, Minister van Algemene Zaken

    DEN HAAG – Perdana Menteri Mark Rutte tuwi dateng Yunani, Albania, sáhá Macedonia-Lèr, dinten Selásá-Rebo (9-10/11).

    Dinten Selásá PM Rutte badhé rawuh ing Yunani rembugan kaliyan PM Mitsotakis antawisipun babagan gegayutan bilateral antawis nagari kekalih, iklim, migrasi, sáhá pananggulangan pagebluk virus Corona, makaten serat pawartá Rijksvoorlichtingsdienst ingkang dipuntampi Het Javaanse Blad, dinten Jemuah (5/11).

    PM Rutte sareng PM Mitsotakis ugi badhé ngrembug rencáná tuwi kanegaran déning Ngarsá Dalem Rájá Willem-Alexander lan Gusti Kanjeng Ratu Máxima mangké dinten Senèn dugi Rebo (13-15 Desèmber 2021). Tuwi kanegaran puniká badhé dipunpungkasi mawi pasegahan resmi.

    Salajengipun dinten Rebo, 10 november PM Rutte badhé tuwi dateng Albania, antawisipun badhé rembugan kaliyan párá wakil kalangan manengah, dipundhèrèkaken upácárá panembrámá nyambut rawuhipun déning PM Rama. 

    Salebeting pasegahan dhahar siang kekalih pangarsá, PM Rutte – PM Rama antawisipun badhé ngrembug babagan gegayutan bilateral ingkang saé antawis Walandi – Albania, gotong royong Eropa, makaryá sareng ing babagan kapulisian, yustisi, bebangun wilayah, sáhá makaryá sareng ing NATO.

    Minongká pungkasan, PM Rutte langsung nglajengaken tuwi dateng Macedonia-Lèr, antawisipun badhé rembugan kaliyan párá wakil taruná saking kalangan manengah. Tuwi puniká dipuntutup mawi pasegahan dhahar dalu resmi, ing mriku PM Rutte – PM Zaev ngrembug babagan gegayutan Walandi – Macedonia-Lèr, makaryá sareng tingkat Eropa, bebangun wilayah, sáhá makaryá sareng ing NATO.

    Mark Rutte, lair ing Den Haag, 14 Februari 1967, puniká politikus Walandi pangarsá partai Volkspartij voor Vrijheid en Democratie/VVD (Partai Rakyat kanggé Kamardhikan lan Démokrasi) ingkang paling dangu sasampunipun PM Ruud Lubbers jumeneng dados Perdana Menteri wiwit 14 Oktober 2010.

    Senaosá sampun ngastá Perdana Menteri, nanging Mark Rutte wiwit Sèptèmber 2006 tetep dados guru mulang dateng SMA Johan de Witt – Zusterstraat en Hooftskade ing kuthá Den Haag (sadèrèngipun Johan de Witt Scholengroep – Varias College), ngastá pelajaran Maatschappijleer (Ilmu Sosial).

    Rutte puniká putrá ragil saking Izaac Rutte (1909-1988) lan Mieke Dilling (1923-2020). Izaac, bapakipun Rutte, naliká jaman Indiya-Walandi (sapuniká Indonesia) naté makaryá dados wakil lajeng dirèktur perusahaan dagang. Éwodènten ibunipun Rutte, Mieke Dilling, inggih puniká putrinipun mandor Heidemaatschappij. Naliká taun 1950-an kaluargi puniká kundur malih dateng Walandi, sarèhning Présidèn Soekarno nindakaken nasionalisasi sedáyá perusahaan Walandi.

    Share. Facebook Twitter WhatsApp Email Telegram
    Previous ArticleGusti Kanjeng Ratu Máxima Tuwi Kriyá KTT G20
    Next Article Raad van State, Putri Oranje Dipuntepangaken
    Add A Comment

    Comments are closed.

    Nembé Mlebet
    • Pajek Gendhis Awit Januari 2024
    • Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung
    • PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi
    • ‘Marikangen’ Rokok Top Priyantun Solo
    • NATO Ngadhepi Kasunyatan Jaman, Genjot Anggaran
    Pacelathon Énggal
      • Facebook
      • Twitter
      • Instagram
      • Pinterest
      Waosanipun Bongsá Jawi
      Paling Kathah Dipunwaos

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung

      PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi

      Jaman Mbah Buyut
      Atur Sapálá
      Atur Sapálá

      Básá Jawi, utaminipun krámá madyá lan krámá inggil, dinten sapuniká sampun awis-awis dipunginaaken malih, tur sangsáyá udhar.

      Copyright © 2021 Het Javaanse Blad

      Facebook X (Twitter) Instagram LinkedIn VKontakte

      Type above and press Enter to search. Press Esc to cancel.