Close Menu
Het Javaanse Blad
    Facebook X (Twitter) Instagram
    Het Javaanse Blad
    • Pendápá
    • Atur Sapálá
    • Kraton

      Putri Ingrid Ambal Warsá Kaping 18

      19.06.2022

      Ngarsá Dalem Ngaturi Galadiner Korps Diplomatik

      13.06.2022

      Putri Beatrix Paring Anugerah Anyelir Pérak

      10.06.2022

      Ratu Máxima – Presidèn ECB Rembag Bebrayan

      09.06.2022

      Kraton Noordeinde Bika Malih Kanggé Publik

      08.06.2022
    • Den Haag

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      01.12.2023

      Rokok ing Walandi Bakal Rp 620.440 Sawungkus 

      02.06.2022

      Lockdown Rampung, Wajib Kartu Corona 

      26.01.2022

      Walandi Resmi Pungkasi Lockdown 

      25.01.2022

      Walandi Longgaraken Lockdown, Horéca Tetep Tutup 

      14.01.2022
    • Jogja

      Tingalan Jumenengan Dalem

      12.03.2021

      Kraton Jogja Prèngeti 6 Jam Serangan Oemoem 1 Maret 1949

      02.03.2021

      Uyon-Uyon Hadiluhung Senèn Pon

      25.02.2021
    • Diplomasi
    • Internasional
    • Jaman Mbah Buyut
    Het Javaanse Blad
    Panjenengan maos:Javaans » Sampoerna Theater Bioskop Paling Ageng
    Jaman Mbah Buyut

    Sampoerna Theater Bioskop Paling Ageng

    By Eddi Santosa01.11.20212 Mins Read
    Klik Sampoerna Theater!
    Sampoerna Theater © Indische Courant

    SURABAYA – Sampoerna Theater bioskop paling ageng jaman semanten ing Hindia Walandi dipunresmiaken malem Ngahad (29/7/1933).

    Paresmèn dipunrawuhi kathah tamu undangan mawi muter film kaping sepindhah ing gedhong énggal Sampoerna Theater puniká.

    Bioskop Sampoerna Theater puniká anak usaha N.V. Handelmaatschappij Sampoerna, produsèn rokok Djie Sam Soe, kagunganipun Liem Seeng Tee, ugi dirèktur.

    Kejawi Djie Sam Soe, wekdal semanten jaman Walandi rokok damelan N.V. Handelmaatschappij Sampoerna ingkang kondhang inggih puniká merk Dapoean.

    Arsitèk Job & Sprey

    Bioskop puniká senaosá kursinipun ageng nganggé let longgar, nanging saget kamot 1.200 penonton lan menawi perlu saget ngantos 1.600 penonton.

    Wiyaripun 40m x 22m, langkung ageng saking gedhong Stadstuin ing kuthá Uwent, makaten kapethik saking Algemeen Handelsblad voor Nederlands-Indië (1/8/1933).

    Ingkang nggarap gedhong Sampoerna Theater inggih puniká kantor arsitèk Job & Sprey, lajeng konstruksi wesinipun dèning N.V. de Ned. Ind. Industrie.

    Kori mlebetipun langkung wiyar tinimbang bioskop sanèsipun, kiwá tengenipun wonten lokèt, lajeng layar bioskop ingkang ngajengipun wonten panggung kanggé orkès.

    Sarwá Miguná

    Ing wingkingipun layar bioskop wonten panggung tonil ingkang saget muter, diamèteripun 9 mèter, ugi paling ageng ing Hindia Walandi.

    Naliká ngaso, penonton saget lenggah ing balkon wonten inggil ingkang wiyaripun 22m x 20 meter. Intérioripun simpel nanging necis mathuk kaliyan meubelipun.

    Vèntilasinipun saé sanget, lajeng audionipun nganggé piranti Philisonor, damelan Philips, mundhut saking firma Van Wingen.

    Pagelaran paresmèn Sampoerna Theater puniká kalebet radi dangu, antawisipun wonten musik lan tonil déning grup pribumi lan Tionghoa, lajeng dipunputer film Kampf urn Blond.

    Kolff & Co Tunjungan

    Kajawi Sampoerna Theater, kabar sanèsipun dinten malem Ngahad wau inggih puniká paresmèn toko buku énggal N.V. Koninklijke Boekhandel sáhá Drukkerijen G. Kolff & Co ing Tunjungan 70.

    Sareng Hellendoorn, usaha énggal kagunganipun Van Wingen lajeng mangké toko Hoffman, bakalipun mriki dados pusering tetokoan ingkang setaun kapungkur taksih satunggal kalih gedhong mawon.

    Kathah wargi Surábáyá rawuh ngaturaken wilujeng dumateng tuan Roffing, pangarsá Surábáyá, wargi sanèsipun ngintun sekar, ingkang ndadosaken swasáná pista sangsáyá sumringah.

    Share. Facebook Twitter WhatsApp Email Telegram
    Previous ArticleBabad Margi Tembus Pekalongan-Banjarnegara
    Next Article Regentschapsraad, Wakil Doro: Mas Aboebakar Sastrosoedarso
    Add A Comment

    Comments are closed.

    Nembé Mlebet
    • Pajek Gendhis Awit Januari 2024
    • Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung
    • PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi
    • ‘Marikangen’ Rokok Top Priyantun Solo
    • NATO Ngadhepi Kasunyatan Jaman, Genjot Anggaran
    Pacelathon Énggal
      • Facebook
      • Twitter
      • Instagram
      • Pinterest
      Waosanipun Bongsá Jawi
      Paling Kathah Dipunwaos

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung

      PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi

      Jaman Mbah Buyut
      Atur Sapálá
      Atur Sapálá

      Básá Jawi, utaminipun krámá madyá lan krámá inggil, dinten sapuniká sampun awis-awis dipunginaaken malih, tur sangsáyá udhar.

      Copyright © 2021 Het Javaanse Blad

      Facebook X (Twitter) Instagram LinkedIn VKontakte

      Type above and press Enter to search. Press Esc to cancel.