Close Menu
Het Javaanse Blad
    Facebook X (Twitter) Instagram
    Het Javaanse Blad
    • Pendápá
    • Atur Sapálá
    • Kraton

      Putri Ingrid Ambal Warsá Kaping 18

      19.06.2022

      Ngarsá Dalem Ngaturi Galadiner Korps Diplomatik

      13.06.2022

      Putri Beatrix Paring Anugerah Anyelir Pérak

      10.06.2022

      Ratu Máxima – Presidèn ECB Rembag Bebrayan

      09.06.2022

      Kraton Noordeinde Bika Malih Kanggé Publik

      08.06.2022
    • Den Haag

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      01.12.2023

      Rokok ing Walandi Bakal Rp 620.440 Sawungkus 

      02.06.2022

      Lockdown Rampung, Wajib Kartu Corona 

      26.01.2022

      Walandi Resmi Pungkasi Lockdown 

      25.01.2022

      Walandi Longgaraken Lockdown, Horéca Tetep Tutup 

      14.01.2022
    • Jogja

      Tingalan Jumenengan Dalem

      12.03.2021

      Kraton Jogja Prèngeti 6 Jam Serangan Oemoem 1 Maret 1949

      02.03.2021

      Uyon-Uyon Hadiluhung Senèn Pon

      25.02.2021
    • Diplomasi
    • Internasional
    • Jaman Mbah Buyut
    Het Javaanse Blad
    Panjenengan maos:Javaans » Putri Beatrix Rawuh ing Prèngetan 125 Tahun NCB
    Kraton

    Putri Beatrix Rawuh ing Prèngetan 125 Tahun NCB

    By Eddi Santosa28.10.20212 Mins Read
    Putri Beatrix (Foto: Rijksvoorlichtingsdienst/Jeroen van der Meyde)

    DEN HAAG – Gusti Kanjeng Putri Beatrix der Nederlanden karsá rawuh ing prèngetan 125 taun Noordbrabantse Christelijke Boerenbond/NCB (Paguyuban Tani Kristen Braband Lèr) wonten ing Museum Paguyuban Tani ing kuthá Gemert mangké tanggal 10 November 2021.

    Makaten serat pawartá Rijksvoorlichtingsdienst ingkang dipuntampi Het Javaanse Blad dinten Kemis (28/10).

    Paguyuban tani puniká dipunadegaken déning pater (pandhitá) Gerlacus van den Elsen taun 1896 kanthi tujuan kanggé majengaken karaharjan párá tani mawi gotong-royong antawis párá tani alit.

    Wiwit taun 1999, NCB sareng Christelijke Boeren- en Tuindersbond/CBTB (Paguyuban Tani lan Tani Sayuran Kristen) lebur dados organisasi énggal ingkang nami Zuidelijke Land- en Tuinbouw Organisatie/ZLTO (Organisasi Tetanèn lan Pakebonan Kidul).

    Ing panggènan prèngetan tanggal 10 November wau, inggih puniká Muséum Paguyuan Tani ing kuthá Gemert, wonten griyá panggènan lahiripun pater Van den Elsen. Sadangunipun prèngetan badhé wonten guneman babagan jaman kapungkur, sapuniká, lan dinten bènjing paguyuban sáhá kawigatosanipun sèktor agraria ing wilayah provinsi Brabant Lèr.

    Gusti Kanjeng Putri Beatrix (sasampunipun lèngsèr kaprabon nyandhang titel Putri, sanès Ratu malih, red) salajengipun karsá tilik Muséum Paguyuban Tani ingkang nyariyosaken babagan makaryá sáhá gesang ing dhusun wilayah Brabant taun 1900-an. Sadangunipun tilik muséum, Gusti Kanjeng Putri Beatrix karsá guneman sareng párá kaluargi tani. 

    Minongká panutup, Putri Beatrix badhé nanem wit minongká prasasti prèngetan 125 taun NCB, dipundhèrèkaken déning 3 generasi anggota ZLTO sáhá pangarsá ZLTO Wim Bens. Putri Beatrix puniká pangayom ZLTO.

    Gusti Kanjeng Putri Beatrix asmá jangkepipun Beatrix Wilhelmina Armgard, Prinses der Nederlanden, Prinses van Oranje-Nassau, Prinses van Lippe-Biesterfeld, lahir ing kuthá Baarn, 31 Januari 1938), jumeneng dados Koningin der Nederlanden (Ratu Karajan Walandi) saking 30 April 1980 dugi 30 April 2013. Piyambakipun putri mbajeng Ratu Juliana & Pangéran Bernhard van Lippe-Biesterfeld. Ratu Beatrix lèngsèr keprabon tanggal 30 April 2013, dipunlajengaken déning kang putrá Ngarsá Dalem Rájá Willem-Alexander.

    Share. Facebook Twitter WhatsApp Email Telegram
    Previous ArticlePeruvian Food Festival Nepangaken Kulinèr Peru
    Next Article Eropa Mlebet Wanci Adhem, Wekdal Kaot 6 Jam
    Add A Comment

    Comments are closed.

    Nembé Mlebet
    • Pajek Gendhis Awit Januari 2024
    • Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung
    • PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi
    • ‘Marikangen’ Rokok Top Priyantun Solo
    • NATO Ngadhepi Kasunyatan Jaman, Genjot Anggaran
    Pacelathon Énggal
      • Facebook
      • Twitter
      • Instagram
      • Pinterest
      Waosanipun Bongsá Jawi
      Paling Kathah Dipunwaos

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung

      PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi

      Jaman Mbah Buyut
      Atur Sapálá
      Atur Sapálá

      Básá Jawi, utaminipun krámá madyá lan krámá inggil, dinten sapuniká sampun awis-awis dipunginaaken malih, tur sangsáyá udhar.

      Copyright © 2021 Het Javaanse Blad

      Facebook X (Twitter) Instagram LinkedIn VKontakte

      Type above and press Enter to search. Press Esc to cancel.