Close Menu
Het Javaanse Blad
    Facebook X (Twitter) Instagram
    Het Javaanse Blad
    • Pendápá
    • Atur Sapálá
    • Kraton

      Putri Ingrid Ambal Warsá Kaping 18

      19.06.2022

      Ngarsá Dalem Ngaturi Galadiner Korps Diplomatik

      13.06.2022

      Putri Beatrix Paring Anugerah Anyelir Pérak

      10.06.2022

      Ratu Máxima – Presidèn ECB Rembag Bebrayan

      09.06.2022

      Kraton Noordeinde Bika Malih Kanggé Publik

      08.06.2022
    • Den Haag

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      01.12.2023

      Rokok ing Walandi Bakal Rp 620.440 Sawungkus 

      02.06.2022

      Lockdown Rampung, Wajib Kartu Corona 

      26.01.2022

      Walandi Resmi Pungkasi Lockdown 

      25.01.2022

      Walandi Longgaraken Lockdown, Horéca Tetep Tutup 

      14.01.2022
    • Jogja

      Tingalan Jumenengan Dalem

      12.03.2021

      Kraton Jogja Prèngeti 6 Jam Serangan Oemoem 1 Maret 1949

      02.03.2021

      Uyon-Uyon Hadiluhung Senèn Pon

      25.02.2021
    • Diplomasi
    • Internasional
    • Jaman Mbah Buyut
    Het Javaanse Blad
    Panjenengan maos:Javaans » Putri Beatrix Positif Covid-19
    Kraton

    Putri Beatrix Positif Covid-19

    By Eddi Santosa05.12.20212 Mins Read
    Putri Beatrix der Nederlanden Rawuh Prèngetan 125 Taun NCB
    Putri Beatrix (Foto: Rijksvoorlichtingsdienst/Jeroen van der Meyde)

    DEN HAAG – Gusti Kanjeng Putri Beatrix positif tès Corona. Piyambakipun ngraos flu sakedhik lajeng dhawuh tès, kasilipun jebul positif Covid-19.

    Kabar ibu Ngarsá Dalem Willem-Alexander positif tès Corona wau dipunbabaraken déning Rijksvoorlichtingsdienst mawi serat pawartá ingkang dipuntampi Het Javaanse Blad dinten Setu (4/12/2021) dalu jam 21.07.

    “Putri Beatrix wekdal sapuniká ing dalem nindakaken isolasi sáhá netepi paugeran kanggé tiyang-tiyang ingkang positif tès. Sawetawis tiyang-tiyang ingkang gegayutan caket kaliyan Putri Batrix sedayanipun sampun dipunparingi pirsá,” makaten Rijksvoorlichtingsdienst, dinas panyuluhan pamréntah Karajan Walandi.

    Gusti Kanjeng Putri Beatrix (83) minggu kálá wingi nembé mawon kundur saking tuwi kriyá dateng Curaçao. Kapethik saking televisi publik NOS, Gusti Kanjeng Putri ing mriká rembugan kaliyan párá wakil medis ingkang ndhèrèk langsung nanggulangi krisis Corona lan dhawuh bilih piyambakipun sampun pikantuk suntikan booster.

    Amargi kasilipun tès positif wau, Gusti Kanjeng Putri Beatrix boten saget ngrawuhi dinten ambal warsá ingkang kaping 18 wayah kinasih panerus dampar inggih puniká Putri Amalia, putri mbajeng Ngarsá Dalem Willem-Alexander lan Ratu Máxima. 

    Sadinten salajengipun ugi wonten kadadosan wigatos kanggé kang wayah inggih puniká kadhapuk dados anggota Raad van State (Déwan Pirembag Ageng, red). Ngarsá Dalem Willem-Alexander minongká pangarsá Raad van State badhé ngamping-ampingi Putri Amalia ingkang ugi badhé ngaturaken pidato ing wekdal wau.

    Sasampunipun lèngsèr kaprabon ing dinten Selásá 30 April 2013, lenggah dampar minongká Ratu Walandi wiwit 30 April 1980, Ratu Beatrix nyandang titel Prinses der Nederlanden, Prinses van Oranje-Nassau lan Prinses van Lippe-Biesterfeld, cekak aos: Prinses Beatrix (Putri Beatrix). Salajengipun dampar karaton dipunterasaken déning kang putrá, Ngarsá Dalem Rájá Willem-Alexander.

    Gusti Kanjeng Putri Beatrix wiwit 4 Februari 2014 kanthi resmi mundhut Kasteel Drakensteijn minongká dalemipun, satunggaling kastil ingkang kalenggahan ing tengah alas Lage Vuursche, kutháprájá Baarn, boten tebih saking Amersfoort.

    Kastil puniká ing taun 1959 déning Frederik Lodewijk Bosch van Drakestein dipunsadé dateng Putri Beatrix (wekdal semanten yuswá 21), lajeng Putri Beatrix dhawuh supados dipunrénovasi. Piyambakipun mlebet kastil puniká wiwit taun 1963.

    Ugi sasampunipun ningkah ing taun 1966 kaliyan Pangéran Claus van Amsberg, Putri Beatrix tetep manggèn gegriyá ing kastil puniká. Sasampunipun jumenengan dados Ratu ing taun 1980, piyambakipun kaliyan kaluarginipun nembé pindhah ing taun 1981 dateng Karaton Huis ten Bosch ing Den Haag.

    Share. Facebook Twitter WhatsApp Email Telegram
    Previous ArticleBanjir 1901, Bupati: Margi Klidang Dugi Tersono Risak
    Next Article Putri Amalia 18 Tahun, Resmi Bakal Jumeneng Nátá
    Add A Comment

    Comments are closed.

    Nembé Mlebet
    • Pajek Gendhis Awit Januari 2024
    • Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung
    • PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi
    • ‘Marikangen’ Rokok Top Priyantun Solo
    • NATO Ngadhepi Kasunyatan Jaman, Genjot Anggaran
    Pacelathon Énggal
      • Facebook
      • Twitter
      • Instagram
      • Pinterest
      Waosanipun Bongsá Jawi
      Paling Kathah Dipunwaos

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung

      PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi

      Jaman Mbah Buyut
      Atur Sapálá
      Atur Sapálá

      Básá Jawi, utaminipun krámá madyá lan krámá inggil, dinten sapuniká sampun awis-awis dipunginaaken malih, tur sangsáyá udhar.

      Copyright © 2021 Het Javaanse Blad

      Facebook X (Twitter) Instagram LinkedIn VKontakte

      Type above and press Enter to search. Press Esc to cancel.