Close Menu
Het Javaanse Blad
    Facebook X (Twitter) Instagram
    Het Javaanse Blad
    • Pendápá
    • Atur Sapálá
    • Kraton

      Putri Ingrid Ambal Warsá Kaping 18

      19.06.2022

      Ngarsá Dalem Ngaturi Galadiner Korps Diplomatik

      13.06.2022

      Putri Beatrix Paring Anugerah Anyelir Pérak

      10.06.2022

      Ratu Máxima – Presidèn ECB Rembag Bebrayan

      09.06.2022

      Kraton Noordeinde Bika Malih Kanggé Publik

      08.06.2022
    • Den Haag

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      01.12.2023

      Rokok ing Walandi Bakal Rp 620.440 Sawungkus 

      02.06.2022

      Lockdown Rampung, Wajib Kartu Corona 

      26.01.2022

      Walandi Resmi Pungkasi Lockdown 

      25.01.2022

      Walandi Longgaraken Lockdown, Horéca Tetep Tutup 

      14.01.2022
    • Jogja

      Tingalan Jumenengan Dalem

      12.03.2021

      Kraton Jogja Prèngeti 6 Jam Serangan Oemoem 1 Maret 1949

      02.03.2021

      Uyon-Uyon Hadiluhung Senèn Pon

      25.02.2021
    • Diplomasi
    • Internasional
    • Jaman Mbah Buyut
    Het Javaanse Blad
    Panjenengan maos:Javaans » Ratu Tuwi Kriyá Nederlands Dans Theater
    Kraton

    Ratu Tuwi Kriyá Nederlands Dans Theater

    By Eddi Santosa17.03.20212 Mins Read
    Ratu Maxima
    credit: blauwbloed

    DEN HAAG – Gusti Kanjeng Ratu Máxima kersá tilik kriyá dateng Nederlands Dans Theater (NDT) ing Den Haag, Salásá (16/3/2021).

    Tilik kriyá puniká minongká tetenger tumrap pitakènan pripun pakumpulan tantun saget tetep madeg ing mongsá pagebluk Corona, lan saget nyepengi mutu, program online ingkang merak manah, sáhá ngranggèh publik.

    NDT puniká pakumpulan tantun internasional ingkang damel tantun modern saking markasipun ing Den Haag. Pakumpulan puniká cacahipun wonten kalih: NDT 1 kanggé penantun ingkang sampun dugi pucuk karir lan NDT 2 kanggé párá taruná ingkang nggadhahi bakat, sáhá párá profesional anèm.

    credit: Unsplash

    Nantun ing dalem negari lan ing máncánegari sampun setaun puniká boten saget amargi wonten pagebluk Corona. Akibatipun NDT madosi cárá ènggal supados tetep saget nantun lan saget ngranggèh publik. Ing kahanan puniká rekaman video lan livestreams tari jebul dados pilihan. Pengraosanipun kanggé párá penantun sáhá publik kadosipun pancèn sanès, nanging saget narik publik internasional langkung kathah.

    Salajengipun wekdal selá amargi boten siyos nantun dipunginaaken kanggé nindakaken pariksá lan ngupados kanggé saget megar, kreativitas, lan wisik kanggé párá pinantun. Párá koreografer sami dipunaturi rawuh supados saget makaryá nggarap proyèk-proyèk ingkang boten biasa. Ugi wonten lung tinulung kalih organisasi budháyá sanèsipun lan festival.

    Gusti Kanjeng Ratu Máxima tilik kriyá ing NDT naliká panyiapen tari énggal ‘Mist (Pedhut)’. Pasugatan pangarep ing Mei 2020 taun wingi boten siyos amargi krisis Corona, nanging mangké Mei 2021 badhé dipunterasaken kanthi virtual.

    Gusti Kanjeng Ratu Máxima ngendikan kaliyan párá pedamel NDT babagan pengalaman piyambakipun sedáyá sadangunipun krisis Corona, pripun caranipun ing wekdal sapuniká tetep madeg ing tingkat inggil, saget nyepengi paningal artistik, sáhá saget tetep makaryá.

    Direktur énggal NDT ingkang ngastá artistik, Emily Molnar, ndhèrèkaken Gusti Kanjeng Ratu Máxima keliling mirsani satunggaling studio kanggé latihan tantun, bèngkèl dekorasi, lan auditorium, ten pundi tim teknik sáhá tim produksi taksih nggarap dekor ‘Mist”.

    Kejawi makaten ugi wonten pawigatosan babagan caranipun livestreaming saget dipundamel, tantangan lan paédahipun lan pripun caranipun párá pedamel NDT wiwit kawitan ngadhepi krisis Corona puniká.

    Minongká panutup tilik kriyá, Gusti Kanjeng Ratu pikantuk tetingalan tantun lan ngendikan kalih párá penantun perkawis pengalamanipun manggung tanpá pamirsá, ugi babagan kersá piyambakipun dinten samangké.

    Ngarsá Dalem Rájá Willem-Alexander sáhá Gusti Kanjeng Ratu Máxima ugi ngendikan mawi guneman video lan pundi saget kalih sinten kémawon sadangunipun tilik kriyá perkawis akibatipun krisis Corona lan cancut taliwándá sedáyá pihak anggènipun merangi pagebluk. Sadangunipun tilik kriyá, pangetrapan protokol virus Corona dipuntindakaken kanthi temen.

    Share. Facebook Twitter WhatsApp Email Telegram
    Previous ArticleNgarsá Dalem Nampi Serat Piandel
    Next Article 1901: Rendheng, Klidang Dugi Tersono Jebol
    Add A Comment

    Comments are closed.

    Nembé Mlebet
    • Pajek Gendhis Awit Januari 2024
    • Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung
    • PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi
    • ‘Marikangen’ Rokok Top Priyantun Solo
    • NATO Ngadhepi Kasunyatan Jaman, Genjot Anggaran
    Pacelathon Énggal
      • Facebook
      • Twitter
      • Instagram
      • Pinterest
      Waosanipun Bongsá Jawi
      Paling Kathah Dipunwaos

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung

      PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi

      Jaman Mbah Buyut
      Atur Sapálá
      Atur Sapálá

      Básá Jawi, utaminipun krámá madyá lan krámá inggil, dinten sapuniká sampun awis-awis dipunginaaken malih, tur sangsáyá udhar.

      Copyright © 2021 Het Javaanse Blad

      Facebook X (Twitter) Instagram LinkedIn VKontakte

      Type above and press Enter to search. Press Esc to cancel.