Close Menu
Het Javaanse Blad
    Facebook X (Twitter) Instagram
    Het Javaanse Blad
    • Pendápá
    • Atur Sapálá
    • Kraton

      Putri Ingrid Ambal Warsá Kaping 18

      19.06.2022

      Ngarsá Dalem Ngaturi Galadiner Korps Diplomatik

      13.06.2022

      Putri Beatrix Paring Anugerah Anyelir Pérak

      10.06.2022

      Ratu Máxima – Presidèn ECB Rembag Bebrayan

      09.06.2022

      Kraton Noordeinde Bika Malih Kanggé Publik

      08.06.2022
    • Den Haag

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      01.12.2023

      Rokok ing Walandi Bakal Rp 620.440 Sawungkus 

      02.06.2022

      Lockdown Rampung, Wajib Kartu Corona 

      26.01.2022

      Walandi Resmi Pungkasi Lockdown 

      25.01.2022

      Walandi Longgaraken Lockdown, Horéca Tetep Tutup 

      14.01.2022
    • Jogja

      Tingalan Jumenengan Dalem

      12.03.2021

      Kraton Jogja Prèngeti 6 Jam Serangan Oemoem 1 Maret 1949

      02.03.2021

      Uyon-Uyon Hadiluhung Senèn Pon

      25.02.2021
    • Diplomasi
    • Internasional
    • Jaman Mbah Buyut
    Het Javaanse Blad
    Panjenengan maos:Javaans » Putri Victoria & Pangèran Daniel 1 Dásáwarsá Ningkah
    Kraton

    Putri Victoria & Pangèran Daniel 1 Dásáwarsá Ningkah

    By Eddi Santosa19.06.20204 Mins Read
    Putri Victoria
    credit: blauwbloed

    STOCKHOLM – Dinten puniká, 19 Juni 2020, Putri Pati Swedia Victoria lan Pangéran Daniel mrèngeti satunggal dásáwarsá ningkahanipun.

    Pramilá kitá badhé andum cariyos lelampahan katresnan piyambakipun kekalih. Wekdal semanten Mángsá Semi taun 2002. Sasampunipun lulus saking Yale University, AS, lajeng magang makaryá wonten ing PBB, New York, lan ngalami ambyar hubungan, Putri Pati Victoria kundur malih wonten Stockholm. Media Swedia ngabaraken babagan calon énggalipun Putri Pati Victoria, wekdal semanten taksih yuswá 24 taun.

    Naliká Mángsá Bentèr taun ingkang sami langkung cethá bilih Daniel Westling calon garwanipun Putri Pati Victoria. Daniel puniká pengusáhá lan remen olahrágá. Piyambakipun kekalih tepangan wonten ing fitness center kuthá Stockholm, kagunganipun Daniel. Ing fitness center alit puniká Daniel dipun tepangaken kalihan Putri Pati Victoria minongká personal trainer. Paribasan witing tresná jalaran sáká kuliná, antawis piyambakipun kekalih tuwuh bibit-bibit katresnan.

    foto: blauwbloed

    Daniel lan Putri Pati Victoria sami-sami rumaos cocok lan sangsáyá dangu sangsáyá katresnan. Masyarakat Swedia ugi saget nampi lan ngurmati Daniel naliká nulungi Putri Pati Victoria ngadhepi penyakit anorexia. Tanggal 1 Juli 2008 Daniel wiwitan pindhah wonten ing apartemèn séwá caket kalihan kraton Drottningholm.

    Lajeng ten tanggal 24 Februari 2009 medal pawartos ingkang sampun dipuntenggá-tenggá déning párá kawulá Swedia: Putri Pati Victoria tunangan kalihan Daniel, kawulá biasa. Bingah kanthi pasuryan moncèr Putri Pati Victoria nedhahaken ali-ali peningsetipun.

    “Sareng Daniel ten sisihipun kulá, kulá rumaos tentrem. Taun-taun kepungkur kulá rumaos sangsáyá kiat lan sangsáyá bingah bagyá. Lajeng sapuniká wekdalipun mbangun samubarang sareng-sareng lan mbangun kaluargi,” ngendikanipun Putri Pati Victoria.

    Putri Pati Victoria sanès ingkang sepindhah saking trah Karajan Swedia ingkang ningkahan kalih kawulá biasa. Ramanipun Putri Pati Victoria, Ngarsá Dalem Rájá Carl Gustaf, ugi katresnan lan ningkahan kalih kawulá biasa, sapuniká kasebat Ratu Silvia.

    foto: blauwbloed

    Daniel matur bilih piyambakipun nerveus naliká piyambakipun wonten satunggaling dinten ingkang éndah padhang njembrang ten plataran kraton Drottningholm atur sambat dumateng Putri Pati Victoria supados kersá dados garwanipun, “Kulá ngarep wangsulan “Nggih”, nanging kulá mboten yakin,” makaten Daniel.

