Close Menu
Het Javaanse Blad
    Facebook X (Twitter) Instagram
    Het Javaanse Blad
    • Pendápá
    • Atur Sapálá
    • Kraton

      Putri Ingrid Ambal Warsá Kaping 18

      19.06.2022

      Ngarsá Dalem Ngaturi Galadiner Korps Diplomatik

      13.06.2022

      Putri Beatrix Paring Anugerah Anyelir Pérak

      10.06.2022

      Ratu Máxima – Presidèn ECB Rembag Bebrayan

      09.06.2022

      Kraton Noordeinde Bika Malih Kanggé Publik

      08.06.2022
    • Den Haag

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      01.12.2023

      Rokok ing Walandi Bakal Rp 620.440 Sawungkus 

      02.06.2022

      Lockdown Rampung, Wajib Kartu Corona 

      26.01.2022

      Walandi Resmi Pungkasi Lockdown 

      25.01.2022

      Walandi Longgaraken Lockdown, Horéca Tetep Tutup 

      14.01.2022
    • Jogja

      Tingalan Jumenengan Dalem

      12.03.2021

      Kraton Jogja Prèngeti 6 Jam Serangan Oemoem 1 Maret 1949

      02.03.2021

      Uyon-Uyon Hadiluhung Senèn Pon

      25.02.2021
    • Diplomasi
    • Internasional
    • Jaman Mbah Buyut
    Het Javaanse Blad
    Panjenengan maos:Javaans » Rokok ing Walandi Bakal Rp 620.440 Sawungkus 
    Den Haag

    Rokok ing Walandi Bakal Rp 620.440 Sawungkus 

    By Eddi Santosa02.06.20222 Mins Read
    Rokok Walandi Awis Bébas - Het Javaanse Blad
    Rokok bakal awis @ unsplash/Afif Kusuma

    DEN HAAG – Rokok ing Tanah Walandi badhé dipunundhakaken reginipun déning kabinèt dados € 40 (Rp 620.440) sawungkus, dhemi generasi bèbas rokok.

    Kirang langkung 20% kawulá Walandi wekdal sapuniká taksih udud. Ing taun 2040 mangké ongká wau kedah sangsáyá kirang lan perkawis regi wigatos sanget kanggé ngerèm tiyang udud, makaten kabinèt.

    “Pamréntah ngarsaaken prosentasé wau saget mandhap dugi 5%, pramilá kitá sapuniká nyiapaken pranatan énggal. Paling èfèktif nggih pranatan regi, kados kitá pirsani ing Australia,” makaten sumber kabinèt.

    satá = mbako

    krámá inggil: satá, ngoko: mbako

    Ing mriká, Australia, sapuniká regi bahan udud saking satá puniká rátá-rátá € 25 (Rp 387.500) sawungkus. Ing Tanah Walandi regi € 40 sawungkus dados skenario ingkang dipunpenggalih déning kabinet.

    Pitakènanipun inggih puniká punápá beleid énggal puniká mangké bakal pikantuk dukungan politik mayoritas menawi reginipun dados awis sanget kanggé párá kawulá. Regi rokok ing Walandi sapuniká kirang langkung € 8 (Rp 124.000) sawungkus.

    Data Trimbos

    Kawulá ing Walandi ingkang udud miturut data Trimbos tahun 2021 kapungkur cacahipun wonten 20,6% kawiwitan saking yuswá 18 taun, mandhap 5,1% tinimbang taun 2014 ingkang kaserat wonten 25,7%.

    Kirang langkung 3/4 saking párá kawulá ingkang udud wau udud saben dinten (15,2% saking kawulá umum), 2,7% udud ndakik saben dinten rátá-rátá >20 lencer. Lajeng kawulá ingkang pendidikanipun inggil langkung sekedhik ingkang udud tinimbang pendidikan tengahan lan andhap.

    Ing taun 2021 cacahipun 30,9% saking kawulá ingkang udud wau naté nyobi kanthi temen supados mandheg udud (boten udud langkung dangu saking 24 jam). Kathahipun kawulá ingkang udud wau mbetahaken wekdal sadèrèngipun saget mandheg saèstu, amargi sampun kadhung nyandu.

    Udud Pasif

    Cacahipun 11% kawulá Walandi ingkang boten udud taksih asring kénging pegá rokok sadangunipun taun 2020. Malah 5% kapeksan udud pasif saben dinten.

    Udud pasif boten saé kanggé keséhatan. Tiyang-tiyang ingkang udud pasif saget pikantuk penyakit ingkang sami kados ingkang udud aktif. Utaminipun kanggé laré-laré alit udud pasif wau boten séhat. Laré-laré wau langkung énggal pikantuk masalah paru-paru utawi infeksi talingan. (es/es)

    Share. Facebook Twitter WhatsApp Email Telegram
    Previous ArticleNgarsá Dalem Pinarak Incognito Mlebet Wandé
    Next Article Ratu Elizabeth Ngunjuk Tèh Sareng Paddington
    Add A Comment

    Comments are closed.

    Nembé Mlebet
    • Pajek Gendhis Awit Januari 2024
    • Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung
    • PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi
    • ‘Marikangen’ Rokok Top Priyantun Solo
    • NATO Ngadhepi Kasunyatan Jaman, Genjot Anggaran
    Pacelathon Énggal
      • Facebook
      • Twitter
      • Instagram
      • Pinterest
      Waosanipun Bongsá Jawi
      Paling Kathah Dipunwaos

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung

      PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi

      Jaman Mbah Buyut
      Atur Sapálá
      Atur Sapálá

      Básá Jawi, utaminipun krámá madyá lan krámá inggil, dinten sapuniká sampun awis-awis dipunginaaken malih, tur sangsáyá udhar.

      Copyright © 2021 Het Javaanse Blad

      Facebook X (Twitter) Instagram LinkedIn VKontakte

      Type above and press Enter to search. Press Esc to cancel.