Close Menu
Het Javaanse Blad
    Facebook X (Twitter) Instagram
    Het Javaanse Blad
    • Pendápá
    • Atur Sapálá
    • Kraton

      Putri Ingrid Ambal Warsá Kaping 18

      19.06.2022

      Ngarsá Dalem Ngaturi Galadiner Korps Diplomatik

      13.06.2022

      Putri Beatrix Paring Anugerah Anyelir Pérak

      10.06.2022

      Ratu Máxima – Presidèn ECB Rembag Bebrayan

      09.06.2022

      Kraton Noordeinde Bika Malih Kanggé Publik

      08.06.2022
    • Den Haag

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      01.12.2023

      Rokok ing Walandi Bakal Rp 620.440 Sawungkus 

      02.06.2022

      Lockdown Rampung, Wajib Kartu Corona 

      26.01.2022

      Walandi Resmi Pungkasi Lockdown 

      25.01.2022

      Walandi Longgaraken Lockdown, Horéca Tetep Tutup 

      14.01.2022
    • Jogja

      Tingalan Jumenengan Dalem

      12.03.2021

      Kraton Jogja Prèngeti 6 Jam Serangan Oemoem 1 Maret 1949

      02.03.2021

      Uyon-Uyon Hadiluhung Senèn Pon

      25.02.2021
    • Diplomasi
    • Internasional
    • Jaman Mbah Buyut
    Het Javaanse Blad
    Panjenengan maos:Javaans » Punápá Kitá Saben Dinten Kedah Mlampah 10.000 Jangkah?
    Internasional

    Punápá Kitá Saben Dinten Kedah Mlampah 10.000 Jangkah?

    By Eddi Santosa14.05.20212 Mins Read
    Mlampah - Het Javaanse Blad
    Mlampah 10.000 jangkah (Unsplash)

    GHENT – Miturut Prof. Dr. Wim Derave saget nyegah 25 penyakit, antawisipun kanker, jantung, stroke, kolèsterol inggil, dugi diabetes tipe II. 

    Manungsá saben dinten paling kirang kedah mlampah 10.000 jangkah. Sasampunipun nyimak kuliahipun Prof. Dr. Wim Derave (Faculty of Medicine and Health Sciences, University of Ghent) puniká panjenengan boten namung karsá mlampah 10.000 jangkah, nanging 15.000 jangkah!

    Kuliah Prof. Derave: 10.000 jangkah saben dinten

    Bilih kitá saben dinten kedah gerak puniká boten namung kanggé mbakar kalori lan njagi kondisi, nanging taksih wonten kathah manfaat sanèsipun ingkang langkung wigatos tinimbang kalori lan kondisi. Punápá?

    mlampah saben dinten 10.000 jangkah saget nyegah kanker, jantung, stroke, kolèsterol inggil, dugi diabetes tipe II

    Prof. Dr. W. Derave
    Kathah mlampah (Unsplash)

    Miturut Prof. Derave, saking pinten-pinten panelitèn kasilipun cethá bilih gerak badan boten namung saget ngreksá langkung saking 25 jinis penyakit, antawisipun kanker, nanging ugi ngirangi risiko pikantuk penyakit kronis kados penyakit kardiovaskulèr (jantung, pambuluh rah, stroke), kolèsterol inggil, lan diabétés tipe II. 

    Kanthi teratur gerak badan panjenengan saget ngirangi risiko pikantuk penyakit-penyakit  wau dugi 50% utawi langkung kathah malih.

    naliká gerak otot-otot ngeculaken zat-zat katemtu, antawisipun myokine

    Prof. Dr. W. Derave

    Dados pola gesang aktif puniká saget ndamel gesang langkung dangu. Gerak badan pancèn boten saget maringi kitá gesang sadangu-dangunipun, nanging nggadhahi èfèk saé tumrap prakiraan yuswá kitá ngantos 4 taun langkung dowi.

    Kados pundi gerak badan saget ngreksá kitá? Miturut Prof. Derave, naliká kitá gerak puniká otot-otot kitá ngeculaken zat-zat katemtu. Zat-zat wau antawisipun myokine ingkang kalebet zat hormon. Myokine puniká mlebet dateng rah, lajeng kanthi makaten nglindhungi organ-organ sanèsipun. Zat-zat myokine puniká nggadhahi èfèk saget ngerèm tuwuhipun kanker, ugi ndorong pandamelan sèl-sèl utek.

    gesang aktif saget ndamel yuswá langkung dangu

    Prof. Dr. W. Derave

    Masalah ageng inggih puniká bilih minongká akibat saking revolusi indutri lan revolusi digital kitá dados langkung sakedhik gerak badan tinimbang naliká jaman hunting-gathering (mbedhag-ngempalaken), jaman manungsá purbá. Sarèhning kitá kirang gerak lajeng pikantuk macem-macem penyakit kronis, amargi boten wonten zat-zat ingkang saget ngreksá wau. 

    Saben dinten mlampah 10.000 jangkah puniká minongká tujuan kanggé mbetá kitá dugi tingkat gerak kados naliká manungsá purbá ‘jaman mbedhag-ngempalaken’, hunting-gathering, supados zat-zat myokine tetep nggadhahi fungsi.

    Gerak kados pundi ingkang leres puniká boten wigatos, pokokipun gerak mawon. Asal saget gerak ingkang kathah sáhá biasa gesang aktif, saget nggadhahi pola gesang ingkang bragas, fit. Dados menawi mlampah saben dinten 10.000 jangkah puniká saget mbiyantu sanget. (es/es)

    Share. Facebook Twitter WhatsApp Email Telegram
    Previous ArticleKarsá Susut Lemak Langkung Kathah? Ngunjuk Èsprèsso
    Next Article 12% Non-Muslim Walandi Sarujuk Idul Fitri Dados Dinten Riáyá Resmi
    Add A Comment

    Comments are closed.

    Nembé Mlebet
    • Pajek Gendhis Awit Januari 2024
    • Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung
    • PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi
    • ‘Marikangen’ Rokok Top Priyantun Solo
    • NATO Ngadhepi Kasunyatan Jaman, Genjot Anggaran
    Pacelathon Énggal
      • Facebook
      • Twitter
      • Instagram
      • Pinterest
      Waosanipun Bongsá Jawi
      Paling Kathah Dipunwaos

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung

      PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi

      Jaman Mbah Buyut
      Atur Sapálá
      Atur Sapálá

      Básá Jawi, utaminipun krámá madyá lan krámá inggil, dinten sapuniká sampun awis-awis dipunginaaken malih, tur sangsáyá udhar.

      Copyright © 2021 Het Javaanse Blad

      Facebook X (Twitter) Instagram LinkedIn VKontakte

      Type above and press Enter to search. Press Esc to cancel.