Close Menu
Het Javaanse Blad
    Facebook X (Twitter) Instagram
    Het Javaanse Blad
    • Pendápá
    • Atur Sapálá
    • Kraton

      Putri Ingrid Ambal Warsá Kaping 18

      19.06.2022

      Ngarsá Dalem Ngaturi Galadiner Korps Diplomatik

      13.06.2022

      Putri Beatrix Paring Anugerah Anyelir Pérak

      10.06.2022

      Ratu Máxima – Presidèn ECB Rembag Bebrayan

      09.06.2022

      Kraton Noordeinde Bika Malih Kanggé Publik

      08.06.2022
    • Den Haag

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      01.12.2023

      Rokok ing Walandi Bakal Rp 620.440 Sawungkus 

      02.06.2022

      Lockdown Rampung, Wajib Kartu Corona 

      26.01.2022

      Walandi Resmi Pungkasi Lockdown 

      25.01.2022

      Walandi Longgaraken Lockdown, Horéca Tetep Tutup 

      14.01.2022
    • Jogja

      Tingalan Jumenengan Dalem

      12.03.2021

      Kraton Jogja Prèngeti 6 Jam Serangan Oemoem 1 Maret 1949

      02.03.2021

      Uyon-Uyon Hadiluhung Senèn Pon

      25.02.2021
    • Diplomasi
    • Internasional
    • Jaman Mbah Buyut
    Het Javaanse Blad
    Panjenengan maos:Javaans » Regi Gas Eropa Tembus Rp 2,6 Juta/MWh
    Den Haag

    Regi Gas Eropa Tembus Rp 2,6 Juta/MWh

    By Eddi Santosa06.10.20212 Mins Read
    Gas Eropa - Het Javaanse Blad
    © unsplash/Mykola Makhlai

    DEN HAAG – Regi gas ten Eropa dinten Rebo tembus €160 (Rp 2,6 juta) per MWh. Mindakipun regi gas miturut párá analis amargi distributor nerveus lajeng numpuk cadangan, kuatos menawi regi gas terus mindhak.

    “Raos kuwatos nguwaosi pasar,” makaten Ole Hansen saking Saxo Bank tumrap kantor berita Bloomberg kapundhut saking Volkskrant, Rebo dalu (6/10).

    Lonjakan regi gas ugi kasebab ekonomi sampun melai kapulihaken sasampunipun krisis Corona, cadangan ingkang kirang nyekapi lan kaleresan Norwegia taksih ngawontenaken pangrumatan tambang-tambang gasipun. Sawetawis puniká Rusia ugi boten kersá malih ngékspor gas kados syarat miturut kontrak.

    Minongká akibat mindhakipun regi gas, rekening ènèrgi párá wargi ing Walandi taun ngajeng samangké miturut prakiraan ugi bakal mindhak ngantos atusan Euro. Sinten kagungan kontrak ènèrgi variabel, Januari mangké sampun bakal pikantuk tagihan kathah. Rátá-rátá kaluargi ing Walandi minggu sapuniká sampun kedah nambah 500 Euro (Rp 8.250.000) kanggé kontrak langganan gas setaun, makaten Pricewise, Rebo. 

    IMF sampun wanti-wanti dinten Selásá bilih regi gas ingkang inggil saget ngadhang-ngadhangi pamulihan ekonomi. Pramilá Parlemèn Eropa kalih párá Menteri Lingkungan Uni Eropa dinten Rebo nggelar rapat kanggé rembugan perkawis puniká. 

    “Regi gas ingkang inggil ngancem dáyá kongkurènsi (saing) ekonomi Eropa sáhá saráná finansial kaluargi,” makaten Perdana Menteri Ceko Anrej Babiš dumateng párá pemimpin Eropa.

    Share. Facebook Twitter WhatsApp Email Telegram
    Previous ArticleBlossom Panache, Bálápecah Kraton Walandi
    Next Article Ilmuwan Jerman & Amerika Nampi Hadiah Nobel Bidang Kimia
    Add A Comment

    Comments are closed.

    Nembé Mlebet
    • Pajek Gendhis Awit Januari 2024
    • Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung
    • PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi
    • ‘Marikangen’ Rokok Top Priyantun Solo
    • NATO Ngadhepi Kasunyatan Jaman, Genjot Anggaran
    Pacelathon Énggal
      • Facebook
      • Twitter
      • Instagram
      • Pinterest
      Waosanipun Bongsá Jawi
      Paling Kathah Dipunwaos

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung

      PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi

      Jaman Mbah Buyut
      Atur Sapálá
      Atur Sapálá

      Básá Jawi, utaminipun krámá madyá lan krámá inggil, dinten sapuniká sampun awis-awis dipunginaaken malih, tur sangsáyá udhar.

      Copyright © 2021 Het Javaanse Blad

      Facebook X (Twitter) Instagram LinkedIn VKontakte

      Type above and press Enter to search. Press Esc to cancel.