Close Menu
Het Javaanse Blad
    Facebook X (Twitter) Instagram
    Het Javaanse Blad
    • Pendápá
    • Atur Sapálá
    • Kraton

      Putri Ingrid Ambal Warsá Kaping 18

      19.06.2022

      Ngarsá Dalem Ngaturi Galadiner Korps Diplomatik

      13.06.2022

      Putri Beatrix Paring Anugerah Anyelir Pérak

      10.06.2022

      Ratu Máxima – Presidèn ECB Rembag Bebrayan

      09.06.2022

      Kraton Noordeinde Bika Malih Kanggé Publik

      08.06.2022
    • Den Haag

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      01.12.2023

      Rokok ing Walandi Bakal Rp 620.440 Sawungkus 

      02.06.2022

      Lockdown Rampung, Wajib Kartu Corona 

      26.01.2022

      Walandi Resmi Pungkasi Lockdown 

      25.01.2022

      Walandi Longgaraken Lockdown, Horéca Tetep Tutup 

      14.01.2022
    • Jogja

      Tingalan Jumenengan Dalem

      12.03.2021

      Kraton Jogja Prèngeti 6 Jam Serangan Oemoem 1 Maret 1949

      02.03.2021

      Uyon-Uyon Hadiluhung Senèn Pon

      25.02.2021
    • Diplomasi
    • Internasional
    • Jaman Mbah Buyut
    Het Javaanse Blad
    Panjenengan maos:Javaans » Prof. Peppelenbosch: Siyam Saé Kanggé Ati Sáhá Usus
    Internasional

    Prof. Peppelenbosch: Siyam Saé Kanggé Ati Sáhá Usus

    By Eddi Santosa14.04.20212 Mins Read

    ROTTERDAM – Siyam saé kanggé ati sáhá usus. Saking saénipun saénggá Guru Besar Penyakit Waduk, Usus, lan Ati ing Erasmus MC Rotterdam Prof. Maikel Peppelenbosch mrayogéaken supados nilaraken dhahar siang.

    “Sarèhning langkung dangu let antawis wekdal dhahar, ndadosaken flora usus langkung saé lan panjenengan ugi ngraos langkung sekécá,” makaten ngendikanipun Prof. Maikel Peppelenbosch kados kapethik saking Algemeen Dagblad, Rebo (14/4/2021).

    Kanggé jutaan umat Muslim sajagad sampun mlebet Ramadan, satunggaling sasi ing mriku piyambakipun boten dhahar sáhá boten ngunjuk, wiwit fajar dugi srengéngé ambles. Nanging punápá mawon paédahipun tumrap keséhatan menawi boten dhahar sedintenan?

    Taun-taun ingkang kapengker párá peneliti sampun ngupados kanggé mangsuli pitakènan wau. Piyambakipun neliti flora usus tiyang ingkang siyam Ramadan lajeng mbandhingaken kalih dinten-dinten biasa naliká piyambakipun dhahar normal. Prof. Maikel Peppelenbosch mbabaraken kasilipun penelitian wau ing majalah The American Journal of Clinical Nutrition dinten puniká.

    Piyambakipun nyimpulaken bilih siyam saé kanggé usus lan ati. Pripun saget makaten? Sarèhning usus dangu boten ngolah dhaharan, lajeng wonten wekdal cekap kanggé bakteri-bakteri saé ingkang ndamel asem gajih. Ugi salirá pikantuk tengárá bilih gajih kedah dipunlunturaken. Bakteri-bakteri wau lajeng nindakaken supados salirá nglunturaken gajih ing ati.

    Prof. Peppelenbosch (Erasmus Magazine)

    “Kanthi ngirangi asring dhahar, ndadosaken langkung kathah bakteri ingkang saé ing usus. Menawi flora usus langkung saé, panjenengan ugi ngraos langkung saé,” makaten Peppelenbosch.

    Puniká boten namung kanggé tiyang-tiyang ingkang kelemon. “Tiyang-tiyang ingkang langsing ugi saget kagungan ati ingkang kathah gajih, tuladhanipun nggih puniká tiyang-yiyang ingkang kathah ngunjuk alkohol.”

    Kasilipun penelitian wau dados jalaran Prof. Maikel Peppelenbosch boten dhahar siang malih. “Kulá saget maringi pitutur monggo makaten. Senaosá sebagéan tiyang bakal pikantuk gangguan kadar gendhis ing rahipun. Sampun saget nulung menawi dhahar siang dipunundur upaminipun dugi jam 15.00, nanging sebagéan tiyang (ingkang gerah diabét) kedah nggatosaken kadar gendhisipun,” makaten Prof. Maikel Peppelenbosch minongká pangarsá tim peneliti.

    Senaosá makaten, Prof. Peppelenbosch ngendiká kasilipun penelitian puniká boten lajeng maringi teges bilih mligi siyam mawon saé kanggé keséhatan. Wonten risiko dehidrasi. Kejawi makaten ugi saget semaput menawi kirang dhahar. Ugi paedah kanggé usus bakal ical menawi dhahar normal malih.

    Share. Facebook Twitter WhatsApp Email Telegram
    Previous ArticleMarianne Vorthoren Mlebet Islam Jalaran Adzan
    Next Article Walandi Dèrèng Badhé Nglonggaraken Lockdown
    Add A Comment

    Comments are closed.

    Nembé Mlebet
    • Pajek Gendhis Awit Januari 2024
    • Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung
    • PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi
    • ‘Marikangen’ Rokok Top Priyantun Solo
    • NATO Ngadhepi Kasunyatan Jaman, Genjot Anggaran
    Pacelathon Énggal
      • Facebook
      • Twitter
      • Instagram
      • Pinterest
      Waosanipun Bongsá Jawi
      Paling Kathah Dipunwaos

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung

      PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi

      Jaman Mbah Buyut
      Atur Sapálá
      Atur Sapálá

      Básá Jawi, utaminipun krámá madyá lan krámá inggil, dinten sapuniká sampun awis-awis dipunginaaken malih, tur sangsáyá udhar.

      Copyright © 2021 Het Javaanse Blad

      Facebook X (Twitter) Instagram LinkedIn VKontakte

      Type above and press Enter to search. Press Esc to cancel.