Close Menu
Het Javaanse Blad
    Facebook X (Twitter) Instagram
    Het Javaanse Blad
    • Pendápá
    • Atur Sapálá
    • Kraton

      Putri Ingrid Ambal Warsá Kaping 18

      19.06.2022

      Ngarsá Dalem Ngaturi Galadiner Korps Diplomatik

      13.06.2022

      Putri Beatrix Paring Anugerah Anyelir Pérak

      10.06.2022

      Ratu Máxima – Presidèn ECB Rembag Bebrayan

      09.06.2022

      Kraton Noordeinde Bika Malih Kanggé Publik

      08.06.2022
    • Den Haag

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      01.12.2023

      Rokok ing Walandi Bakal Rp 620.440 Sawungkus 

      02.06.2022

      Lockdown Rampung, Wajib Kartu Corona 

      26.01.2022

      Walandi Resmi Pungkasi Lockdown 

      25.01.2022

      Walandi Longgaraken Lockdown, Horéca Tetep Tutup 

      14.01.2022
    • Jogja

      Tingalan Jumenengan Dalem

      12.03.2021

      Kraton Jogja Prèngeti 6 Jam Serangan Oemoem 1 Maret 1949

      02.03.2021

      Uyon-Uyon Hadiluhung Senèn Pon

      25.02.2021
    • Diplomasi
    • Internasional
    • Jaman Mbah Buyut
    Het Javaanse Blad
    Panjenengan maos:Javaans » PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi
    Diplomasi

    PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi

    By Eddi Santosa12.07.20222 Mins Read
    Klik PM Walandi tuwi Zelensky!
    PM Walandi tuwi Zelensky © Minpres

    DEN HAAG – PM Walandi Mark Rutte tuwi dateng Ukraina, sasampunipun Presidèn Jokowi. Minongká sokongan tumrap Presidèn Volodymyr Zelensky sáhá kawulá Ukraina.

    Puniká tuwi PM Rutte ingkang kaping sapindhah sasampunipun invasi Rusia, Ferbuari kapungkur. Piyambakipun rawuh ing Kyev dinten Senèn, suryá kaping 11 Juli 2022.

    “Piyambakipun mawi tuwi puniká ngaturaken dukungan dumateng kawulá Ukraina sáhá pamréntahan Presidèn Zelensky, ingkang wekdal siangipun karsá ngendikan bilateral,” makaten siaran RTL Nieuws.

    Miturut Rutte, mirsani foto-foto ugi damel prihatin, nanging sasampunipun rawuh piyambak ing mriká, nembé saget ngraosaken pripun akibatipun perang.

    “Anyaksèni kahanan ancur, párá kawulá ingkang kapeksan ngungsi nilaraken sedayanipun, sedáyá wau namung saget dipunraosaken menawi rawuh piyambak mriki,” makaten Rutte.

    Taksih miturut Rutte, piyambakipun ing mriká ugi ngamat-ngamati kados punápá wigatosipun Barat lan Walandi mbiyantu Ukraina.

    “Puniká urusan bebudèn, urusan ingkang kitá bélani,” imbuh Rutte, PM Walandi saking VVD.

    Kajawi Kyev, Rutte ugi tuwi dateng kuthá-kuthá Borodjanka, Boetsja sáhá Irpin. Piyambakipun sasampunipun ngendikan sareng Presidèn Zelensky badhé maringi konferènsi pèrs.

    Ngendikan Rutte-Zelensky antawisipun ngrembag sokongan Walandi tumrap Ukraina. Dugi sapuniká Walandi sampun mbiyantu 172 juta euro arupi piranti militer kanggé Ukraina.

    Párá pangarsá Eropa sanèsipun sadèrèngipun sampun tuwi mriki, kadostá Presidèn Emmanuel Macron (Prancis), PM Boris Johnson (Inggris) tuwin Ursula von der Leyen (Komisi Eropa). 

    Share. Facebook Twitter WhatsApp Email Telegram
    Previous Article‘Marikangen’ Rokok Top Priyantun Solo
    Next Article Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung
    Add A Comment

    Comments are closed.

    Nembé Mlebet
    • Pajek Gendhis Awit Januari 2024
    • Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung
    • PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi
    • ‘Marikangen’ Rokok Top Priyantun Solo
    • NATO Ngadhepi Kasunyatan Jaman, Genjot Anggaran
    Pacelathon Énggal
      • Facebook
      • Twitter
      • Instagram
      • Pinterest
      Waosanipun Bongsá Jawi
      Paling Kathah Dipunwaos

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung

      PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi

      Jaman Mbah Buyut
      Atur Sapálá
      Atur Sapálá

      Básá Jawi, utaminipun krámá madyá lan krámá inggil, dinten sapuniká sampun awis-awis dipunginaaken malih, tur sangsáyá udhar.

      Copyright © 2021 Het Javaanse Blad

      Facebook X (Twitter) Instagram LinkedIn VKontakte

      Type above and press Enter to search. Press Esc to cancel.