Close Menu
Het Javaanse Blad
    Facebook X (Twitter) Instagram
    Het Javaanse Blad
    • Pendápá
    • Atur Sapálá
    • Kraton

      Putri Ingrid Ambal Warsá Kaping 18

      19.06.2022

      Ngarsá Dalem Ngaturi Galadiner Korps Diplomatik

      13.06.2022

      Putri Beatrix Paring Anugerah Anyelir Pérak

      10.06.2022

      Ratu Máxima – Presidèn ECB Rembag Bebrayan

      09.06.2022

      Kraton Noordeinde Bika Malih Kanggé Publik

      08.06.2022
    • Den Haag

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      01.12.2023

      Rokok ing Walandi Bakal Rp 620.440 Sawungkus 

      02.06.2022

      Lockdown Rampung, Wajib Kartu Corona 

      26.01.2022

      Walandi Resmi Pungkasi Lockdown 

      25.01.2022

      Walandi Longgaraken Lockdown, Horéca Tetep Tutup 

      14.01.2022
    • Jogja

      Tingalan Jumenengan Dalem

      12.03.2021

      Kraton Jogja Prèngeti 6 Jam Serangan Oemoem 1 Maret 1949

      02.03.2021

      Uyon-Uyon Hadiluhung Senèn Pon

      25.02.2021
    • Diplomasi
    • Internasional
    • Jaman Mbah Buyut
    Het Javaanse Blad
    Panjenengan maos:Javaans » Putrá Belgia Stijn Mlebet Islam Amargi Bismillah
    Internasional

    Putrá Belgia Stijn Mlebet Islam Amargi Bismillah

    By Eddi Santosa23.04.20213 Mins Read
    Mualaf Stijn Ledegen - Het Javaanse Blad
    Stijn Ledegen (screenshot: Vlaamse Radio- en Televisieomroep, Belgia)

    BRUSSEL – Stijn Ledegen (24), master International and European Law, saking kuthá Aalst, Belgia, mlebet Islam naliká yuswá 17 taun amargi ayat bismillahir rahmanir rahim (kanthi asmá Gusti Allah ingkang Máhá Asih, Máhá Welas), ayat kaping sepindhah saking serat kaping sepindhah: Al-Fatihah.

    Rekaman video Stijn Ledegen nyariosaken mlebet Islam (kredit: Vlaamse Radio- en Televisieomroep, Belgia)

    “Kulá saking kaluargi kados lumrahipun laré ing Aalst (kuthá ing Belgia, red). Wonten ing griyá agami boten wigatos. Tiyang sepuh kulá boten gadhah agami. Nanging kami gesang bagyá, kulá lenggah ing SMA Atheneum, kulá ugi remen bal-balan,” makaten Steijn.

    Nanging wiwit alit, Steijn sampun gadhah pitakènan: punápá kitá gesang, punápá wonten gesang malih sasampunipun sedá? Pitakènan-pitakènan wau tetep boten saget dipunwangsuli. Boten wonten ingkang saget mangsuli.

    Pikantuk inspirasi saking pengalaman Amerika Kidul, Stijn lajeng mélai ngucali kanthi nyinauni mbandhing-mbandhingaken agami. Geréjá Katholik boten saget paring wangsulan ingkang maremaken. Bándhá geréjá ugi ngganggu manahipun. Laku kliwat garis ing geréjá boten mathuk kaliyan ajaranipun. Richard Gere ugi nginspirasi piyambakipun nyinauni agami Buddha, nanging meditasi lan Zen boten maringi ingkang piyambakipun padosi.

    Stijn ing Masjidil Haram (Twitter @stijnledegen)

    Stijn boten ngeculaken pitakènan ageng babagan gesang wau, tansah ngupáyá madosi wangsulanipun dugi piyambakipun pikantuk wangsulan: gangsal taun kapengker piyambakipun mlebet Islam.

    Jalaranipun, satunggaling réncang Arab Marokko matur dateng Stijn bilih piyambakipun perlu maringi pangajeng-ajeng ingkang sami tumrap sedáyá agami, tegesipun ugi nyobi nyinauni Islam.

