Close Menu
Het Javaanse Blad
    Facebook X (Twitter) Instagram
    Het Javaanse Blad
    • Pendápá
    • Atur Sapálá
    • Kraton

      Putri Ingrid Ambal Warsá Kaping 18

      19.06.2022

      Ngarsá Dalem Ngaturi Galadiner Korps Diplomatik

      13.06.2022

      Putri Beatrix Paring Anugerah Anyelir Pérak

      10.06.2022

      Ratu Máxima – Presidèn ECB Rembag Bebrayan

      09.06.2022

      Kraton Noordeinde Bika Malih Kanggé Publik

      08.06.2022
    • Den Haag

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      01.12.2023

      Rokok ing Walandi Bakal Rp 620.440 Sawungkus 

      02.06.2022

      Lockdown Rampung, Wajib Kartu Corona 

      26.01.2022

      Walandi Resmi Pungkasi Lockdown 

      25.01.2022

      Walandi Longgaraken Lockdown, Horéca Tetep Tutup 

      14.01.2022
    • Jogja

      Tingalan Jumenengan Dalem

      12.03.2021

      Kraton Jogja Prèngeti 6 Jam Serangan Oemoem 1 Maret 1949

      02.03.2021

      Uyon-Uyon Hadiluhung Senèn Pon

      25.02.2021
    • Diplomasi
    • Internasional
    • Jaman Mbah Buyut
    Het Javaanse Blad
    Panjenengan maos:Javaans » Putri Amalia 18 Tahun, Resmi Bakal Jumeneng Nátá
    Kraton

    Putri Amalia 18 Tahun, Resmi Bakal Jumeneng Nátá

    By Eddi Santosa06.12.20213 Mins Read
    Putri Amalia 18 Taun!
    Putri Amalia (Foto: RVD/Frank Ruiter)

    DEN HAAG – Gusti Kanjeng Putri Amalia jangkep yuswá 18 taun bakal owah gesangipun boten kados sawaunipun: piyambakipun resmi sawekdal-wekdal saget jumeneng dados Ratu.

    “Nembé 18, taksih tebih kanggé kulá. Kulá boten pati menggalih. 18, kulá tetep kados biasanipun, biasa mawon,” makaten Putri Oranje mangsuli pitakènan media prekawis yuswanipun jangkep 18 taun.

    Putri Amalia, pangku, naliká alit (Foto: Rijksvoorlichtingsdienst)

    Dampar

    Manawi sawekdal-wekdal Ngarsá Dalem Rájá Willem-Alexander kapundhut, pramilá Putri Oranje ingkang badhé nerasaken dampar Karajan Walandi dados Ratu.

    Nanging Putri Amalia naliká guneman kaliyan Claudia de Breij ngendiká bilih piyambakipun amargi taksih 18 taun langkung remen ngaturaken dampar wau dumateng ibu: Gusti Kanjeng Ratu Maxima. 

    Miturut Peter Rehwinkel, panyerat buku Amalia: de Plicht Roept, ngaturaken dampar dumateng ibu boten gampil. Putri Oranje kedah kanthi teges dhawuh nyèlèhaken dampar, lajeng ngaturaken dateng ibu.

    Raad van State

    Sadinten sasampunipun jangkep yuswá 18 taun, Putri Oranje sampun lenggah ing Raad van State (Déwan Pirembag Ageng) dipunampingi déning Ngarsá Dalem Willem-Alexander minongká pangarsá Raad van State.

    Wiwit yuswá 18, piyambakipun pikantuk kalenggahan ing de Raad van Satet, grondwet utawi undhang-undhang dhasar ngatur makaten.

    Déwan puniká ngaturi pamréntah lan parlemèn rerembag prekawis pranatan lan tátáprájá ugi minongká mahkamah tátáprájá umum paling inggil. Dinten Rebo sapuniká, 8 Désèmber 2021, Putri Oranje dawuh kaping sepindhah, dipunsambut, lajeng ngaturaken pidato.

    “Piyambakipun sawetawis dèrèng badhé lenggah ngrawuhi rapat-rapat Raad van State. Mangké sasampunipun rampung studi nembé badhé langkung asring rawuh,” makaten Peter Rehwinkel.

    Prinsjesdag

    Naliká dinten Prinsjesdag, inggih puniká dinten kabinèt ngaturaken RAPBN dumateng parlemèn lajeng debat umum, Putri Oranje bakal rawuh miturut tradisi karajan nitih Karétá Kencáná sareng Ngarsá Dalem sáhá Gusti Kanjeng Ratu. Adik-adikipun inggih puniká Putri Alexia lan Putri Ariana sasampunipun jangkep yuswá 18 taun ugi kénging rawuh ing Prinsjesdag.

