Close Menu
Het Javaanse Blad
    Facebook X (Twitter) Instagram
    Het Javaanse Blad
    • Pendápá
    • Atur Sapálá
    • Kraton

      Putri Ingrid Ambal Warsá Kaping 18

      19.06.2022

      Ngarsá Dalem Ngaturi Galadiner Korps Diplomatik

      13.06.2022

      Putri Beatrix Paring Anugerah Anyelir Pérak

      10.06.2022

      Ratu Máxima – Presidèn ECB Rembag Bebrayan

      09.06.2022

      Kraton Noordeinde Bika Malih Kanggé Publik

      08.06.2022
    • Den Haag

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      01.12.2023

      Rokok ing Walandi Bakal Rp 620.440 Sawungkus 

      02.06.2022

      Lockdown Rampung, Wajib Kartu Corona 

      26.01.2022

      Walandi Resmi Pungkasi Lockdown 

      25.01.2022

      Walandi Longgaraken Lockdown, Horéca Tetep Tutup 

      14.01.2022
    • Jogja

      Tingalan Jumenengan Dalem

      12.03.2021

      Kraton Jogja Prèngeti 6 Jam Serangan Oemoem 1 Maret 1949

      02.03.2021

      Uyon-Uyon Hadiluhung Senèn Pon

      25.02.2021
    • Diplomasi
    • Internasional
    • Jaman Mbah Buyut
    Het Javaanse Blad
    Panjenengan maos:Javaans » Rékor Cacahipun Tawon ing Walandi
    Den Haag

    Rékor Cacahipun Tawon ing Walandi

    By Eddi Santosa19.04.20212 Mins Read
    Tawon Madu - Het Javaanse Blad
    Tawon madu (unsplash)

    DEN HAAG – Cacahipun wonten 192.401 tawon ing tanah Walandi, makaten kasilipun Nationale Bijentelling 2021 (Pangétangan Tawon Nasional 2021). Ongká puniká minongká sampel saking wargi ingkang ndhèrèk pangétangan.

    Kathahipun wonten 10.556 wargi ndhèrèk pangétangan taun kaping sekawan puniká. Cacah 192.401 wau taksih saget nambah malih, sarèhning wargi dugi dinten Senèn dalu taksih saget ngaturaken formulir étangan. Taun kapengker cacahipun tawon kaserat wonten 130.000, wargi ingkang ndhèrèk pangétangan wonten 10.000.

    Nedhá sari sekar (unsplash)

    “Bilih wonten èwonan wargi ingkang ndhèrèk malih ing pangétangan puniká dados pawartos saé kanggé tawon palasan,” ngendiká Koos Biesmeijer, ahli tawon saking Naturalis.

    Miturut Biesmeijer, pangétangan tawon ing taman párá wargi puniká minongká sumbangsih kanggé panelitian tawon palasan ing Walandi. Sumbangsih wau saget maringi paningalan upaminipun ing cacahipun tawon antawis wilayah, lan bèntenipun antawis dhusun kalih kuthá.

    Sekar sumber pangan tawon madu (unsplash)

    Salajengipun ing tanah Walandi wonten 358 jinis tawon, antawisipun tawon madu, ingkang sapuniká kaancam sirná. Kahanan puniká miturut párá ilmuwan mprihatinaken sanget, amargi 80% tetuwuhan pangan ing tanah Walandi gumantung kalih tawon lan sabrayatipun. Ancaman paling ageng nggih puniká kirangipun sekar minongká sumber pakan lan susuh kanggé manggèn.

    Katerangan puniká taksih kedah dipuntelaah langkung teliti malih, nanging Biesmeijer boten pati pitados bilih tawon-tawon ing wilayah kuthá sangsáyá kirang.

    Kathah sekar ngundang tawon madu (unsplash)

    “Taun-taun kapengker tawon dipunwigatosaken sanget. Boten namung pamréntah kutháprájá sampun ngowahi pranatan, nanging ugi kathah wargi ingkang kagungan pakebonan sampun maringi pawigatosan dateng pakebonan ingkang alami sáhá kathah tawon. Pakebonan ingkang langkung sakedhik beton semèn, langkung kathah tetuwuhan lan sekar, langkung ngundang kathah tawon,” makaten Biesmeijer.

    Tawon madu remen makaten (unsplash)

    Sadèrèngipun párá ahli sampun kuwatos bilih háwá adhem ing sasi April, ingkang biasanipun sampun anget, bakal nggadhahi pangaruh tumrap cacahipun tawon. Nanging kasunyatanipun jebul boten makaten, per wilayah cacahipun tawon malah langkung kathah.

    “Nggumunaken bilih kathahipun ratu tawon tahan háwá adhem ing wiwitan sasi April,” makaten Vincent Kalkman, ahli tawon madu ugi saking Naturalis.

    Share. Facebook Twitter WhatsApp Email Telegram
    Previous ArticleEduard Cousin Babagan Tradisi Kuliner Ramadan
    Next Article Mlebet Walandi Dèrèng Kénging Amargi Corona
    Add A Comment

    Comments are closed.

    Nembé Mlebet
    • Pajek Gendhis Awit Januari 2024
    • Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung
    • PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi
    • ‘Marikangen’ Rokok Top Priyantun Solo
    • NATO Ngadhepi Kasunyatan Jaman, Genjot Anggaran
    Pacelathon Énggal
      • Facebook
      • Twitter
      • Instagram
      • Pinterest
      Waosanipun Bongsá Jawi
      Paling Kathah Dipunwaos

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung

      PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi

      Jaman Mbah Buyut
      Atur Sapálá
      Atur Sapálá

      Básá Jawi, utaminipun krámá madyá lan krámá inggil, dinten sapuniká sampun awis-awis dipunginaaken malih, tur sangsáyá udhar.

      Copyright © 2021 Het Javaanse Blad

      Facebook X (Twitter) Instagram LinkedIn VKontakte

      Type above and press Enter to search. Press Esc to cancel.