Close Menu
Het Javaanse Blad
    Facebook X (Twitter) Instagram
    Het Javaanse Blad
    • Pendápá
    • Atur Sapálá
    • Kraton

      Putri Ingrid Ambal Warsá Kaping 18

      19.06.2022

      Ngarsá Dalem Ngaturi Galadiner Korps Diplomatik

      13.06.2022

      Putri Beatrix Paring Anugerah Anyelir Pérak

      10.06.2022

      Ratu Máxima – Presidèn ECB Rembag Bebrayan

      09.06.2022

      Kraton Noordeinde Bika Malih Kanggé Publik

      08.06.2022
    • Den Haag

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      01.12.2023

      Rokok ing Walandi Bakal Rp 620.440 Sawungkus 

      02.06.2022

      Lockdown Rampung, Wajib Kartu Corona 

      26.01.2022

      Walandi Resmi Pungkasi Lockdown 

      25.01.2022

      Walandi Longgaraken Lockdown, Horéca Tetep Tutup 

      14.01.2022
    • Jogja

      Tingalan Jumenengan Dalem

      12.03.2021

      Kraton Jogja Prèngeti 6 Jam Serangan Oemoem 1 Maret 1949

      02.03.2021

      Uyon-Uyon Hadiluhung Senèn Pon

      25.02.2021
    • Diplomasi
    • Internasional
    • Jaman Mbah Buyut
    Het Javaanse Blad
    Panjenengan maos:Javaans » Ratu Paring Restu Langkung Kathah Piwulang Musik
    Den Haag

    Ratu Paring Restu Langkung Kathah Piwulang Musik

    By Eddi Santosa11.05.20212 Mins Read
    Ratu Máxima - Het Javaanse Blad
    Gusti Kanjeng Ratu Máxima (Koninklijkhuis/RVD)

    BOURTANGE – Gusti Kanjeng Ratu Maxima karsá rawuh ing riáyá prajanjian piwulangan musik kanggé sekolah SD ing provinsi Groningen, Friesland lan Drenthe wonten ing panggènan bèntèng Bourtange, dinten Senèn (10/5/2021).

    laré-laré pikantuk piwulangan musik wiwit SD

    Kaleresan kaliyan kampanye ‘50dagenmuziek’ (50dintenmusik) saking Méér Muziek in de Klas (Langkung Kathah Musik ing Kelas) provinsi-provinsi wau ngaturaken prakarsá énggal sáhá mundhut MuziekAkkoord Groningen-Oost (Prajanjian Musik Groningen Wetan) ing program piwulangan sekolah SD.

    Méér Muziek in de Klas / Bart van Heemskerk

    Gusti Kanjeng Ratu Maxima piyambak lenggah minongká pangarsá kinurmatan Méér Muziek in de Klas (Langkung Kathah Musik ing Kelas), makaten Rijksvoorlichtingsdienst mawi serat pawartá ingkang dipuntampi Het Javaanse Blad.

    Naliká pagelaran musik ing bèntèng Bourtange ingkang ngemu sejarah, Prajanjian Musik Groningen-Wetan dipuntapakastá déning 20 pihak, dipundhèrèkaken kanthi pasugatan musik déning akordeonis Gertie Bruin, sareng siswá-siswá sekolah SD.

    94% sekolah-sekolah sampun maringi piwulangan musik kanggé párá siswá SD

    Kasilipun, kirang langkung 8000 laré-laré Groningen boten dangu malih bakal pikantuk piwulangan musik tetep ing sekolah, mawi makaryá sareng antawisipun kaliyan Stichting Openbaar Onderwijs Oost Groningen (Yayasan Sekolah Umum Groningen Wétan), Stichting Kunst en Cultuur (Yayasan Seni lan Kabidayan) sáhá Cultuurhuis De Klinker (Griyá Kabudayan Swanten).

    Méér Muziek in de Klas (Langkung Kathah Musik ing Kelas) nindakaken kampanye 50 dinten, kaleresan kaliyan dinten tanggap warsá Gusti Kanjeng Ratu Máxima ingkang kaping 50, minongká nyuwun pawigatosan kanggé piwulangan musik ing sekolah SD.

    Gusti Kanjeng Ratu Máxima ngrawuhi Bourtange kanggé mirsani kasilipun ing Groningen, Friesland lan Drenthe. Mangké tanggal 16 Mei badhé dipunsiaraken déning stasiun télévisi AVRO/TROS kanthi gambar rawuhipun Ratu sáhá pasugatan musikal párá artis lan laré-laré sekolah SD.

    Mirjam Pauwels, punggáwá kutháprájá Assen, ngaturaken babagan makaryá sesarengan ing piwulangan musik salebeting provinsi Drenthe. Sawetawis puniká sampun 94% sekolah-sekolah SD ing provinsi Drenthe sampun maringi piwulangan musik kanggé párá siswá.

    Dutá Friesland lan Groningen inggih puniká Oeds Westerhof sáhá Paul de Rook ing ngaturaken babagan makaryá musikal sesarengan ing provinsi Friesland lan Groningen. Satunggaling grup band énggal sekolah SD De Rietzee maringi pasugatan musik kaping sepindhah ing mriku panggènan. Artis Friesland inggih puniká Elske DeWall ngaturaken tembang ‘In Nije Dei’ minongká pungkasan program ing Bourtange. (es/es)

    Share. Facebook Twitter WhatsApp Email Telegram
    Previous ArticleMenteri: Sekolah Langkung Dangu Kanggé Nyusul Katilaran
    Next Article Dutá Ageng Tuwi Kraton Pralambang Tentrem lan Adil ing Donyá
    Add A Comment

    Comments are closed.

    Nembé Mlebet
    • Pajek Gendhis Awit Januari 2024
    • Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung
    • PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi
    • ‘Marikangen’ Rokok Top Priyantun Solo
    • NATO Ngadhepi Kasunyatan Jaman, Genjot Anggaran
    Pacelathon Énggal
      • Facebook
      • Twitter
      • Instagram
      • Pinterest
      Waosanipun Bongsá Jawi
      Paling Kathah Dipunwaos

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung

      PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi

      Jaman Mbah Buyut
      Atur Sapálá
      Atur Sapálá

      Básá Jawi, utaminipun krámá madyá lan krámá inggil, dinten sapuniká sampun awis-awis dipunginaaken malih, tur sangsáyá udhar.

      Copyright © 2021 Het Javaanse Blad

      Facebook X (Twitter) Instagram LinkedIn VKontakte

      Type above and press Enter to search. Press Esc to cancel.