Close Menu
Het Javaanse Blad
    Facebook X (Twitter) Instagram
    Het Javaanse Blad
    • Pendápá
    • Atur Sapálá
    • Kraton

      Putri Ingrid Ambal Warsá Kaping 18

      19.06.2022

      Ngarsá Dalem Ngaturi Galadiner Korps Diplomatik

      13.06.2022

      Putri Beatrix Paring Anugerah Anyelir Pérak

      10.06.2022

      Ratu Máxima – Presidèn ECB Rembag Bebrayan

      09.06.2022

      Kraton Noordeinde Bika Malih Kanggé Publik

      08.06.2022
    • Den Haag

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      01.12.2023

      Rokok ing Walandi Bakal Rp 620.440 Sawungkus 

      02.06.2022

      Lockdown Rampung, Wajib Kartu Corona 

      26.01.2022

      Walandi Resmi Pungkasi Lockdown 

      25.01.2022

      Walandi Longgaraken Lockdown, Horéca Tetep Tutup 

      14.01.2022
    • Jogja

      Tingalan Jumenengan Dalem

      12.03.2021

      Kraton Jogja Prèngeti 6 Jam Serangan Oemoem 1 Maret 1949

      02.03.2021

      Uyon-Uyon Hadiluhung Senèn Pon

      25.02.2021
    • Diplomasi
    • Internasional
    • Jaman Mbah Buyut
    Het Javaanse Blad
    Panjenengan maos:Javaans » Puniká Bupati Pekalongan Sasampunipun Katambahan Batang
    Jaman Mbah Buyut

    Puniká Bupati Pekalongan Sasampunipun Katambahan Batang

    By Eddi Santosa25.05.20212 Mins Read
    Bupati Batang Pekalongan - Het Javaanse Blad
    Résidèn C. O. Matray (tengah), sisih kiwánipun: garwá Bupati, sisih tengenipun: Bupati R. A. A. Soerjo, lan garwá Résidèn Ny. Matray-Bedier, lajeng staf Kemendagri lan tamu sanèsipun (Foto: De Locomotief)

    PEKALONGAN – Résidèn Pekalongan Carel Otto Matray atas nami Gubernur Jawi Tengah jumenengaken Bupati Pekalongan sasampunipun katambahan Batang inggih puniká Raden Adipati Ario Soerjo ing pendhápá kabupatèn dinten Setu énjing (29/2/1936).

    Bupati Pekalongan Raden Tumenggung Ario Soerjo & Raden Ayu, 1930 (KITLV/O. Hisgen & Co)

    Kados kapethik saking De Locomotief, Résidèn Pekalongan Carel Otto Matray mawi pidatonipun ngaturi uningá babagan pambibaran Kabupatèn Batang lajeng wilayahipun dipunlebetaken dateng Kabupatèn Pekalongan sáhá dhasar kaputusanipun.

    “Kados panjenengan sampun pirsá, Kabupatèn Batang dipunbibaraken per tanggal 1 Januari 1936 miturut kaputusan Gubernur nomer 3 tanggal 31 Désèmber 1935 lajeng wilayahipun dipunlebetaken dateng wilayah Kabupatèn Pekalongan,” ngendiká Résidèn Matray.

    Salajengipun wiwit tanggal wau Kabupatèn Pekalongan pikantuk wilayah ènggal bekas wilayah Kabupatèn Batang ingkang jembar mangétan ngemu 10 kecamatan dugi tapel wates Kali Kuto, minongká tapel wates kalihan wilayah Kabupatèn Kendal.

    Miturut Résidèn Matray, wonten kaawratan saking pinten-pinten pihak ingkang nolak pambibaran Kabupatèn Batang, nanging sarèhning wonten kabutuhan ingkang temen kanggé nindakaken pangiritan (èfisiènsi), pamréntah netepaken nglangkahi kaawratan wau senaosá pamréntah pirsá bilih kanthi pambibaran wau ugi ngorbanaken tradisi ingkang sampun madeg dangu.

    “Kanthi kaputusan Gubernur nomer 3 taun 1935 ingkang nembé dipunwaosaken déning Sekretaris, pamréntah dapuk panjenengan supados nindakaken pamréntahan tumrap wilayah énggal lan dhawuh supados jumenengaken panjenengan minongká Bupati ing kabupatèn ingkang dipunwiyaraken,” makaten Résidèn Matray. 

    Sasampunipun upácárá jumenengan, dipunaturaken lencáná simbol panggabungan Kabupatèn Batang dados satunggal mlebet Kabupatèn Pekalongan déning anggota Déwan paling sepuh saking Batang inggih puniká J.M. Biekart minongká pangènget-ènget.

    Lajeng Résidèn, Bupati, sáhá párá rawuh sami kempal kanggé foto: Résidèn C. O. Matray (tengah), sisih kiwánipun: garwá Bupati, sisih tengenipun: Bupati R. A. A. Soerjo, lan garwá Résidèn Ny. Matray-Bedier, lajeng staf Kemendagri lan tamu sanèsipun. Salajengipun dipunsusul pista dugi dalu. (es/es)

    Share. Facebook Twitter WhatsApp Email Telegram
    Previous ArticleNgarsá Dalem Tuwi Kriyá Koninklijke Marine
    Next Article Sinten Dhahar Séhat, Langkung Enèm Kognisinipun
    Add A Comment

    Comments are closed.

    Nembé Mlebet
    • Pajek Gendhis Awit Januari 2024
    • Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung
    • PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi
    • ‘Marikangen’ Rokok Top Priyantun Solo
    • NATO Ngadhepi Kasunyatan Jaman, Genjot Anggaran
    Pacelathon Énggal
      • Facebook
      • Twitter
      • Instagram
      • Pinterest
      Waosanipun Bongsá Jawi
      Paling Kathah Dipunwaos

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung

      PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi

      Jaman Mbah Buyut
      Atur Sapálá
      Atur Sapálá

      Básá Jawi, utaminipun krámá madyá lan krámá inggil, dinten sapuniká sampun awis-awis dipunginaaken malih, tur sangsáyá udhar.

      Copyright © 2021 Het Javaanse Blad

      Facebook X (Twitter) Instagram LinkedIn VKontakte

      Type above and press Enter to search. Press Esc to cancel.