Close Menu
Het Javaanse Blad
    Facebook X (Twitter) Instagram
    Het Javaanse Blad
    • Pendápá
    • Atur Sapálá
    • Kraton

      Putri Ingrid Ambal Warsá Kaping 18

      19.06.2022

      Ngarsá Dalem Ngaturi Galadiner Korps Diplomatik

      13.06.2022

      Putri Beatrix Paring Anugerah Anyelir Pérak

      10.06.2022

      Ratu Máxima – Presidèn ECB Rembag Bebrayan

      09.06.2022

      Kraton Noordeinde Bika Malih Kanggé Publik

      08.06.2022
    • Den Haag

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      01.12.2023

      Rokok ing Walandi Bakal Rp 620.440 Sawungkus 

      02.06.2022

      Lockdown Rampung, Wajib Kartu Corona 

      26.01.2022

      Walandi Resmi Pungkasi Lockdown 

      25.01.2022

      Walandi Longgaraken Lockdown, Horéca Tetep Tutup 

      14.01.2022
    • Jogja

      Tingalan Jumenengan Dalem

      12.03.2021

      Kraton Jogja Prèngeti 6 Jam Serangan Oemoem 1 Maret 1949

      02.03.2021

      Uyon-Uyon Hadiluhung Senèn Pon

      25.02.2021
    • Diplomasi
    • Internasional
    • Jaman Mbah Buyut
    Het Javaanse Blad
    Panjenengan maos:Javaans » Ratu Elizabeth Ngunjuk Tèh Sareng Paddington
    Kraton

    Ratu Elizabeth Ngunjuk Tèh Sareng Paddington

    By Eddi Santosa05.06.20223 Mins Read
    Klik Ratu Elizabeth 70 Taun Jumeneng
    Ratu Elizabeth 70 Taun Jumeneng © AP via Pagesix

    LONDON – Ratu Elizabeth II (96) mprèngeti jumenenganipun ingkang kaping 70 mawi ngunjuk tèh sareng beruang Paddington. Videonipun pikantuk èwonan like.

    Gusti Kanjeng Ratu nampi beruang Paddington ing Kastil Windsor lan maringi pirsá isi tas piyambakipun. Foto lan video Ratu sareng Paddington wau lajeng dados headline serat kabar-serat kabar Inggris.

    © The Royal Family

    “Matur nuwun sampun karsá nampi kulá, mugi-mugi panjenengan pikantuk ambal warsá jumenengan ingkang berkah,” makaten Paddington matur dumateng Ratu.

    Kados Pundi Dipuntampi Ratu?

    Sowan necis ngadhep Gusti Kanjeng Ratu mawi unggah-ungguh kraton ndadosaken Paddington malah gugup boten kinten-kinten. 

    “Tèh?“ Ratu ngaturi, lajeng Paddington ngunjuk tèh langsung saking téko. Mirsani kados makaten Gusti Kanjeng Ratu kaget gumun.

    Paddington sadar mesthinipun Ratu rumiyin, lajeng nuangaken tèh kanggé Ratu nanging keplèset mencèt dhaharan, cipratanipun kènging abdi dalem. Paddington nyuwun pangapunten.

    “Boten nápá-nápá,” dhawuh Ratu.

    “Kadosipun panjenengan karsá sandwich nganggé marmelade? Kulá tansah mbetá satunggal mbok menawi sawekdal-wekdal mbetahaken,” makaten Paddington, sinambi mundhut roti saking capingipun. 

    Jebul Ratu inggih makaten ugi. “Kulá tansah nyimpen kagunganipun kulá ing mriki, kanggé mangké,” ngendiká Ratu, sawetawis piyambakipun mundhut roti saking tas cemengipun ingkang misuwur.

    Sawetawis, abdi dalem matur bilih pagelaran badhé dipunwiwiti. Ratu sareng Paddington lajeng nuthuk-nuthuk cangkir tèh ndèrèkaken irama We Will Rock You saking grup Queen.

    Remen Damel Humor

    Video Ratu Elizabeth sareng Paddington wau dipunsiaraken kálá wingi dalu sadèrèngipun pagelaran ageng ingkang dipunaturaken kanggé párá kawulá ing London.

    Ratu piyambak sarèhning ngraos boten sekécá piyambakipun boten saget ngrawuhi pagelaran.

    “Nggumunaken sanget bilih piyambakipun, yuswá 96 taun lan sampun jumeneng 70 taun, taksih saget ndamel kaget,” makaten jurnalis BBC, Michael Cowan.

    Serat kabar-serat kabar ageng Inggris masang foto ukuran ageng Gusti Kanjeng Ratu Elizabeth sareng Paddington ing kácá utami.

    “Sadangunipun kulá gesang kadosipun kulá bakal ningali foto puniká saben dinten,” serat tukang ndagel Tim Vine naliká mirsani Ratu mundhut roti saking tasipun.

    Serat kabar-serat kabar wau ugi nyerat bilih video Ratu kaliyan Paddington dipunrekam ing Kastil Windsor lan piyambakipun setengah dinten bingah sumringah sanget.

    Sawetawis Kraton Buckingham ngaturaken pirsá bilih ‘kedayohan beruang Paddington naliká Ratu ngunjuk tèh éman sanget menawi boten direkam video.’

    Ratu piyambak sampun misuwur menawi remen humor, lajeng karsá paring idin lan wekdal kanggé damel video wau.

    Éwodènten Rosie Alison, saking Heyday Films ingkang ndèrèk nggarap proyèk puniká ngendiká dateng The Sunday Telegraph bilih sedáyá tim kesengsem déning humor sáhá sumèhipun Ratu.

    “Piyambakipun ugi damel kitá sedáyá sekécá. Kepareng damel video puniká saèstu-èstu satunggaling privilege,” makaten Alison.

    Share. Facebook Twitter WhatsApp Email Telegram
    Previous ArticleRokok ing Walandi Bakal Rp 620.440 Sawungkus 
    Next Article Kraton Noordeinde Bika Malih Kanggé Publik
    Add A Comment

    Comments are closed.

    Nembé Mlebet
    • Pajek Gendhis Awit Januari 2024
    • Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung
    • PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi
    • ‘Marikangen’ Rokok Top Priyantun Solo
    • NATO Ngadhepi Kasunyatan Jaman, Genjot Anggaran
    Pacelathon Énggal
      • Facebook
      • Twitter
      • Instagram
      • Pinterest
      Waosanipun Bongsá Jawi
      Paling Kathah Dipunwaos

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung

      PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi

      Jaman Mbah Buyut
      Atur Sapálá
      Atur Sapálá

      Básá Jawi, utaminipun krámá madyá lan krámá inggil, dinten sapuniká sampun awis-awis dipunginaaken malih, tur sangsáyá udhar.

      Copyright © 2021 Het Javaanse Blad

      Facebook X (Twitter) Instagram LinkedIn VKontakte

      Type above and press Enter to search. Press Esc to cancel.