Close Menu
Het Javaanse Blad
    Facebook X (Twitter) Instagram
    Het Javaanse Blad
    • Pendápá
    • Atur Sapálá
    • Kraton

      Putri Ingrid Ambal Warsá Kaping 18

      19.06.2022

      Ngarsá Dalem Ngaturi Galadiner Korps Diplomatik

      13.06.2022

      Putri Beatrix Paring Anugerah Anyelir Pérak

      10.06.2022

      Ratu Máxima – Presidèn ECB Rembag Bebrayan

      09.06.2022

      Kraton Noordeinde Bika Malih Kanggé Publik

      08.06.2022
    • Den Haag

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      01.12.2023

      Rokok ing Walandi Bakal Rp 620.440 Sawungkus 

      02.06.2022

      Lockdown Rampung, Wajib Kartu Corona 

      26.01.2022

      Walandi Resmi Pungkasi Lockdown 

      25.01.2022

      Walandi Longgaraken Lockdown, Horéca Tetep Tutup 

      14.01.2022
    • Jogja

      Tingalan Jumenengan Dalem

      12.03.2021

      Kraton Jogja Prèngeti 6 Jam Serangan Oemoem 1 Maret 1949

      02.03.2021

      Uyon-Uyon Hadiluhung Senèn Pon

      25.02.2021
    • Diplomasi
    • Internasional
    • Jaman Mbah Buyut
    Het Javaanse Blad
    Panjenengan maos:Javaans » Putri Irène: Monggo nDèrèk Nanem Tetuwuhan
    Kraton

    Putri Irène: Monggo nDèrèk Nanem Tetuwuhan

    By Eddi Santosa09.03.20212 Mins Read
    Putri Irene
    credit: blauwbloed

    DEN HAAG – Kita sami kagungan tanggung jawab tumrap gesang ing bumi, pramilá kitá kedah damel pilihan sadhar.

    Makaten ngendiká Putri Irène ing pacelathon online minongká kampanye Nederland Plant Bomen (Walandi Nanem Tetuwuhan). Putri Irène mirsani bilih amargi krisis Corona sapuniká, párá wargi dados sangsáyá sadhar migatosaken alam.

    “Kitá sareng-sareng ramé budhal dateng njawi lan mirsani pripun wigatosipun mlampah-mlampah ing kisik, ing tegalan, ing alas, ing árá-árá, lan pripun saénipun kanggé kaseimbangan jasmani lan rohani. Kulá nyuwun mugi-mugi párá wargi saget ngraosaken dumukan kalih alam lan saget mirsani faédahipun,” makaten Putri Irène kados dipunpethik saking Blauwbloed, Senèn (8/3/2021).

    Kejawi makaten Putri Irène ugi ngarepaken supados pengalaman puniká saget mbiyantu párá wargi kersá ngowahi caranipun gesang.

    credit: beau monde

    “Panjenengan kagungan pilihan: sepinten panjenengan gesang sadar lan sepinten sadaripun panjenengan badhé gesang? Gesang kados sadèrèngipun Corona boten saget malih. Kitá boten kénging malih saben liburan nitih montor mabur utawi saben dinten dhahar daging. Sedáyá wau conto-conto konkrit ingkang panjenengan saget menggalih sáhá saget ngowahi. Saben-saben priyantun mesthi saget. Kitá sedáyá sesami panyiptá kanggé wekdal bénjing. Lan puniká kadhang saget dados tantangan,” dhawuh Putri Irène.

    Pramilá wigatos sanget menawi panjenengan minongká manungsá ngraos kagungan tanggung jawab tumrap bumi panggènan panjenengan gesang, utaminipun kejawi krisis Corona ugi wonten krisis iklim.

    “Kitá manungsá faktor panemtu wekdal bénjing saking gesang ing bumi lan total gumantung kalih alam. Sangsáyá sekedhik turahing alam, sangsáyá rekásá lan angèl gesang kitá. Kitá kagungan tanggung jawab kanggé gesang ing bumi sapuniká ugi. Pramilá wigatos sanget menawi kitá menggalih pripun caranipun kitá ngatur,” makaten Putri Irène.

    Share. Facebook Twitter WhatsApp Email Telegram
    Previous ArticlePabrik Gendhis Kalimati, Setu, 13-02-1892
    Next Article Kuthá Kuná Jaman Fir’aun Kepanggih ing Mesir
    Add A Comment

    Comments are closed.

    Nembé Mlebet
    • Pajek Gendhis Awit Januari 2024
    • Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung
    • PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi
    • ‘Marikangen’ Rokok Top Priyantun Solo
    • NATO Ngadhepi Kasunyatan Jaman, Genjot Anggaran
    Pacelathon Énggal
      • Facebook
      • Twitter
      • Instagram
      • Pinterest
      Waosanipun Bongsá Jawi
      Paling Kathah Dipunwaos

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung

      PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi

      Jaman Mbah Buyut
      Atur Sapálá
      Atur Sapálá

      Básá Jawi, utaminipun krámá madyá lan krámá inggil, dinten sapuniká sampun awis-awis dipunginaaken malih, tur sangsáyá udhar.

      Copyright © 2021 Het Javaanse Blad

      Facebook X (Twitter) Instagram LinkedIn VKontakte

      Type above and press Enter to search. Press Esc to cancel.