Close Menu
Het Javaanse Blad
    Facebook X (Twitter) Instagram
    Het Javaanse Blad
    • Pendápá
    • Atur Sapálá
    • Kraton

      Putri Ingrid Ambal Warsá Kaping 18

      19.06.2022

      Ngarsá Dalem Ngaturi Galadiner Korps Diplomatik

      13.06.2022

      Putri Beatrix Paring Anugerah Anyelir Pérak

      10.06.2022

      Ratu Máxima – Presidèn ECB Rembag Bebrayan

      09.06.2022

      Kraton Noordeinde Bika Malih Kanggé Publik

      08.06.2022
    • Den Haag

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      01.12.2023

      Rokok ing Walandi Bakal Rp 620.440 Sawungkus 

      02.06.2022

      Lockdown Rampung, Wajib Kartu Corona 

      26.01.2022

      Walandi Resmi Pungkasi Lockdown 

      25.01.2022

      Walandi Longgaraken Lockdown, Horéca Tetep Tutup 

      14.01.2022
    • Jogja

      Tingalan Jumenengan Dalem

      12.03.2021

      Kraton Jogja Prèngeti 6 Jam Serangan Oemoem 1 Maret 1949

      02.03.2021

      Uyon-Uyon Hadiluhung Senèn Pon

      25.02.2021
    • Diplomasi
    • Internasional
    • Jaman Mbah Buyut
    Het Javaanse Blad
    Panjenengan maos:Javaans » Ratu Tuwi Kriyá nDandani Krisis Pagebluk Corona
    Kraton

    Ratu Tuwi Kriyá nDandani Krisis Pagebluk Corona

    By Eddi Santosa24.03.20212 Mins Read
    Ratu Maxima
    credit: Beau Monde

    DEN HAAG – Gusti Kanjeng Ratu Máxima, anggota Nederlands Comité voor Ondernemerschap (Komite Juragan Walandi) sareng kalih ketua SER Mariëtte Hamer kersá tilik kriyá digital dateng wilayah Utrecht dinten Kemis siang, makaten Rijksvoorlichtingsdienst (18/3/2021).

    Tilik kriyá puniká minongká mertandhani pamegaran pangarepan kriyá sadangunipun krisis pagebluk Corona lan sedáyá akibatipun wekdal samangké. Gusti Kanjeng Ratu Máxima, Mariëtte Hamer ugi párá anggota Comité Meiny Prins kersá ndhèrèk ngendikan ing tigá pacelathon.

    Tilik kriyá dipunwiwiti kanthi ngendikan kalih pinten-pinten pangusáhá saking UKM ingkang manggèn ing padunungan perusahaan Lage Weide, Utrecht. Sebagéan perusahaan puniká kedah ngupáyá supados boten bangkrut, sawetawis ingkang sanèsipun mèh boten saget ngimbangi. Párá juragan matur babagan tantangan-tantangan ingkang dipunadhepi lan babagan owahing pedamelan sáhá kabetahan pedamel piyambakipun.

    Ingkang kaping kalih ngendikan babagan prakarsá tátáleksáná padunungan perusahaan kanggé ndadar “tumindak saking kriyá nuju kriyá” ingkang lestari. Tujuanipun kanggé ngatur éwahing kalangkungan fungsi dateng kekirangan fungsi lan sawetawis saget nadhahi wekdal-wekdal pedamel nganggur lan wekdal-wekdal pedamel ketèkèran kathah kriyá.

    Bagéan saking tumindak wau nggih puniká maringi párá pedamel langkung kathah prastáwá ing kapinteranipun lan kabetahanipun kanggè sekolah malih. Prakarsá saking Lage Weide puniká mligi ing bidangipun, ngemu kathah séktor lan makaryá sami kalih padunungan perusahaan kiwá tengenipun. Kanthi makaten tumindak wau ing dinten samangké saget dipuntambah dugi padunungan sanèsipun wonten ing wilayah wau.

    Pungkasanipun, Gusti Kanjeng Ratu Máxima, Mariëtte Hamer sáhá Meiny Prins ngendikan kalih párá punggáwá kutháprájá Utrecht, provinsi Utrecht, lembaga pendhidhikan daérah, lan organisasi párá juragan VNO-NCW, antawisipun dipunaturaken wigatosipun sekolah kajuruan, sekolah inggil, sáhá pamréntah dhaérah.

    Komite ugi SER mirsani bilih párá pedamel ingkang pikantuk dhidhikan saé lan pikantuk jenjang saget minggah minongká salah satunggaling faktor sukses (kabegjan) kanggé ndandani lan thukulipun UKM.

    Sadèrèngipun Gusti Kanjeng Ratu Máxima sáhá Mariëtte Hamer sampun kersá tilik kriyá minongká ndhedher sekolah, pamegaran, sáhá pakaryan dateng Stichting De Buitenboordmotor, perusahaan ing Rotterdam, Regionaal Werkcentrum Groot Amsterdam ing UWV lan dhaérah Midden-Brabant.

    Share. Facebook Twitter WhatsApp Email Telegram
    Previous Article1901: Rendheng, Klidang Dugi Tersono Jebol
    Next Article Sorogan 3: Kosok Balèn
    Add A Comment

    Comments are closed.

    Nembé Mlebet
    • Pajek Gendhis Awit Januari 2024
    • Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung
    • PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi
    • ‘Marikangen’ Rokok Top Priyantun Solo
    • NATO Ngadhepi Kasunyatan Jaman, Genjot Anggaran
    Pacelathon Énggal
      • Facebook
      • Twitter
      • Instagram
      • Pinterest
      Waosanipun Bongsá Jawi
      Paling Kathah Dipunwaos

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung

      PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi

      Jaman Mbah Buyut
      Atur Sapálá
      Atur Sapálá

      Básá Jawi, utaminipun krámá madyá lan krámá inggil, dinten sapuniká sampun awis-awis dipunginaaken malih, tur sangsáyá udhar.

      Copyright © 2021 Het Javaanse Blad

      Facebook X (Twitter) Instagram LinkedIn VKontakte

      Type above and press Enter to search. Press Esc to cancel.