Close Menu
Het Javaanse Blad
    Facebook X (Twitter) Instagram
    Het Javaanse Blad
    • Pendápá
    • Atur Sapálá
    • Kraton

      Putri Ingrid Ambal Warsá Kaping 18

      19.06.2022

      Ngarsá Dalem Ngaturi Galadiner Korps Diplomatik

      13.06.2022

      Putri Beatrix Paring Anugerah Anyelir Pérak

      10.06.2022

      Ratu Máxima – Presidèn ECB Rembag Bebrayan

      09.06.2022

      Kraton Noordeinde Bika Malih Kanggé Publik

      08.06.2022
    • Den Haag

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      01.12.2023

      Rokok ing Walandi Bakal Rp 620.440 Sawungkus 

      02.06.2022

      Lockdown Rampung, Wajib Kartu Corona 

      26.01.2022

      Walandi Resmi Pungkasi Lockdown 

      25.01.2022

      Walandi Longgaraken Lockdown, Horéca Tetep Tutup 

      14.01.2022
    • Jogja

      Tingalan Jumenengan Dalem

      12.03.2021

      Kraton Jogja Prèngeti 6 Jam Serangan Oemoem 1 Maret 1949

      02.03.2021

      Uyon-Uyon Hadiluhung Senèn Pon

      25.02.2021
    • Diplomasi
    • Internasional
    • Jaman Mbah Buyut
    Het Javaanse Blad
    Panjenengan maos:Javaans » Poep Séhat Miturut ‘Dokter Poep’ Gottenbos
    Internasional

    Poep Séhat Miturut ‘Dokter Poep’ Gottenbos

    By Eddi Santosa10.10.20212 Mins Read
    Foto: Unsplash/Engin Akyurt

    DEN HAAG – Poep ingkang kados pundi ingkang séhat? ‘Dokter poep’ Nienke Gottenbos (39) andum kawruh saénggá sinten kémawon saget pikantuk poep ingkang ‘sampurná’.

    Satunggaling tiyang saget saben dinten ‘tindak wingking’ (toilet), tiyang sanèsipun namung kalih dinten sepindhah. Sedáyá wau wonten kaitanipun kalih spijsvertering utawi ‘pangluluhing dhaharan’ (Indonesia: pencernaan makanan) ingkang boten sami antawisipun tiyang.

    Lajeng kados pundi poep ingkang sampurná? Kados kotoran truwèlu, kados sup kacang tálá punápá kados sambel kacang?

    “Poep ingkang langkung kitá kersaaken inggih puniká kados rupi sosis ingkang boten mbetahaken tisu satunggal rol kanggé ngresikaken, ingkang boten ngambang nanging langsung ambles katut toyá lan boten lèngkèt ing toilèt,” ngendiká Nienke Gottenbos kapethik saking Algemeen Dagblad dinten Ngahad (10/10).

    Miturut Gottenbos, kados dipunjlèntrèhaken ing bukunipun ingkang bestseller (laris) De Poepdokter: Gezond van Mond tot Kont (Dokter Poep: Séhat Saking Tutuk Dugi Wingking, red) sedáyá faktor wau mertandhani kahanan ing usus.

    “Menawi poep tetep ngambang, puniká tándhá kekathahen gas ing usus. Kirang ngunjuk, kirang serat, sáhá kirang vèt (lemak) ing dhaharan saget ndadosaken bebelen. Menawi poep tetep lèngkèt, panjenengan kedah ngosèk toilèt nganggé sikat puniká saget mertandhani bilih pangluluhing vèt lan gluten boten saé. Menawi panjenengan tansah kedah ngusap nganggé tisu, tansah kraos dèrèng resik, puniká tándhá boten cekap enzim kanggé ngluluhaken dhaharan kanthi saé,” makaten Gottenbos.

    Lajeng ambetipun puniká pratándhá punápá? “Gadhahanipun kulá piyambak ugi boten tansah ambet wangi sekar, nanging menawi ambet zat kimia puniká cethá bilih pangluluhing protein boten bèrès,” imbuh Gottenbos.

    Miturut Gottenbos, supados saget pikantuk poep ingkang saé puniká gabungan saking pinten-pinten faktor.

    “Gerak badan, strès, pangan, sedáyá wau nggadhahi pengaruh. Wonten ing buku kulá sampun kulá jlèntrèhaken pripun caranipun usus makaryá, sayur-mayur punápá kémawon ingkang saé kanggé pangluluhing dhaharan, lan dhaharan punápá kémawon ingkang langkung kathah kedah kitá dhahar. Nanging ugi: pripun sikap ingkang paling saé naliká lenggah ing toilèt. Puniká sanès kados kitá umumipun sapuniká lenggah. Ingkang paling saé alamiah inggih puniká lenggah ndhodhok,” makaten Gottenbos.

    Share. Facebook Twitter WhatsApp Email Telegram
    Previous ArticleDen Haag Setop Réklame Produk Fosil
    Next Article 6 Pitedhah Emas Saking Gottenbos
    Add A Comment

    Comments are closed.

    Nembé Mlebet
    • Pajek Gendhis Awit Januari 2024
    • Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung
    • PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi
    • ‘Marikangen’ Rokok Top Priyantun Solo
    • NATO Ngadhepi Kasunyatan Jaman, Genjot Anggaran
    Pacelathon Énggal
      • Facebook
      • Twitter
      • Instagram
      • Pinterest
      Waosanipun Bongsá Jawi
      Paling Kathah Dipunwaos

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung

      PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi

      Jaman Mbah Buyut
      Atur Sapálá
      Atur Sapálá

      Básá Jawi, utaminipun krámá madyá lan krámá inggil, dinten sapuniká sampun awis-awis dipunginaaken malih, tur sangsáyá udhar.

      Copyright © 2021 Het Javaanse Blad

      Facebook X (Twitter) Instagram LinkedIn VKontakte

      Type above and press Enter to search. Press Esc to cancel.