Close Menu
Het Javaanse Blad
    Facebook X (Twitter) Instagram
    Het Javaanse Blad
    • Pendápá
    • Atur Sapálá
    • Kraton

      Putri Ingrid Ambal Warsá Kaping 18

      19.06.2022

      Ngarsá Dalem Ngaturi Galadiner Korps Diplomatik

      13.06.2022

      Putri Beatrix Paring Anugerah Anyelir Pérak

      10.06.2022

      Ratu Máxima – Presidèn ECB Rembag Bebrayan

      09.06.2022

      Kraton Noordeinde Bika Malih Kanggé Publik

      08.06.2022
    • Den Haag

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      01.12.2023

      Rokok ing Walandi Bakal Rp 620.440 Sawungkus 

      02.06.2022

      Lockdown Rampung, Wajib Kartu Corona 

      26.01.2022

      Walandi Resmi Pungkasi Lockdown 

      25.01.2022

      Walandi Longgaraken Lockdown, Horéca Tetep Tutup 

      14.01.2022
    • Jogja

      Tingalan Jumenengan Dalem

      12.03.2021

      Kraton Jogja Prèngeti 6 Jam Serangan Oemoem 1 Maret 1949

      02.03.2021

      Uyon-Uyon Hadiluhung Senèn Pon

      25.02.2021
    • Diplomasi
    • Internasional
    • Jaman Mbah Buyut
    Het Javaanse Blad
    Panjenengan maos:Javaans » Sampun Wancinipun Dhahar Pangan Organik
    Den Haag

    Sampun Wancinipun Dhahar Pangan Organik

    By Eddi Santosa07.05.20213 Mins Read
    Pangan Organik - Het Javaanse Blad
    Séhat, alamiah (Unsplash)

    DEN HAAG – Sampun kabuktèn bilih pangan organik langkung séhat, antawisipun boten wonten tilaran-tilaran bahan semprot kimia.

    Pangan organik tegesipun sedáyá pangolahanipun boten nganggé hormon, owahan genetis, antibiotika, mès sintètis, lan semprot kimia. Semanten ugi ingkang nami produk pangan organik boten kénging dipuntambahi bahan sintètis, ugi kedah nggatosaken kasejahteraan kéwan.

    Sebagéan produk organik ngandhut langkung kathah vitamin C, mineral lan zat-zat bioaktif. Sungsunan asam lemak susu organik ugi bènten kalih susu sanèsipun, ugi ngandhut langkung kathah CLA, omega-3, beta-karoten lan vitamin E.

    Miturut biro ékonomi ABN Amro, kawulá ing Walandi sangsáyá kathah blánjá pangan organik. Taun kapengker cacahipun wonten € 1,1 milyar (Rp 18,7 trilyun), utaminipun kanggé kopi, tèh, cacao, camilan sarwá organik. Tegesipun blánjá organik ngantos 3% saking sedáyá blánjá pangan.

    Sayuran (Unsplash)

    Sapuniká ing saben kuthá mriki sampun gampil manggihi ingkang nami organic store utawi wandé organik, ingkang mligi sadéan sayuran, woh-wohan, dugi rupi-rupi jinis pangan ingkang sarwá organik. Pokokipun organik boten saget ucul malih saking pilihan kawulá mriki. Nanging kénging punápá kawulá mriki gandrung milih pangan organik?

    Bèntenipun antawis pangan organik kaliyan ingkang boten organik inggih puniká ing sedáyá produksi pangan organik boten kénging mbebayani manungsá, kéwan, sáhá alam. Tiyang tani boten organik nganggé semprotan bahan-bahan kimia insèktisida lan pèstisida kanggé nanggulangi hámá lan penyakit. Bekas-bekas bahan kimia wau taksih nèmpèl ing kasilipun pangan. 

    Ugi kalebet sayur-sayuran sáhá woh-wohan boten organik ngandhut kathahipun zat-zat kimia ingkang membayani. Padhahal sayuran sáhá woh-wohan wau jané ngandhut kathah zat-zat ingkang saé kanggé keséhatan, kadostá vitamin, mineral lan serat. Tanpá bahan-bahan semprotan kimia, zat-zat vitamin lan mineral wau nyéhataken sanget.

    Kejawi makaten racun kimia kanggé tanèn ugi ngrisak lingkungan, tetuwuhan sáhá kéwan ingkang gesang ing mriku, lan kwalitas toyá kanggé sumber unjukan. Tur malih bahan-bahan kimia wau janipun boten perlu: tanèn boten nganggé bahan-bahan kimia jebul tetep saget. Makaten tanèn taneman organik boten nganggé bahan-bahan semprotan kimia sáhá mès sintètis kimia, boten ngaboti utawi ngrisak lingkungan.

    Éwodènten kéwan-kéwan kanggé produksi daging organik ugi boten nganggé antibiotika lan pikantuk pakan ugi organik, sanès pakan damelan pabrik ingkang ngandhut hormon tuwuh, ugi boten nganggé owahan genetis. Prosèsipun ugi boten nganggé bahan-bahan kimia: aroma, warni, raos, sáhá bahan-bahan kimia sanèsipun. 

    Ing Walandi sapuniká tanèn organik cacahipun sampun ngantos 5% saking produksi pangan nasional lan ongkánipun tansah tuwuh. 

    “Tanèn organik bakal dados mainstream. Sègmèn organik terus tuwuh taun-taun kapengker saking niche dugi market saèstu, ing pundi firma-firma ageng ugi sampun mlebet. Kados grup Lidl ing wekdal kalih taun kapengker nambah produk organikipun tikel kalih, lajeng Albert Heijn ngantos langkung sèwu jinis pangan organik,” makaten Rabobank awal taun puniká.

    Share. Facebook Twitter WhatsApp Email Telegram
    Previous ArticleMbalèlá Protokol Corona, Maréchaussée Cepeng 6 Penumpang
    Next Article Walandi Eksportir Kasil Tanèn No 2 Sajagad
    Add A Comment

    Comments are closed.

    Nembé Mlebet
    • Pajek Gendhis Awit Januari 2024
    • Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung
    • PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi
    • ‘Marikangen’ Rokok Top Priyantun Solo
    • NATO Ngadhepi Kasunyatan Jaman, Genjot Anggaran
    Pacelathon Énggal
      • Facebook
      • Twitter
      • Instagram
      • Pinterest
      Waosanipun Bongsá Jawi
      Paling Kathah Dipunwaos

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung

      PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi

      Jaman Mbah Buyut
      Atur Sapálá
      Atur Sapálá

      Básá Jawi, utaminipun krámá madyá lan krámá inggil, dinten sapuniká sampun awis-awis dipunginaaken malih, tur sangsáyá udhar.

      Copyright © 2021 Het Javaanse Blad

      Facebook X (Twitter) Instagram LinkedIn VKontakte

      Type above and press Enter to search. Press Esc to cancel.