Close Menu
Het Javaanse Blad
    Facebook X (Twitter) Instagram
    Het Javaanse Blad
    • Pendápá
    • Atur Sapálá
    • Kraton

      Putri Ingrid Ambal Warsá Kaping 18

      19.06.2022

      Ngarsá Dalem Ngaturi Galadiner Korps Diplomatik

      13.06.2022

      Putri Beatrix Paring Anugerah Anyelir Pérak

      10.06.2022

      Ratu Máxima – Presidèn ECB Rembag Bebrayan

      09.06.2022

      Kraton Noordeinde Bika Malih Kanggé Publik

      08.06.2022
    • Den Haag

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      01.12.2023

      Rokok ing Walandi Bakal Rp 620.440 Sawungkus 

      02.06.2022

      Lockdown Rampung, Wajib Kartu Corona 

      26.01.2022

      Walandi Resmi Pungkasi Lockdown 

      25.01.2022

      Walandi Longgaraken Lockdown, Horéca Tetep Tutup 

      14.01.2022
    • Jogja

      Tingalan Jumenengan Dalem

      12.03.2021

      Kraton Jogja Prèngeti 6 Jam Serangan Oemoem 1 Maret 1949

      02.03.2021

      Uyon-Uyon Hadiluhung Senèn Pon

      25.02.2021
    • Diplomasi
    • Internasional
    • Jaman Mbah Buyut
    Het Javaanse Blad
    Panjenengan maos:Javaans » Putri Ingrid Ambal Warsá Kaping 18
    Kraton

    Putri Ingrid Ambal Warsá Kaping 18

    By Eddi Santosa19.06.20222 Mins Read
    Klik Putri Ingrid Alexandra!
    Putri Ingrid Alexandra sareng (kiwá-tengen): Putri Estelle (Swedia), Putri Amalia (Walandi, Putri Elisabeth tuwin Pangéran Charles (Belgia) © EPA/Lise Aserud

    OSLO – Putri Ingrid Alexandra ambal warsá kaping 18. Ngarsá Dalem Willem-Alexander, Gusti Kanjeng Ratu Máxima, sáhá Putri Amalia ugi rawuh ndèrèk ngurmati.

    “Ngarsá Dalem, Gusti Kanjeng Ratu, sáhá Gusti Kanjeng Putri ugi rawuh ing galadiner ngurmati ambal warsá Gusti Kanjeng Putri Ingrid Alexandra ing Kraton Oslo,” makaten Rijksvoorlichtingsdienst (17/6/2022).

    diadém = tiara

    diadeem; Sijs, Nicoline van der (2010), Etymologiebank

    Galadiner wau dipunawontenaken ing Kraton Oslo, Norwegia. Gusti Kanjeng Putri Ingrid Alexandra puniká putri mbajeng Pangéran Pati Haakon Magnus tuwin Putri Mette-Marit.

    Putri Ingrid ngastá garis kaping kalih trah panerus dampar Karajan Norwegia sasampunipun kang rámá, Pangéran Pati Haakon Magnius.

    galadiner = pasamuan ageng

    Het Javaanse Blad

    Saking Walandi, Gusti Kanjeng Putri Amalia rawuh ngagem diadém kagunganipun kang ibu, Ratu Máxima. Diadém puniká naté dipunagem Ratu naliká ningkahan pikantuk Ngarsá Dalem.

    Rángká diadém puniká taksih kalebet énggal, damelan toko Steltman saking tahun 1965. Éwodènten berlianipun saking kolèksi kagunganipun Ratu Emma, mbah buyutipun Putri Amalia.

    Gusti Kanjeng Ratu Máxima ngagem busáná gaun pistá warni abrit damelan Jan Taminiau mawi slémpang ugi warni abrit, nganggé diadém berlian Stuart.

    Lajeng kalungipun Gusti Kanjeng Ratu Máxima nganggé berlian saking abad kaping 17, salah satunggaling kolèksi adiluhung kagunganipun kraton.

    Sawetawis Ngarsá Dalem Rájá Willem-Alexander ngagem busáná warni cemeng sáhá slémpang ugi warni abrit. (es/es)

    Share. Facebook Twitter WhatsApp Email Telegram
    Previous ArticleNgarsá Dalem Ngaturi Galadiner Korps Diplomatik
    Next Article NATO Ngadhepi Kasunyatan Jaman, Genjot Anggaran
    Add A Comment

    Comments are closed.

    Nembé Mlebet
    • Pajek Gendhis Awit Januari 2024
    • Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung
    • PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi
    • ‘Marikangen’ Rokok Top Priyantun Solo
    • NATO Ngadhepi Kasunyatan Jaman, Genjot Anggaran
    Pacelathon Énggal
      • Facebook
      • Twitter
      • Instagram
      • Pinterest
      Waosanipun Bongsá Jawi
      Paling Kathah Dipunwaos

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung

      PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi

      Jaman Mbah Buyut
      Atur Sapálá
      Atur Sapálá

      Básá Jawi, utaminipun krámá madyá lan krámá inggil, dinten sapuniká sampun awis-awis dipunginaaken malih, tur sangsáyá udhar.

      Copyright © 2021 Het Javaanse Blad

      Facebook X (Twitter) Instagram LinkedIn VKontakte

      Type above and press Enter to search. Press Esc to cancel.