Close Menu
Het Javaanse Blad
    Facebook X (Twitter) Instagram
    Het Javaanse Blad
    • Pendápá
    • Atur Sapálá
    • Kraton

      Putri Ingrid Ambal Warsá Kaping 18

      19.06.2022

      Ngarsá Dalem Ngaturi Galadiner Korps Diplomatik

      13.06.2022

      Putri Beatrix Paring Anugerah Anyelir Pérak

      10.06.2022

      Ratu Máxima – Presidèn ECB Rembag Bebrayan

      09.06.2022

      Kraton Noordeinde Bika Malih Kanggé Publik

      08.06.2022
    • Den Haag

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      01.12.2023

      Rokok ing Walandi Bakal Rp 620.440 Sawungkus 

      02.06.2022

      Lockdown Rampung, Wajib Kartu Corona 

      26.01.2022

      Walandi Resmi Pungkasi Lockdown 

      25.01.2022

      Walandi Longgaraken Lockdown, Horéca Tetep Tutup 

      14.01.2022
    • Jogja

      Tingalan Jumenengan Dalem

      12.03.2021

      Kraton Jogja Prèngeti 6 Jam Serangan Oemoem 1 Maret 1949

      02.03.2021

      Uyon-Uyon Hadiluhung Senèn Pon

      25.02.2021
    • Diplomasi
    • Internasional
    • Jaman Mbah Buyut
    Het Javaanse Blad
    Panjenengan maos:Javaans » Salásá Kliwon Kaping 21 Jumadilakir Jé 1822
    Jaman Mbah Buyut

    Salásá Kliwon Kaping 21 Jumadilakir Jé 1822

    By Eddi Santosa06.03.20212 Mins Read

    Sampun dangu anggèn kulá kangen dhateng gebyagipun ringgit tiyang, dumadakan kulá mireng bilih amarengi tingalan dalem tumbuk Gusti Bandara Kanjeng Raden Ayu Mangkunagárá ing dalem Mangkunagaran badhé anggebyagaken ringgit tiyang, menggah kalampahanipun badhé wonten malem Akat Pon.

    Kusung-kusung kaliyan sadhèrèkan kulá tiyang nenem sasarengan mangkat saking dhusun. Jam pitu sonten kulá dumugi ing pamedan Mangkunagaran, ing riku titiyang ingkang sami ningali sampun andher.

    Sansáyá sareng kulá dumugi ing palataran titiyang sami jejel uyelan toblas par jalanthir angggènipun sregep angrabèkaken sikut dhasar kathah párá arum dalu amiyosi: mangarsá-arsá kinedhepáná karoningsih pasang rakiting pandhápá kawistárá, bilih badhé anampèni rawuhipun tamu luhur.

    © Mangkunegaran

    Sareng kendel jam sángá mungel salomprèt tengar, puniká mebahing párá kawulá binarung umyungipun sawaraning tiyang. Angyaktosaken pamethèk kulá wau, boten dangu titiyan dalem sang prabu anèm dumugi ing topenganing pandhápá, Kanjeng Gusti Pangèran Adipati Arya Prabu Prangwadáná tumedhak saking pandhápá, ginarebeg párá sadhèrèk dalem ingkang pepak sami sowan sadáyá.

    Amethukaken rawuh dalem sang prabu anèm rawuh dalem wau sarimbitan ingkang garwá Gusti Kanjeng Ratu, sáhá kadhèrèkaken Gusti Kanjeng Pangèran sadhèrèk dalem tuwin Kanjeng Pangèran santáná sawatawis rawuh dalem sang prabu anèm wau lan ingkang garwá sami anjujug ing dalem.

    Boten dangu nunten amiyos ing paringgitan ingkang garwá katilar lenggah ing paringgitan, sang prabu anèm lengggah ing pandhápá. Sasampunipun atátá lenggah nunten sugatá wédang sumaos lumèngsèripun sugatá wédang nunten miwiti gebyagipun ringgit tiyang, menggah lampahanipun Irawan Bagná. Sadáyá ingkang kulá tingali boten wonten ingkang anguciwani, bibaripun wanci jam tigá dalu, kulá lajeng mantuk boten angentosi kundur dalem sang prabu anèm.

    Anjaliretná kaping 21 Jumadilakir angkaning warsá tinengeran sinembah sembah sarirá gusti
    Kyai Subálaksáná (Kapethik saking: KITLV Leiden)

    Share. Facebook Twitter WhatsApp Email Telegram
    Previous ArticleKathah Kecu, Kemis, 14 September 1950
    Next Article Kaluargi Ngarsá Dalem Remen Nyepéda
    Add A Comment

    Comments are closed.

    Nembé Mlebet
    • Pajek Gendhis Awit Januari 2024
    • Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung
    • PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi
    • ‘Marikangen’ Rokok Top Priyantun Solo
    • NATO Ngadhepi Kasunyatan Jaman, Genjot Anggaran
    Pacelathon Énggal
      • Facebook
      • Twitter
      • Instagram
      • Pinterest
      Waosanipun Bongsá Jawi
      Paling Kathah Dipunwaos

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung

      PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi

      Jaman Mbah Buyut
      Atur Sapálá
      Atur Sapálá

      Básá Jawi, utaminipun krámá madyá lan krámá inggil, dinten sapuniká sampun awis-awis dipunginaaken malih, tur sangsáyá udhar.

      Copyright © 2021 Het Javaanse Blad

      Facebook X (Twitter) Instagram LinkedIn VKontakte

      Type above and press Enter to search. Press Esc to cancel.