Close Menu
Het Javaanse Blad
    Facebook X (Twitter) Instagram
    Het Javaanse Blad
    • Pendápá
    • Atur Sapálá
    • Kraton

      Putri Ingrid Ambal Warsá Kaping 18

      19.06.2022

      Ngarsá Dalem Ngaturi Galadiner Korps Diplomatik

      13.06.2022

      Putri Beatrix Paring Anugerah Anyelir Pérak

      10.06.2022

      Ratu Máxima – Presidèn ECB Rembag Bebrayan

      09.06.2022

      Kraton Noordeinde Bika Malih Kanggé Publik

      08.06.2022
    • Den Haag

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      01.12.2023

      Rokok ing Walandi Bakal Rp 620.440 Sawungkus 

      02.06.2022

      Lockdown Rampung, Wajib Kartu Corona 

      26.01.2022

      Walandi Resmi Pungkasi Lockdown 

      25.01.2022

      Walandi Longgaraken Lockdown, Horéca Tetep Tutup 

      14.01.2022
    • Jogja

      Tingalan Jumenengan Dalem

      12.03.2021

      Kraton Jogja Prèngeti 6 Jam Serangan Oemoem 1 Maret 1949

      02.03.2021

      Uyon-Uyon Hadiluhung Senèn Pon

      25.02.2021
    • Diplomasi
    • Internasional
    • Jaman Mbah Buyut
    Het Javaanse Blad
    Panjenengan maos:Javaans » Putri Beatrix Saras Saking Covid-19
    Kraton

    Putri Beatrix Saras Saking Covid-19

    By Eddi Santosa11.12.20212 Mins Read
    Putri Beatrix (Foto: Rijksvoorlichtingsdienst/Jeroen van der Meyde)

    DEN HAAG – Gusti Kanjeng Putri Beatrix sampun saras malih saking gerah Covid-19, dinas panerangan karajan Rijksvoorlichtingsdienst (RVD) ngabaraken.

    Gusti Kanjeng Putri Beatrix sampun boten gerah malih lan kénging medal saking isolasi. Putri Beatrix dinten Setu ingkang kapungkur positif tès Corona lajeng wiwit wekdal semanten ing griyá mawon nglampahi isolasi kanthi gejala flu.

    Putri Beatrix ngaturaken matur sembah nuwun dumateng sedáyá kawigatosan ingkang sampun dipunaturaken naliká piyambakipun gerah, makaten serat pawartá RVD ingkang dipuntampi Het Javaanse Blad.

    Saè-saé Mawon

    Sadèrèngipun Ngarsá Dalem Rájá Willem-Alexander minggu wekdal sapuniká sampun ngendiká bilih gerahipun kang ibu boten pati nguwatosaken. Miturut Ngarsá Dalem kahananipun saé-saé mawon, makaten Ngarsá Dalem dateng Blauw Bloed, dinten Senèn. Piyambakipun ngaturaken matur nuwun dumateng párá kawulá Walandi ingkang sampun paring kawigatosan.

    Kanjeng Gusti Putri Beatrix kadosipun katularan Covid-19 naliká tuwi kriyá dateng Curaçao, inggih puniká wilayah sabrang ing Laut Karibia, Amérika. Sadangunipun tuwi kriyá, Putri Beatrix paring kawigatosan babagan pademi Corona lan kalestarian alam ing Curaçao.

    Lèngsèr

    Sasampunipun lèngsèr kaprabon ing dinten Selásá 30 April 2013, lenggah dampar minongká Ratu Walandi wiwit 30 April 1980, Ratu Beatrix nyandang titel Prinses der Nederlanden, Prinses van Oranje-Nassau lan Prinses van Lippe-Biesterfeld, cekak aos: Prinses Beatrix (Putri Beatrix). Salajengipun dampar karaton dipunterasaken déning kang putrá, Ngarsá Dalem Rájá Willem-Alexander.

    Gusti Kanjeng Putri Beatrix wiwit 4 Februari 2014 kanthi resmi mundhut Kasteel Drakensteijn minongká dalemipun, satunggaling kastil ingkang kalenggahan ing tengah alas Lage Vuursche, kutháprájá Baarn, boten tebih saking Amersfoort.

    Kastil puniká ing taun 1959 déning Frederik Lodewijk Bosch van Drakestein dipunsadé dateng Putri Beatrix (wekdal semanten yuswá 21), lajeng Putri Beatrix dhawuh supados dipunrénovasi. Piyambakipun mlebet kastil puniká wiwit taun 1963.

    Ugi sasampunipun ningkah ing taun 1966 kaliyan Pangéran Claus van Amsberg, Putri Beatrix tetep manggèn gegriyá ing kastil puniká. Sasampunipun jumenengan dados Ratu ing taun 1980, piyambakipun kaliyan kaluarginipun nembé pindhah ing taun 1981 dateng Karaton Huis ten Bosch ing Den Haag.

    Share. Facebook Twitter WhatsApp Email Telegram
    Previous ArticlePutri Oranje Jangkep 18 Tahun, Ridder lan Huisorde
    Next Article Walandi Lockdown Dugi 14 Januari
    Add A Comment

    Comments are closed.

    Nembé Mlebet
    • Pajek Gendhis Awit Januari 2024
    • Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung
    • PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi
    • ‘Marikangen’ Rokok Top Priyantun Solo
    • NATO Ngadhepi Kasunyatan Jaman, Genjot Anggaran
    Pacelathon Énggal
      • Facebook
      • Twitter
      • Instagram
      • Pinterest
      Waosanipun Bongsá Jawi
      Paling Kathah Dipunwaos

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung

      PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi

      Jaman Mbah Buyut
      Atur Sapálá
      Atur Sapálá

      Básá Jawi, utaminipun krámá madyá lan krámá inggil, dinten sapuniká sampun awis-awis dipunginaaken malih, tur sangsáyá udhar.

      Copyright © 2021 Het Javaanse Blad

      Facebook X (Twitter) Instagram LinkedIn VKontakte

      Type above and press Enter to search. Press Esc to cancel.