Close Menu
Het Javaanse Blad
    Facebook X (Twitter) Instagram
    Het Javaanse Blad
    • Pendápá
    • Atur Sapálá
    • Kraton

      Putri Ingrid Ambal Warsá Kaping 18

      19.06.2022

      Ngarsá Dalem Ngaturi Galadiner Korps Diplomatik

      13.06.2022

      Putri Beatrix Paring Anugerah Anyelir Pérak

      10.06.2022

      Ratu Máxima – Presidèn ECB Rembag Bebrayan

      09.06.2022

      Kraton Noordeinde Bika Malih Kanggé Publik

      08.06.2022
    • Den Haag

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      01.12.2023

      Rokok ing Walandi Bakal Rp 620.440 Sawungkus 

      02.06.2022

      Lockdown Rampung, Wajib Kartu Corona 

      26.01.2022

      Walandi Resmi Pungkasi Lockdown 

      25.01.2022

      Walandi Longgaraken Lockdown, Horéca Tetep Tutup 

      14.01.2022
    • Jogja

      Tingalan Jumenengan Dalem

      12.03.2021

      Kraton Jogja Prèngeti 6 Jam Serangan Oemoem 1 Maret 1949

      02.03.2021

      Uyon-Uyon Hadiluhung Senèn Pon

      25.02.2021
    • Diplomasi
    • Internasional
    • Jaman Mbah Buyut
    Het Javaanse Blad
    Panjenengan maos:Javaans » Raad van State, Putri Oranje Dipuntepangaken
    Kraton

    Raad van State, Putri Oranje Dipuntepangaken

    By Eddi Santosa10.11.20212 Mins Read
    Kawruh Walandi Raad van State Putri Oranje - Het Javaanse Blad
    De Prinses van Oranje (Foto: RVD/Martijn Beekman)

    DEN HAAG – Prinses van Oranje (Putri Oranje) kanggé wekdal kaping sepindhah dipuntepangaken ing Raad van State (Déwan Pirembag Ageng) déning Ngarsá Dalem minongká pangarsá, Gusti Kanjeng Ratu Máxima ugi rawuh, mangké dinten Rebo 8 Desember 2021.

    Pasamuan boten limrah puniká badhé dipunawontenaken ing Balzaal van  Paleis Kneuterdijk (Bangsal Ageng Kraton Kneuterdijk) Den Haag, makaten serat pawarta saking Rijksvoorlichtingsdienst ingkang dipuntampi Het Javaanse Blad (8/11).

    Artikel 74 van de Grondwet (Pasal 74 UUD) netepaken bilih ‘panerus makutá’ wiwit yuswá 18 taun pikantuk kalenggahan ing Raad van State. Putri Oranje, pangarsá Raad van State sáhá wakil mr. Thom de Graaf salebeting pasamuan ageng puniká badhé ngaturaken pidato cekak aos.

    De Raad van State puniká satunggaling majelis inggil Karajan Walandi lan cacahipun wonten 70 anggota, minongká majelis ingkang mardhiká maringi pirembug dumateng pamréntah sáhá parlemèn babagan pranatan lan pamréntahan, ugi minongká mahkamah administrasi paling inggil ing tanah Walandi.

    Wewenang puniká dipuntindakaken déning 2 bagéan ingkang kapisah: Afdeling Advisering (Bagéan Paring Pirembug) lan Afdeling Bestuursrechtspraak (Pangadilan Administrasi/Tátá Usaha Nagari).

    Putri Oranje minongká panerus makutá wiwit yuswá 18, inggih puniká sasampunipun tanggap warsá mangké tanggal 7 Desember 2021, pikantuk kalenggahan wonten ing rapat Raad van Staat ing bagéan Afdeling Advisering. Makaten Grondwet (UUD) sampun netepaken.

    Panerus makutá kanthi makaten saget cecawis tumrap pedamelanipun samangké minongká Rájá utawi Ratu antawisipun mawi nambah kawruh pranatan lan hukum tátá negari kados makaten. UUD netepaken bilih Rájá/Ratu dados pangarsá Raad van State. 

    Puniká namung fungsi seremonial, sarèhning pakaryan saben dintenipun dipuncepeng wakilipun. Gusti Kanjeng Ratu Máxima pikantuk kalenggahan wonten ing Raad van State ing Afdeling advisering wiwit taun 2004. Putri Oranje, kados Ratu Máxima, mangké saget lenggah ngrawuhi rapat-rapat ing Afdeling Advisering. Ing praktèkipun piyambakipun boten kagungan gegayutan ingkang pokok, ugi boten kagungan hak suanten. 

    Sarèhning wonten dandan (rénovasi) Binnenhof, pasamuan ageng puniká dipunleksanaaken ing Paleis Kneuterdijk (Kraton Kneuterdijk), boten saget ing Binnenhof, presisipun ing Volle Raadzaal bangsal angengipun Raad van State kados biasanipun. Kanggé mrèngeti wekdal puniká Putri Oranje dipunaturi déning Daad van State karsá nanem wit koningslinde (Tilia europaea) ing taman Prancis, Kraton Kneuterdijk.  

    Share. Facebook Twitter WhatsApp Email Telegram
    Previous ArticlePM Rutte Tuwi Yunani, Albania, Macedonia
    Next Article Walandi Tanpá Kabinèt Sampun 9 Sasi
    Add A Comment

    Comments are closed.

    Nembé Mlebet
    • Pajek Gendhis Awit Januari 2024
    • Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung
    • PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi
    • ‘Marikangen’ Rokok Top Priyantun Solo
    • NATO Ngadhepi Kasunyatan Jaman, Genjot Anggaran
    Pacelathon Énggal
      • Facebook
      • Twitter
      • Instagram
      • Pinterest
      Waosanipun Bongsá Jawi
      Paling Kathah Dipunwaos

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung

      PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi

      Jaman Mbah Buyut
      Atur Sapálá
      Atur Sapálá

      Básá Jawi, utaminipun krámá madyá lan krámá inggil, dinten sapuniká sampun awis-awis dipunginaaken malih, tur sangsáyá udhar.

      Copyright © 2021 Het Javaanse Blad

      Facebook X (Twitter) Instagram LinkedIn VKontakte

      Type above and press Enter to search. Press Esc to cancel.