AMSTERDAM – Kathahipun saking 900.000 umat Muslim ing Walandi badhé nglampahi siyam Ramadan mangké dinten Selásá, 13 April.
Gangsal pitakènan babagan Ramadan ing Walandi lan punápá kémawon bèntenipun sarèhning wonten lockdown Corona?
1. Kapan presisipun Ramadan dipunwiwiti?
Pananggalan islam pangétanganipun miturut lampahipun rembulan, Ramadan dipunwiwiti menawi rembulan énggal utawi hilal sampun ketingal.
“Global cethá sanget kapan wekdal Ramadan dipunwiwiti, nanging saget bènten-bènten. Sinten ingkang netepaken hilal? Lajeng menawi Muslim Walandi saking Marokko utawi saking Indonesia ningali hilal wau, ugi saget wonten bèntenipun,” ngendiká Prof. Maurits Berger, Guru Besar Islam ing Kilèn, Universitas Leiden.
Muhsin Köktas saking Contactorgaan Moslims en Overheid/CMO (Déwan Musyawarah Muslim lan Pamrèntah, red) ingkang mayungi 380 masjid ing Walandi, nerangaken bilih sepalih umat Muslim boten ningali hilal, utawi tanggal énggal, nanging nyepengi hisab ingkang gampil.
“Kelompok puniká badhé miwiti Ramadan taun puniká wonten ing dinten Selásá énjing 13 April wiwit fajar. Sembahyang tarawèh kaping sepindhah ing dalu sadèrèngipun,” makaten Muhsin Köktas.
2. Wonten pinten umat Muslim ing Walandi ingkang nindakaken siyam Ramadan?
Ing Walandi wonten 900.000 umat Muslim. “Ramadan kanggé mayoritas priyantun saking kelompok puniká wigatos sanget,” ngendiká Prof. Berger.
“Kathahipun ndhèrèk nglampahi siyam Ramadan miturut rupi-rupi tradisinipun. Pancènipun Ramadan puniká wekdal istimèwa, dipunlampahi sareng-sareng kaluargi sáhá kaliyan párá réncang. Saking paningalan puniká panjenengan saget mbandhingaken kalih tigang dásá dinten Natal,” makaten Prof. Berger.
Köktas paring katerangan bilih Ramadan, kados aspèk agámá sanèsipun, minongká satunggaling pengalaman diri.
“Tiyang-tiyang ingkang gerah, párá wanitá ingkang wawrat, laré-laré dugi yuswá 11 taun, sáhá tiyang-tiyang ingkang kekésahan (safar), saget boten ndhèrèk siyam, boten wajib siyam 30 dinten, punápá malih menawi gerah nemen. Nanging tiyang-tiyang wau kedah nglampahi siyam ing dinten sanès menawi sampun saras malih,”
3. Punápá ingkang dipuntindakaken ing sasi Ramadan?
Umat Muslim wiwit mlebet fajar dugi maghrib srengéngé ambles boten kénging dhahar, ngunjuk, udud, lan boten kénging campur kalih garwanipun. Puniká sasi kanggé éling ing pundi umat Muslim ajar nyandhet diri lan nyadhari kanggé punápá gesang puniká. Kejawi makaten sasi Ramadan ugi wekdal kanggé kathah nedhahaken sabar, lomá, sedekah, lan guyub.
“Kathah tiyang maringi sedekah wonten ing sasi Ramadan utawi maringi dhaharan kanggé tanggi tepalihipun ingkang mbetahaken. Ugi kathah masjid ngawontenaken tumindakan kanggé andum pakèt dhaharan,” makaten Köktas.
4. Punápá boten awrat saben dinten nglampahi siyam?
“Ing sasi-sasi mongsá bentèr langkung awrat tinimbang sasi-sasi mongsá semi, sarèhning dinten ing mongsá bentèr langkung dangu. Nanging sesarengan wau kaum Muslim sampun biasa nglampahi saben taun. Raosipun langkung ènthèng menawi menggalih dateng tiyang sanès ingkang tansah luwé utawi tiyang ingkang kirang gadhah tinimbang kitá,” Köktas nerangaken.
Sarèhning Ramadan dhawahipun saben taun tansah nggèsèr boten ajeg, pramilá saget kémawon sebagéan umat Muslim siyam naliká wekdal-wekdal ingkang kathah strès kados wanci ujian sekolah.
“Pinten-pinten taun kapengker sebagéan siswá ingkang ujian pungkasan ngraos awrat nglampahi siyam. Utawi tuládhá sanèsipun umat Muslim ing Skandinavia, menawi Ramadan dhawah ing sasi-sasi mongsá bentèr, pinten-pinten minggu boten naté peteng. Menawi siang terus kados makaten pramilá nglampahi siyam Ramadan ndhèrèk cepengan wekdal Mekkah,” Prof. Berger maringi tuládhá.
5. Amargi Corona, punápá mawon ingkang dipunowahi sadangunipun Ramadan?
Masjid-masjid sapuniká tutup, ndhèrèkaken pranatan protokol Corona, makaten Köktas. “Pinten-pinten bagéan Ramadan boten saget kalaksanan, kados dhahar iftar (buká siyam) sareng-sareng kaluargi sáhá réncang-réncang. Iftar puniká dipunlampahi ramé-ramé wonten ing mongsá normal sasampunipun srengéngé ambles. Nanging umat saget mangertosi kahanan puniká: keséhatan langkung utami. Jamaah sareng-sareng puniká nggih wigatos, nanging agami ugi saget dipunlampahi kanthi piyambak-piyambak,”