Close Menu
Het Javaanse Blad
    Facebook X (Twitter) Instagram
    Het Javaanse Blad
    • Pendápá
    • Atur Sapálá
    • Kraton

      Putri Ingrid Ambal Warsá Kaping 18

      19.06.2022

      Ngarsá Dalem Ngaturi Galadiner Korps Diplomatik

      13.06.2022

      Putri Beatrix Paring Anugerah Anyelir Pérak

      10.06.2022

      Ratu Máxima – Presidèn ECB Rembag Bebrayan

      09.06.2022

      Kraton Noordeinde Bika Malih Kanggé Publik

      08.06.2022
    • Den Haag

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      01.12.2023

      Rokok ing Walandi Bakal Rp 620.440 Sawungkus 

      02.06.2022

      Lockdown Rampung, Wajib Kartu Corona 

      26.01.2022

      Walandi Resmi Pungkasi Lockdown 

      25.01.2022

      Walandi Longgaraken Lockdown, Horéca Tetep Tutup 

      14.01.2022
    • Jogja

      Tingalan Jumenengan Dalem

      12.03.2021

      Kraton Jogja Prèngeti 6 Jam Serangan Oemoem 1 Maret 1949

      02.03.2021

      Uyon-Uyon Hadiluhung Senèn Pon

      25.02.2021
    • Diplomasi
    • Internasional
    • Jaman Mbah Buyut
    Het Javaanse Blad
    Panjenengan maos:Javaans » Ratu Máxima – Presidèn ECB Rembag Bebrayan
    Kraton

    Ratu Máxima – Presidèn ECB Rembag Bebrayan

    By Eddi Santosa09.06.20221 Min Read
    Klik Ratu Máxima Nampi Lagarde!
    Ratu Máxima © Nouveau

    AMSTERDAM – Ratu Máxima nampi Presidèn ECB Lagarde ngrembag bebrayan. Taksih wonten 1,7 milyar tiyang dèrèng pikantuk layanan.

    Gusti Kanjeng Ratu Máxima ngendikan sareng presidèn Europese Centrale Bank (ECB) Christine Lagarde ing Rijksmuseum Amsterdam, dinten Rebo dalu suryá 8/6/2022.

    Koningin Máxima @UNSGSA spreekt in het @paleisamsterdam met de president van de @ecb over CBDC (digitaal geld van centrale banken), financiële gezondheid en het afstemmen van financiële diensten op de behoeften van de gebruikers #financiëleinclusie⁰https://t.co/whICiHOZ9f pic.twitter.com/Gy0XaC6BBd

    — Koninklijk Huis (@koninklijkhuis) June 8, 2022

    Kekalihipun ngrembag babagan pambiayaan bebrayan, makaten Rijksvoorlichtingsdienst mawi serat pawartá dateng Het Javaanse Blad.

    Gusti Kanjeng Ratu rawuh minongká advokat Sèkjèn PBB bidang pambiayaan bebrayan kanggé pembangunan (UNSGSA).

    Gusti Kanjeng Ratu Máxima sáhá Lagarde antawisipun ngendikan babagan CBDC, inggih puniká artá digital saking bank séntral.

    Piranti puniká maringi kamungkinan énggal kanggé tetiyang lan perusahaan sáhá mbiyantu pangginaan jásá pambiayaan ingkang sangsáyá digital.

    Sanèsipun inggih punikà kaséhatan pambiayaan ing negari-negari majeng lan ngembang sáhá aningkataken tátáleksáná data kanggé mathukaken layanan tumrap kabetahan perusahaan lan tetiyang.

    Sapuniká taksih wonten 1,7 milyar tiyang diwásá sajagad dèrèng pikantuk layanan pambiayaan, utaminipun ingkang gajinipun sekedhik, wanitá, lan perusahaan alit.

    Gusti Kanjeng Ratu sareng Putri Ariane nembé mawon kundur saking Argentina kanggé mprèngeti sedanipun adik ingkang nami Inés, sekawan taun kapungkur.

    Sadangunipun dhahar dalu, ugi rawuh Ngarsá Dalem Rájá Willem-Alexander, Perdana Menteri Mark Rutte Menteri Artábándhá Sigrid Kaag sáhá pangageng sanèsipun.

    Share. Facebook Twitter WhatsApp Email Telegram
    Previous ArticleKraton Noordeinde Bika Malih Kanggé Publik
    Next Article Putri Beatrix Paring Anugerah Anyelir Pérak
    Add A Comment

    Comments are closed.

    Nembé Mlebet
    • Pajek Gendhis Awit Januari 2024
    • Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung
    • PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi
    • ‘Marikangen’ Rokok Top Priyantun Solo
    • NATO Ngadhepi Kasunyatan Jaman, Genjot Anggaran
    Pacelathon Énggal
      • Facebook
      • Twitter
      • Instagram
      • Pinterest
      Waosanipun Bongsá Jawi
      Paling Kathah Dipunwaos

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung

      PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi

      Jaman Mbah Buyut
      Atur Sapálá
      Atur Sapálá

      Básá Jawi, utaminipun krámá madyá lan krámá inggil, dinten sapuniká sampun awis-awis dipunginaaken malih, tur sangsáyá udhar.

      Copyright © 2021 Het Javaanse Blad

      Facebook X (Twitter) Instagram LinkedIn VKontakte

      Type above and press Enter to search. Press Esc to cancel.