    Koningsdag

    Miturut Peter Rehwinkel, mangké ing Koningsdag, inggih puniká dinten Ngarsá Dalem tanggap warsá dados dinten riyáyá nasional, Putri Oranje bakal rawuh langkung cethá ngamping-ampingi bápá ibu Ngarsá Dalem Rájá Willem-Alexander lan Gusti Kanjeng Ratu Màxima.

    Putri Oranje sapuniká sasampunipun lulus SMA mundhut wekdal ngaso setaun boten langsung kuliah, nanging kadosipun badhé mlampah-mlampah wisátá. Antawis wekdal keliling mlampah-mlampah puniká menawi dhawah dinten Koningsdag piyambakipun badhé kundur kempal ndhèrèk rawuh mprèngeti Koningsdag.

    Máncánegari

    Sasampunipun jangkep 18 taun, Putri Oranje kénging nganggé PH-GOV, inggih puniká montor mabur resmi pamréntah ingkang mligi kanggé kaluargi karaton. Miturut Rehwinkel, Putri Oranje sawekdal-wekdal saget nindakaken tuwi resmi dateng máncá negari utawi rawuh minongká wakil Karajan Walandi kados ing panyaréan utawi ningkahan kaluargi karajan utawi pangarsá máncánegari. 

    Ngarsá Dalem Rájá Willen-Alexander naliká jaman kuliah, taksih Pangéran Pati, sampun naté nindakaken makaten, ngamping-ampingi kang ibu Gusti Kanjeng Ratu Beatrix.

    Hak Pilih

    Kados kawulá sanèsipun ingkang sampun jangkep 18 taun, Putri Oranje sapuniká ugi kagungan hak pilih naliká pemilu, nanging kados Ngarsá Dalem sáhá Gusti Kanjeng Ratu, piyambakipun boten angginaaken hak pilih wau.

    Sababipun miturut Rijksvoorlichtingsdienst amargi Rájá nétral. Menawi milih, mangké malah andadosaken spékulasi milih lan mihak partai pundi. Pramilá Gusti Kanjeng Ratu Máxima sáhá Putri Beatrix (ibu Ngarsá Dalem sasampunipun lèngsèr kaprabon ngasto titel Putri) ugi boten angginaaken hak pilihipun.

    Wajib Militèr

    Párá taruná ingkang lair sasampunipun taun 2003 sapuniká kedah mlebet dines wajib militèr, makaten ugi Putri Oranje. Miturut Rehwinkel, Putri Oranje tetep bakal pikantuk gemblèngan militèr. Kejawi makaten mangké naliká kuliah ugi pikantuk hukum tátáprájá minongká bagéan saking studi.

    Media

    Kejawi dinten Koningsdag lan sèsi foto kaluargi karaton setaun sepindhah, Putri Oranje boten kathah mlebet media. Miturut Rehwinkel kahanan puniká bakal owah. Wiwit jangkep yuswá 18 taun Putri Oranje bakal langkung kathah rawuh wonten ing resèpsi lan kagiyatan resmi kados Pasegahan Taun Énggal ing Paleis op de Dam (Karaton ing Dam), Amsterdam, bakal langkung kathah pikantuk wigatosan media.

    Share. Facebook Twitter WhatsApp Email Telegram
    Previous ArticlePutri Beatrix Positif Covid-19
    Next Article Putri Oranje Jangkep 18 Tahun, Ridder lan Huisorde
    Add A Comment

    Comments are closed.

    Nembé Mlebet
    • Pajek Gendhis Awit Januari 2024
    • Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung
    • PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi
    • ‘Marikangen’ Rokok Top Priyantun Solo
    • NATO Ngadhepi Kasunyatan Jaman, Genjot Anggaran
    Pacelathon Énggal
      • Facebook
      • Twitter
      • Instagram
      • Pinterest
      Waosanipun Bongsá Jawi
      Paling Kathah Dipunwaos

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung

      PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi

      Jaman Mbah Buyut
      Atur Sapálá
      Atur Sapálá

      Básá Jawi, utaminipun krámá madyá lan krámá inggil, dinten sapuniká sampun awis-awis dipunginaaken malih, tur sangsáyá udhar.

      Copyright © 2021 Het Javaanse Blad

      Facebook X (Twitter) Instagram LinkedIn VKontakte

      Type above and press Enter to search. Press Esc to cancel.