Close Menu
Het Javaanse Blad
    Facebook X (Twitter) Instagram
    Het Javaanse Blad
    • Pendápá
    • Atur Sapálá
    • Kraton

      Putri Ingrid Ambal Warsá Kaping 18

      19.06.2022

      Ngarsá Dalem Ngaturi Galadiner Korps Diplomatik

      13.06.2022

      Putri Beatrix Paring Anugerah Anyelir Pérak

      10.06.2022

      Ratu Máxima – Presidèn ECB Rembag Bebrayan

      09.06.2022

      Kraton Noordeinde Bika Malih Kanggé Publik

      08.06.2022
    • Den Haag

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      01.12.2023

      Rokok ing Walandi Bakal Rp 620.440 Sawungkus 

      02.06.2022

      Lockdown Rampung, Wajib Kartu Corona 

      26.01.2022

      Walandi Resmi Pungkasi Lockdown 

      25.01.2022

      Walandi Longgaraken Lockdown, Horéca Tetep Tutup 

      14.01.2022
    • Jogja

      Tingalan Jumenengan Dalem

      12.03.2021

      Kraton Jogja Prèngeti 6 Jam Serangan Oemoem 1 Maret 1949

      02.03.2021

      Uyon-Uyon Hadiluhung Senèn Pon

      25.02.2021
    • Diplomasi
    • Internasional
    • Jaman Mbah Buyut
    Het Javaanse Blad
    Panjenengan maos:Javaans » Putri Alexia Nglajengaken Sekolah ing SMA Mriki
    Kraton

    Putri Alexia Nglajengaken Sekolah ing SMA Mriki

    By Eddi Santosa02.03.20212 Mins Read
    Putri Alexia
    credit: koninklijkhuis

    Putri Alexia badhé nglajengaken sekolah SMA-nipun wonten ing United World College of the Atlantic (UWC Atlantic College) ing kuthá Llantwit Major, Wales, Inggris.

    Makaten Rijksvoorlichtingsdienst (dinas panyuluhanipun kraton, red) ngumumaken dinten Selásá kálá wingi kados dipunpundhut saking nu.nl énjing puniká, Rebo (3/3).

    Putri Alexia, 15 taun, wonten mriká badhé mendhet ijasah Internationaal Baccalaureaat nggih puniká ijasah saderajat kalih ijasah SMA ingkang dipunakèni sa-Eropa. Putri nomer kaping kalih Ngarsá Dalem Rájá Willem-Alexander lan Gusti Kanjeng Ratu Máxima sapuniká lenggah wonten ing kelas sekawan Christelijk Gymnasium Sorghvliet ing Den Haag, satingkat SMP.

    United World College of the Atlantic puniká sekolah ingkang paling sepuh saking United World Colleges, satunggaling golongan sekolah ingkang ndhidhik párá siswanipun remen damé lan tanggung jawab masyarakat.

    Kathah siswá saking sekolah puniká nindaaken pakaryan ékstrakurikulèr lan ngupáyá sumbangsih kanggé masyarakat, contonipun nglampahi kriyá dados rélawan. Párá siswá sekolah mriki saget mundhut 6 pakèt pelajaran, nggih puniká pakèt básá utawi pakèt ilmu kawruh.

    Ngarsá Dalem Rájá Willem-Alexander, bápánipun Putri Alexia, ugi naté lenggah wonten ing sekolah mriki, ugi Putri Elisabeth saking Belgia. Putri Leonor saking Spanyol (15) wekdal sapuniká ugi nglajengaken sekolah wonten mriki lan badhé dados réncang sakelas kalih Putri Alexia.

    Putri Alexia nglampahi sekolah dhasaripun wonten ing SD biasa Bloemcampschool ten Wassenaar, kados kakang mbakyunipun Putri Amalia lan adhikipun Putri Ariane. Piyambakipun sedáyá ugi nglajengaken SMP-nipun wonten ing sekolah umum ingkang sami: Christelijk Gymnasium Sorghvliet, Den Haag.

    Rijksvoorlichtingsdienst wanti-wanti bilih ing Wales ugi wonten kode étik, boten kénging sakersanipun piyambak motrèt sang Putri. “Wekdal sekolah párá putri kalebet pribadi. Tiyang sepuh párá putri nyuwun kanthi sanget dumateng media supados gesang pribadi párá laré kedah dipunhurmati,” makaten Rijksvoorlichtingsdienst. (es)

    Share. Facebook Twitter WhatsApp Email Telegram
    Previous ArticleBupati Batang Ngudi Tahun 2021 Sedáyá Dados Dhusun Pinter
    Next Article Bra Martani, Kemis Kaping 6 Januwari 1876
    Add A Comment

    Comments are closed.

    Nembé Mlebet
    • Pajek Gendhis Awit Januari 2024
    • Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung
    • PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi
    • ‘Marikangen’ Rokok Top Priyantun Solo
    • NATO Ngadhepi Kasunyatan Jaman, Genjot Anggaran
    Pacelathon Énggal
      • Facebook
      • Twitter
      • Instagram
      • Pinterest
      Waosanipun Bongsá Jawi
      Paling Kathah Dipunwaos

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung

      PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi

      Jaman Mbah Buyut
      Atur Sapálá
      Atur Sapálá

      Básá Jawi, utaminipun krámá madyá lan krámá inggil, dinten sapuniká sampun awis-awis dipunginaaken malih, tur sangsáyá udhar.

      Copyright © 2021 Het Javaanse Blad

      Facebook X (Twitter) Instagram LinkedIn VKontakte

      Type above and press Enter to search. Press Esc to cancel.