    Dinten sadèrèngipun Putri Pati Victoria lan Daniel ningkahan, dipunselenggaraaken konser kanggé piyambakipun kekalih. Parlemèn Swedia ugi paring gala-evenement wonten ing Stockholm Concert Hall.

    Lajeng tanggal 19 Juni 2010: dinten ningkahanipun Putri Pati Victoria lan Daniel. Ingkang mbingahaken, Putri Pati Victoria lan Daniel sami-sami milih tanggal ningkahanipun sami kalihan tanggal ningkahanipun Bápá Ibunipun: Ngarsá Dalem Rájá Carl Gustaf lan Ratu Silvia. Kanthi langkung saking 1.000 tamu lan mèh 2 yutá pamirsá ten Stockholm, ningkahanipun Putri Pati Victoria lan Daniel dipunwastani ‘ningkahan kraton paling ageng ten Eropa’ sasampunipun Pangéran Pati Charles lan Diana Spencer.

    Gaun ningkah Putri Pati Victoria dipunrancang déning Pär Engsheden. Naliká ngagem gaun pethak ingkang éndah pèni, Putri Pati Victoria ngagem tiara Cameo. Tiara ingkang sami ugi dipun agem déning ibunipun Putri Pati Victoria naliká dinten ningkahanaipun kalihan Ngarsá Dalem Rájá Karl Gustav taun 1976.

    foto: blauwbloed

    Wanci siangipun Puteri Pati Victoria lan Daniel nglampahi akad lan janji ningkah ten katedral kuthá Stockholm.

    Putri Pati Victoria lan Daniel naliká ningkahan wau dipuniringi sedásá Putri Domas antawisipun Putri Amalia (Walandi) lan Putri Ingrid Alexandra (Norwegia). Párá Putri Domas ngagem gaun warni pethak damelan perancang ingkang sami kalihan gaun Putri Pati Victoria.

    Pengantèn kekalih budhal saking gréjá nitih krétá tanpá payon, lajeng dipunbetá keliling kuthá Stockholm. Kathah khalayak sadowinipun route pengantèn langkung kanthi ngarep saget mirsani pengantèn kekalih.

    Route krétá pengantèn Putri Pati Victoria nuju pelabuhan, wonten mriká Koninklijke Sloep (prahu khusus karajan) sampun nenggá, lajeng pengantèn énggal puniká nitih prahu nuju kraton.

    Dinten ningkahanipun Putri Pati Victoria siang puniká dipunpungkasi kanthi balkonscène, tegesipun pengantèn karajan puniká medal wonten ing balkon, lajeng srawéan dumateng khalayak kanthi mèsem bingah moncèr pasuryanipun.

    Dalunipun wonten pasugatan pista gala dinner kanthi taart pengantèn ageng sanget lan temtu kèmawon dansa Putri Pati Victoria lan Daniel kaping sepindhah minongká garwá miturut tradisi Swedia. Acara ningkahanipun Putri Pati Victoria puniká dipunsiaraken televisi Swedia dugi jam 01.00. (Bron: Blauwbloed.eo.nl)

    Share. Facebook Twitter WhatsApp Email Telegram
    Previous ArticleSorogan 1: Aksárá lan Pangucapanipun
    Next Article Kutháprájá Almere Badhé Batalaken Floriade 2022
    Add A Comment

    Comments are closed.

    Nembé Mlebet
    • Pajek Gendhis Awit Januari 2024
    • Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung
    • PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi
    • ‘Marikangen’ Rokok Top Priyantun Solo
    • NATO Ngadhepi Kasunyatan Jaman, Genjot Anggaran
    Pacelathon Énggal
      • Facebook
      • Twitter
      • Instagram
      • Pinterest
      Waosanipun Bongsá Jawi
      Paling Kathah Dipunwaos

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung

      PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi

      Jaman Mbah Buyut
      Atur Sapálá
      Atur Sapálá

      Básá Jawi, utaminipun krámá madyá lan krámá inggil, dinten sapuniká sampun awis-awis dipunginaaken malih, tur sangsáyá udhar.

      Copyright © 2021 Het Javaanse Blad

      Facebook X (Twitter) Instagram LinkedIn VKontakte

      Type above and press Enter to search. Press Esc to cancel.