Close Menu
Het Javaanse Blad
    Facebook X (Twitter) Instagram
    Het Javaanse Blad
    • Pendápá
    • Atur Sapálá
    • Kraton

      Putri Ingrid Ambal Warsá Kaping 18

      19.06.2022

      Ngarsá Dalem Ngaturi Galadiner Korps Diplomatik

      13.06.2022

      Putri Beatrix Paring Anugerah Anyelir Pérak

      10.06.2022

      Ratu Máxima – Presidèn ECB Rembag Bebrayan

      09.06.2022

      Kraton Noordeinde Bika Malih Kanggé Publik

      08.06.2022
    • Den Haag

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      01.12.2023

      Rokok ing Walandi Bakal Rp 620.440 Sawungkus 

      02.06.2022

      Lockdown Rampung, Wajib Kartu Corona 

      26.01.2022

      Walandi Resmi Pungkasi Lockdown 

      25.01.2022

      Walandi Longgaraken Lockdown, Horéca Tetep Tutup 

      14.01.2022
    • Jogja

      Tingalan Jumenengan Dalem

      12.03.2021

      Kraton Jogja Prèngeti 6 Jam Serangan Oemoem 1 Maret 1949

      02.03.2021

      Uyon-Uyon Hadiluhung Senèn Pon

      25.02.2021
    • Diplomasi
    • Internasional
    • Jaman Mbah Buyut
    Het Javaanse Blad
    Panjenengan maos:Javaans » Ratu Tuwi Kriyá Yayasan Laré Klambrangan
    Kraton

    Ratu Tuwi Kriyá Yayasan Laré Klambrangan

    By Eddi Santosa14.03.20212 Mins Read
    Ratu Maxima
    credit: Beau Monde

    DEN HAAG – Gusti Kanjeng Ratu Máxima kersá tilik kriyá digital dateng Stichting Kamers met Aandacht (Yayasan Griyá kanthi Gatosan). Yayasan puniká mbiyantu párá laré anèm antawis 18 dugi 23 taun ingkang boten pikantuk bantuan sosial pamrèntah supados saget ajar ngadeg gesang piyambak, makaten Rijksvoorlichtingsdienst mawi press release ingkang dipuntampi Het Javaanse Blad, dinten Kemis (11/3/2021).

    Laré-laré anèm menawi sampun pikantuk panggènan kathahipun saget nyuwun bantuan malih kalih kaluargi utawi párá réncangipun. Nanging laré-laré ingkang klambrangan boten gadhah panggènan, ugi boten pikantuk bantuan sosial pamrèntah, artá, utawi boten gadhah ketrampilan, saget nyuwun bantuan Yayasan Kamers met Aandacht supados pikantuk panggènan.

    Kanthi cárá makaten, párá laré wau saget ngginaaken tenaganipun kanggé sekolah utawi makaryá tinimbang tansah mumet menggalih mangké dalu badhé tilem ing pundi.

    Yayasan Kamers met Aandacht nyambungaken swastá ingkang kersá nyéwaaken griyanipun kanthi regi mirah kanggé laré-laré ingkang kangèlan puniká. Priyantun ingkang nyéwaaken lajeng nemtoaken piyambak gatosan punápá ingkang saget dipunparingaken, upaminipun mbiyantu administrasi utawi kegiatan sosial sanèsipun.

    Kejawi makaten, laré-laré anèm wau ugi pikantuk tuntunan profesional déning pegiat sosial ingkang mampir seminggu sepindhah. Kanthi tuntunan ingkang titi nastiti tur aman puniká laré-laré wau saget mbangun gesang bènjing kanthi jejeg.

    Yayasan Kamers met Aandacht dipunwiwiti taun 2019 minongká prakarsá tulung-tinulung antawis organisasi-organisasi kanggé laré anèm kaliyan pamrèntah kutháprájá Utrecht kanggé nanggulangi párá laré anèm ingkang lunthang-lanthung.

    Yayasan ngurusi, milah-milah, lan nyambungaken kalih pamrèntah kutháprájá, perusahaan griyá, lan organisasi-organisasi kanggé mbangun jejaring dhaérah ingkang jejeg.

    Wiwit taun 2020 kutháprájá-kutháprájá sanèsipun ugi saget nggabung. Dinten sapuniká yayasan sampun nggadhahi kantor ing kuthá Utrecht, Den Haag, Hilversum lan taksih dipunwiwiti ing Dordrecht, Leiden lan Amsterdam.

    Gusti Kanjeng Ratu Máxima naliká tilik kriyá digital ngendikan kalih párá staf yayasan babagan nggampilaken margi kanggé laré-laré ingkang kangèlan wau. Párá staf ngaturaken katrangan pinten-pinten panggénan ingkang dipunsediaaken, pripun párá laré wau dipungathukaken kalih panggénan ingkang cocok lan pinten kasilipun dugi sapuniká.

    Kejawi makaten párá laré wau sáhá párá pihak ingkang nyéwaaken panggénanipun ugi matur dumateng Gusti Kanjeng Ratu babagan pengalamanipun. Párá wakil organisasi, perusahaan griyá, nyariosaken sumbangsihipun dumateng yayasan lan faédahipun kanggé párá laré anèm lan katenteraman gesang ing wilayah mriku.

    Share. Facebook Twitter WhatsApp Email Telegram
    Previous Article1868: Manggihi Jisim Walandi ing Pacinan Surábáyá
    Next Article 1898: Wewangunanipun Kreteg Kalikutho Batang
    Add A Comment

    Comments are closed.

    Nembé Mlebet
    • Pajek Gendhis Awit Januari 2024
    • Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung
    • PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi
    • ‘Marikangen’ Rokok Top Priyantun Solo
    • NATO Ngadhepi Kasunyatan Jaman, Genjot Anggaran
    Pacelathon Énggal
      • Facebook
      • Twitter
      • Instagram
      • Pinterest
      Waosanipun Bongsá Jawi
      Paling Kathah Dipunwaos

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung

      PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi

      Jaman Mbah Buyut
      Atur Sapálá
      Atur Sapálá

      Básá Jawi, utaminipun krámá madyá lan krámá inggil, dinten sapuniká sampun awis-awis dipunginaaken malih, tur sangsáyá udhar.

      Copyright © 2021 Het Javaanse Blad

      Facebook X (Twitter) Instagram LinkedIn VKontakte

      Type above and press Enter to search. Press Esc to cancel.