Close Menu
Het Javaanse Blad
    Facebook X (Twitter) Instagram
    Het Javaanse Blad
    • Pendápá
    • Atur Sapálá
    • Kraton

      Putri Ingrid Ambal Warsá Kaping 18

      19.06.2022

      Ngarsá Dalem Ngaturi Galadiner Korps Diplomatik

      13.06.2022

      Putri Beatrix Paring Anugerah Anyelir Pérak

      10.06.2022

      Ratu Máxima – Presidèn ECB Rembag Bebrayan

      09.06.2022

      Kraton Noordeinde Bika Malih Kanggé Publik

      08.06.2022
    • Den Haag

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      01.12.2023

      Rokok ing Walandi Bakal Rp 620.440 Sawungkus 

      02.06.2022

      Lockdown Rampung, Wajib Kartu Corona 

      26.01.2022

      Walandi Resmi Pungkasi Lockdown 

      25.01.2022

      Walandi Longgaraken Lockdown, Horéca Tetep Tutup 

      14.01.2022
    • Jogja

      Tingalan Jumenengan Dalem

      12.03.2021

      Kraton Jogja Prèngeti 6 Jam Serangan Oemoem 1 Maret 1949

      02.03.2021

      Uyon-Uyon Hadiluhung Senèn Pon

      25.02.2021
    • Diplomasi
    • Internasional
    • Jaman Mbah Buyut
    Het Javaanse Blad
    Panjenengan maos:Javaans » Sekolah Dèrèng Wantun Bika Malih
    Den Haag

    Sekolah Dèrèng Wantun Bika Malih

    By Eddi Santosa29.05.20213 Mins Read
    HBS Haarlem - Het Javaanse Blad
    Hoogere Burgerschool, Haarlem (Foto: Jane/CC)

    UTRECHT – Sanaosá pamréntah sampun nglonggaraken lockdown, nanging kathah sekolah ing Walandi dèrèng wantun bika malih.

    kulá dèrèng pikantuk vaksin, boten wantun mulang kelas

    Bram Donkers

    Sekolah lajengan utawi tengahan (SMP/SMA) taksih bingung punápá badhé bika piwulangan adhep-adhepan malih. Ugi ing wilayah Utrecht, jebul kathah sekolah ingkang dèrèng wantun mbika kori malih kanggé párá siswanipun. Sekolah-sekolah wau taksih mbetahaken wekdal.

    Kelas Matematika (Kredit: Unsplash)

    Saking 15 sekolah lajengan yayasan NUOVO kathahipun dèrèng wantun mbika kori malih kanggé párá siswanipun, makaten juruwicárá Bram Donkers kapethik saking Gelderlander dinten Setu (29/5/2021).

    “Minggu ngajeng kitá kanthi ngatos-atos nembé badhé mbika sekolah, supados tanggal wajib bika sekolah malih 7 juni mangké párá siswá saget mlebet sekolah,” ngendiká Bram Donkers.

    kathah guru utawi kaluarginipun ingkang kalebet kelompok risiko

    Eric Hordijk

    Sadèrèngipun minggu kapengker pamréntah sampun netepaken bilih wiwit tanggal 31 Mei mangké párá siswá saget mlebet sekolah malih tur boten usah njagi let, nanging tetep kedah njagi let 1,5 meter tumrap párá guru. Tegesipun, párá siswá bakal ing wekdal akhir sekolah puniká badhé kebak malih ngisi kelas. Mélai 7 Juni sedáyá sekolah wajib bika malih.

    Kelas normal malih (Kredit: Unsplash)

    “Nanging boten gampil kados niku,” ngendiká Bram Donkers.

    Kejawi masalah logistik, ugi kathah guru ingkang kagungan pitakènan kuwatos pripun mangké naliká mulang ngadhepi kelas ingkang kebak siswá.

    Sebagéan guru ngendiká “kulá dèrèng pikantuk vaksin, kulá boten wantun mulang kelas ingkang kebak siswá.” Kahananipun boten simpel sarèhning Outbreak Management Team/OMT (Tim Pangurusing Wabah, red) ugi maringi dhawuh supados párá siswá lan guru nindakaken tès per minggu kaping kalih. 

    “Kitá boten gadhah pitanti tès lan boten gadhah tenaganipun. Kitá sareng párá siswá puber kedah ngatasi piyambak. Sapuniká kita dhawuh tumrap siswá, “Monggo iki tès mandiri, gawanen bali, lakoni tès dhéwé nang omah bareng bapak ibumu.” Pitakénan pentingipun: sinten saget njamin manawi párá siswá ing griyá nindakaken tès saèstu?” makaten Bram Donkers.

    Salah satunggaling saking sakedhik sekolah ingkang wantun bika malih minggu ngajeng inggih puniká Leidsche Rijn College, Leiden.

    “Kitá badhé bika malih dinten Selásá. Sarèhning 300 siswá ingkang badhé ujian mangké nglampahi ujianipun ing gedhong Jaarbeurs, pramilá kitá saget longgar sanget. Ugi kitá gadhah 6 ruang olahraga kanggé kelas, tur vantilasinipun saé. Kitá saget nglajengaken piwulangan malih kados sadèrèngipun lockdown, lan ngaosaken saget nyambut párá siswá malih ingkang cacahipun 1.400,” ngendiká Kepala Sekolah Leidsche Rijn College, Eric Hordijk.

    Miturut Hordijk párá guru ugi deg-degan. Piyambakipun ugi gadhah guru-guru utawi kaluarginipun ingkang ringkih kalebet kelompok risiko tumrap virus Corona. 

    “Kanggé guru-guru puniká kitá sampun maringi pilihan, antawisipun siswá pikèt ingkang mbiyantu guru nyetèlaken piranti komputer, lajeng mbimbing réncangipun, ugi wonten lokal kelas ingkang langkung wiyar supados guru ngraos sekécá. Makaten kitá maringi párá guru raos aman,” makaten Eric Hordijk. (es/es)

    Share. Facebook Twitter WhatsApp Email Telegram
    Previous Article2 Kusir Délman Pesalakan Tukar Padu
    Next Article 1917, Pacinan Pekalongan Boten Netepi Pranatan
    Add A Comment

    Comments are closed.

    Nembé Mlebet
    • Pajek Gendhis Awit Januari 2024
    • Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung
    • PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi
    • ‘Marikangen’ Rokok Top Priyantun Solo
    • NATO Ngadhepi Kasunyatan Jaman, Genjot Anggaran
    Pacelathon Énggal
      • Facebook
      • Twitter
      • Instagram
      • Pinterest
      Waosanipun Bongsá Jawi
      Paling Kathah Dipunwaos

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung

      PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi

      Jaman Mbah Buyut
      Atur Sapálá
      Atur Sapálá

      Básá Jawi, utaminipun krámá madyá lan krámá inggil, dinten sapuniká sampun awis-awis dipunginaaken malih, tur sangsáyá udhar.

      Copyright © 2021 Het Javaanse Blad

      Facebook X (Twitter) Instagram LinkedIn VKontakte

      Type above and press Enter to search. Press Esc to cancel.