    Réncang wau matur bilih pranatan gesang miturut Al-Quran mathuk kalih argumèn ingkang tinemu akal. Kados siyam Ramadan, jebul kabuktèn kanthi ilmiah ndamel séhat badan lan méntal. Nanging ingkang ndamel Stijn mlebet Islam nggih puniká seratan ayat Al Quran wau.

    Pripun satunggal ayat Al Quran saget ngowahi gesang. Miturut Stijn, ayat wiwitan maringi piyambakipun raos kados dipundhawuh langsung. Saking jeronipun ayat wau nggugah Stijn, ngantos piyambakipun ngersaaken syahadat ing mriku ugi, nggih puniká ing satunggaling masjid, ingkang piyambakipun ing mriku medhayoh kaliyan réncangipun wau.

    Wekdal semanten senaosá wonten 2 tiyang ingkang kersá nyeksèni, dados seksi, bilih piyambakipun mlebet Islam, nanging mungguhipun imam masjid (kados kiai ing Jawi), sedáyá wau kesesá. Stijn dipundhawuh wangsul griyá, nggarap PR sekolah, dipunaturi menggalih punápá pancèn jejeg mantep niat mlebet Islam.

    Pungkasanipun boten pati dangu, Stijn tuhu èstu jejeg mantep mlebet Islam, lajeng dados murid ingkang saé. Sedáyá ing wingking sampun kantun sejarah, Stijn sapuniká gesang bagyá minongká bagéan umat Muslim ing kuthánipun.

    Sapuniká Stijn kuliah ing Fakultas Hukum Vrije Universiteit Brussel, semèster kaping enem. “Kulá nyinauni hukum Belgia kanggé kuliah kulá, kulá nyinauni hukum Islam amargi agami kulá. Kulá saget mbandhingaken kekalihipun tanpá ngukumi satunggal tumrap sanèsipun,” makaten Stijn.

    Piyambakipun asring tindak masjid, diskusi kalih párá pini sepuh, ngunjuk tèh godhong mint (budháyá khas Arab Marokko) kaliyan réncang-réncang taruná ing masjid, ugi tetep srawungan kaliyan réncang-réncang dangu.

    Gesang dados muslim sedayanipun dados owah. Kados tuladhanipun perkawis dhaharan.

    “Kulá kedah nerangaken dumateng ibu punápá mawon ingkang kulá kénging nedhá lan punápá mawon ingkang boten kénging. Kados boten kénging nedhá daging babi malih,” makaten Stijn.

    Ibunipun Stijn sapuniká masak dhaharan halal mligi kanggé piyambakipun, lajeng dipunlebetaken microwave menawi Stijn wangsul dateng griyá. Nanging puniká sanès satunggal-satunggaling owahan gesang sasampunipun mlebet Islam.

    Stijn ugi shálat gangsal wekdal. Ing negari-negari Muslim, saben wekdal shálat wonten adzan. Ing Belgia boten makaten. Stijn nyepengi wekdal-wekdal shálat ing pundi mawon mawi kalender digital. Piyambakipun ngraosaken wekdal-wekdal shálat minongká ngaso ingkang migunani antawis wekdal-wekdal kuliah. (es/es)

    Share. Facebook Twitter WhatsApp Email Telegram
    Previous ArticleDebat Tweede Kamer Babagan Corona
    Next Article FMS: Vaksin Covid-19 Aman Kanggé Bumil
    Add A Comment

    Comments are closed.

    Nembé Mlebet
    • Pajek Gendhis Awit Januari 2024
    • Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung
    • PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi
    • ‘Marikangen’ Rokok Top Priyantun Solo
    • NATO Ngadhepi Kasunyatan Jaman, Genjot Anggaran
    Pacelathon Énggal
      • Facebook
      • Twitter
      • Instagram
      • Pinterest
      Waosanipun Bongsá Jawi
      Paling Kathah Dipunwaos

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung

      PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi

      Jaman Mbah Buyut
      Atur Sapálá
      Atur Sapálá

      Básá Jawi, utaminipun krámá madyá lan krámá inggil, dinten sapuniká sampun awis-awis dipunginaaken malih, tur sangsáyá udhar.

      Copyright © 2021 Het Javaanse Blad

      Facebook X (Twitter) Instagram LinkedIn VKontakte

      Type above and press Enter to search. Press Esc to cancel.