Close Menu
Het Javaanse Blad
    Facebook X (Twitter) Instagram
    Het Javaanse Blad
    • Pendápá
    • Atur Sapálá
    • Kraton

      Putri Ingrid Ambal Warsá Kaping 18

      19.06.2022

      Ngarsá Dalem Ngaturi Galadiner Korps Diplomatik

      13.06.2022

      Putri Beatrix Paring Anugerah Anyelir Pérak

      10.06.2022

      Ratu Máxima – Presidèn ECB Rembag Bebrayan

      09.06.2022

      Kraton Noordeinde Bika Malih Kanggé Publik

      08.06.2022
    • Den Haag

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      01.12.2023

      Rokok ing Walandi Bakal Rp 620.440 Sawungkus 

      02.06.2022

      Lockdown Rampung, Wajib Kartu Corona 

      26.01.2022

      Walandi Resmi Pungkasi Lockdown 

      25.01.2022

      Walandi Longgaraken Lockdown, Horéca Tetep Tutup 

      14.01.2022
    • Jogja

      Tingalan Jumenengan Dalem

      12.03.2021

      Kraton Jogja Prèngeti 6 Jam Serangan Oemoem 1 Maret 1949

      02.03.2021

      Uyon-Uyon Hadiluhung Senèn Pon

      25.02.2021
    • Diplomasi
    • Internasional
    • Jaman Mbah Buyut
    Het Javaanse Blad
    Panjenengan maos:Javaans » Ramadan Sangsáyá Bentèr Sangsáyá Saé
    Internasional

    Ramadan Sangsáyá Bentèr Sangsáyá Saé

    By Eddi Santosa12.04.20212 Mins Read
    Ramadan - Het Javaanse Blad
    Emna Boukottaya (Beeld: Trouw/Rob Huibers)

    DEN HAAG – Ramadan puniká ujian, dados sangsáyá bentèr sangsáyá saé, makaten Emna Boukottaya (41). Menawi Ramadan dhawah ing mongsá bentèr (summer), kejawi bentèr ugi dangunipun siyam saget ngantos 21 jam.

    Wonten ing negari minoritas muslim kados Walandi, sasi Ramadan sáhá tradisinipun tansah dados pawartos, kados dipunaturaken ing Trouw déning Emna Boukottaya, priyantun Arab Tunisia, satunggaling negari tanggi sisih wétanipun Marokko.

    “Kulá nggih ngelak lan lémpoh. Dinten puniká rekásá sanget. Kulá sakeluargi taksih badhé wangsul dateng Tunisia, lan kulá taksih ngepak-ngepak barang. Dadosipun kulá ugi boten saget tilem nglanther, amargi terus menggalih pripun caranipun ngepaki barang-barang wau. Lajeng tengah dalu taksih kedah wungu kanggé sahur.

    Naliká siyam Ramadan makaten: sangsáyá bentèr, sangsáyá saé. Sabab ndamel kitá langkung kiat. Kitá kedah ngraosaken siyam, menawi boten makaten nggih boten pikantuk paedah. Sangsáyá awrat siyam, sangsáyá ageng piwales ganjaranipun.

    Piwales punápá? nDamel kitá tambah sabar. Gesang ing donyá kadhang kálá pikantuk kasisahan lan kadhang kálá nggih kanikmatan, sarwá gampil. Ramadan puniká ujian kanggé ingkang badhé dipunadhepi mbénjing. Sasi puniká sasi kanggé dipunnikmati, ngraos syukur. Kulá taksih saget ambegan, saget ningali, saget ngendikan, saget gemujeng. Perkawis-perkawis ingkang ndamel kulá langkung sadhar.

    Kulá mangertos wonten párá dokter ingkang ngendiká bilih kitá ing wanci bentèr puniká kedah ngunjuk toyá kathah-kathah. Nanging kulá boten pati pitados nemen-nemen. Kulá sampun gadhah dokter piyambak: Nabi SAW. Piyambakipun dhawuh bilih siyam sedinten mawon saé kanggé sirá.”

    “Lha puniká siyam sesasi kados pundi saénipun cobi?” makaten Emna Boukottaya.

    Interior Mescid-l Aksa Camii (Masjid Jami’ Al-Aqsa), Den Haag
    Share. Facebook Twitter WhatsApp Email Telegram
    Previous ArticleRamadan ing Walandi 13 April, 5 Pitakènan
    Next Article Marianne Vorthoren Mlebet Islam Jalaran Adzan
    Add A Comment

    Comments are closed.

    Nembé Mlebet
    • Pajek Gendhis Awit Januari 2024
    • Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung
    • PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi
    • ‘Marikangen’ Rokok Top Priyantun Solo
    • NATO Ngadhepi Kasunyatan Jaman, Genjot Anggaran
    Pacelathon Énggal
      • Facebook
      • Twitter
      • Instagram
      • Pinterest
      Waosanipun Bongsá Jawi
      Paling Kathah Dipunwaos

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung

      PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi

      Jaman Mbah Buyut
      Atur Sapálá
      Atur Sapálá

      Básá Jawi, utaminipun krámá madyá lan krámá inggil, dinten sapuniká sampun awis-awis dipunginaaken malih, tur sangsáyá udhar.

      Copyright © 2021 Het Javaanse Blad

      Facebook X (Twitter) Instagram LinkedIn VKontakte

      Type above and press Enter to search. Press Esc to cancel.