Close Menu
Het Javaanse Blad
    Facebook X (Twitter) Instagram
    Het Javaanse Blad
    • Pendápá
    • Atur Sapálá
    • Kraton

      Putri Ingrid Ambal Warsá Kaping 18

      19.06.2022

      Ngarsá Dalem Ngaturi Galadiner Korps Diplomatik

      13.06.2022

      Putri Beatrix Paring Anugerah Anyelir Pérak

      10.06.2022

      Ratu Máxima – Presidèn ECB Rembag Bebrayan

      09.06.2022

      Kraton Noordeinde Bika Malih Kanggé Publik

      08.06.2022
    • Den Haag

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      01.12.2023

      Rokok ing Walandi Bakal Rp 620.440 Sawungkus 

      02.06.2022

      Lockdown Rampung, Wajib Kartu Corona 

      26.01.2022

      Walandi Resmi Pungkasi Lockdown 

      25.01.2022

      Walandi Longgaraken Lockdown, Horéca Tetep Tutup 

      14.01.2022
    • Jogja

      Tingalan Jumenengan Dalem

      12.03.2021

      Kraton Jogja Prèngeti 6 Jam Serangan Oemoem 1 Maret 1949

      02.03.2021

      Uyon-Uyon Hadiluhung Senèn Pon

      25.02.2021
    • Diplomasi
    • Internasional
    • Jaman Mbah Buyut
    Het Javaanse Blad
    Panjenengan maos:Javaans » Ratu Paring Pidato ing Dinten Wanitá
    Kraton

    Ratu Paring Pidato ing Dinten Wanitá

    By Eddi Santosa11.03.20212 Mins Read
    Ratu Maxima
    cradit: blauwbloed

    DEN HAAG – Gusti Kanjeng Ratu Máxima der Nederlanden kersá paring pidato Call to Action for Reaching Financial Equality (Dhawuh Tumindak Kanggé Sami Brayan Ngupáyá ing Babagan Artá, red) miwiti prèngetan Dinten Wanitá Internasional), Senèn (8/3/2021).

    Pasugatan dinten puniká dipunawontenaken déning Better Than Cash Alliance (Pirukunan Langkung Saé Tinimbang Kontan), UNCDF, World Bank Group (Golongan Bank Jagad), sáhá Women’s World Banking (Urusan Bank Jagad Wanitá) mbabaraken babagan sami brayan ing layanan artá antawis priyá lan wanitá #genderequality.

    Ing pidato online wau Gusti Kanjeng Ratu Máxima ndorong pamréntah lan perusahaan supados nrètès pambiayaan brayan digital kanggé párá wanitá minongká piranti ndandosi ékonomi sasampunipun pagebluk.

    Párá wanitá dugi dinten sapuniká taksih kirang pikantuk margi kanggé nglebeti layanan babagan artá tinimbang párá priyá. Perkawis puniká ngalang-ngalangi karsanipun párá wanitá kanggé megaraken diri. Krisis Corona mboten kinten-kinten ngèngingi kalenggahan párá wanitá ing ékonomi kanthi sanget, makaten UN Women.

    Saking pamriksan jebul bilih wiwit pagebluk Corona sajagad wonten 47 jutá langkung kathah wanitá dumugi kahanan ingkang kirang sanget. Dadosipun total wonten 435 jutá wanitá sáhá laré éstri sedáyá yuswá ingkang nampi opah kirang saking 1,9 dollar per dinten.

    Gusti Kanjeng Ratu Máxima sapuniká ngastá ing PBB minongká Adovokat Khusus Sekjen PBB babagan Sami Brayan ing Artá kanggé Pembangunan (UNSGSA). Minongká UNSGSA, piyambakipun cancut tali wándá keliling jagad kanggé margi nuju layanan artá ingkang langkung saé sáhá langkung aman.

    Share. Facebook Twitter WhatsApp Email Telegram
    Previous ArticleBalapan Manuk Dárá Pekalongan-Weltevreden
    Next Article Tingalan Jumenengan Dalem
    View 1 Comment

    Comments are closed.

    Nembé Mlebet
    • Pajek Gendhis Awit Januari 2024
    • Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung
    • PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi
    • ‘Marikangen’ Rokok Top Priyantun Solo
    • NATO Ngadhepi Kasunyatan Jaman, Genjot Anggaran
    Pacelathon Énggal
      • Facebook
      • Twitter
      • Instagram
      • Pinterest
      Waosanipun Bongsá Jawi
      Paling Kathah Dipunwaos

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung

      PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi

      Jaman Mbah Buyut
      Atur Sapálá
      Atur Sapálá

      Básá Jawi, utaminipun krámá madyá lan krámá inggil, dinten sapuniká sampun awis-awis dipunginaaken malih, tur sangsáyá udhar.

      Copyright © 2021 Het Javaanse Blad

      Facebook X (Twitter) Instagram LinkedIn VKontakte

      Type above and press Enter to search. Press Esc to cancel.