Close Menu
Het Javaanse Blad
    Facebook X (Twitter) Instagram
    Het Javaanse Blad
    • Pendápá
    • Atur Sapálá
    • Kraton

      Putri Ingrid Ambal Warsá Kaping 18

      19.06.2022

      Ngarsá Dalem Ngaturi Galadiner Korps Diplomatik

      13.06.2022

      Putri Beatrix Paring Anugerah Anyelir Pérak

      10.06.2022

      Ratu Máxima – Presidèn ECB Rembag Bebrayan

      09.06.2022

      Kraton Noordeinde Bika Malih Kanggé Publik

      08.06.2022
    • Den Haag

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      01.12.2023

      Rokok ing Walandi Bakal Rp 620.440 Sawungkus 

      02.06.2022

      Lockdown Rampung, Wajib Kartu Corona 

      26.01.2022

      Walandi Resmi Pungkasi Lockdown 

      25.01.2022

      Walandi Longgaraken Lockdown, Horéca Tetep Tutup 

      14.01.2022
    • Jogja

      Tingalan Jumenengan Dalem

      12.03.2021

      Kraton Jogja Prèngeti 6 Jam Serangan Oemoem 1 Maret 1949

      02.03.2021

      Uyon-Uyon Hadiluhung Senèn Pon

      25.02.2021
    • Diplomasi
    • Internasional
    • Jaman Mbah Buyut
    Het Javaanse Blad
    Panjenengan maos:Javaans » Sinten Dhahar Séhat, Langkung Enèm Kognisinipun
    Den Haag

    Sinten Dhahar Séhat, Langkung Enèm Kognisinipun

    By Eddi Santosa26.05.20212 Mins Read
    Sehat - Het Javaanse Blad
    Dhahar sèhat (Kredit: Unsplash)

    DEN HAAG – Sinten kuliná dhahar séhat langkung enèm kognisinipun. Langkung tambah yuswá, langkung ageng bèntenipun antawis ingkang dhahar séhat kalawan ingkang boten.

    Ugi priyantun-priyantun ingkang dhahar séhat munduripun fungsi kognitif langkung alon utawi langkung dangu tinimbang priyantun ingkang dhaharipun boten séhat, makaten kasilipun panelitian Rijksinstituut voor Volksgezondheid en Milieu/RIVM (Lembaga Nasional Kaséhatan lan Lingkungan) tumrap 3.000 priyantun ing kuthá Doetinchem ingkang dipunteliti 20 taun dangunipun.

    Sèhat alami (Kredit: Unsplash)

    Sampun kathah panelitian mbuktiaken kaitanipun antawis cárá gesang séhat lan fungsi kognisi mangké menawi sampun sepuh. Studi kohort ingkang dangunipun 25 taun neliti sakumpulan priyantun ugi mbuktiaken hipotesis bilih dhahar séhat saé kanggé organ utek.

    kathah sayuran lan woh-wohan, wiji-wijian, ngéndhani lemak jenuh, ngirangi dhahar olahan, sakedhik sarem lan gendhis

    Punápá párá rèspondèn nggadhahi pola dhahar Mediteran, 4 séhat 5 sampurná, utawi ndhèrèkaken pitedhahipun WHO, pokokipun sinten dhahar séhat skoripun langkung saé tinimbang réncangipun sayuswá ingkang nggadhahi pola dhahar boten séhat.

    Boten olahan (Kredit: Unsplash)

    Pramilá panjenengan boten usah pindhah gesang ing wilayah Mediteran utawi ndhèrèkaken pola dhahar utawi diet Mediteran, sebab dhahar séhat umumipun nggadhahi paugeran ingkang sami mawon: kathah sayuran lan woh-wohan, wiji-wijian, ngéndhani lemak jenuh, ngirangi dhahar olahan, sakedhik daging abrit, sakedhik sarem lan gendhis.

    Boten namung fungsi pangéling-éling (memori), ugi kaluwesan lan kacepetan anggènipun utek ngolah informasi ugi dipuntès. Salajengipun párá rèspondèn dipuntakèni punápá kagungan penyakit, dipunukur lan dipuntimbang, lajeng ngisi daftar piktakènan babagan dhaharipun. 

    Priyantun-priyantun ingkang pendidikanipun inggil, ingkang gesang aktif, boten kathah ngrokok, lan boten kagendhutan, umumipun ugi dhaharipun langkung séhat. Sanaosá makaten kaitan antawis pangan lan kognisi tetep madeg, sasampunipun tim paneliti nyaring faktor-faktor sanèsipun. Priyantun ingkang dhahar séhat kanthi mbetá risiko genetis tumrap Alzheimer, langkung kathah pikantuk manfaat tinimbang priyantun rátá-rátá.

    “Bilih dhahar séhat wigatos sanget kanggé nyegah penyakit jantung, pembuluh darah lan diabetes tipe 2, masyarakat kathahipun sampun pirsá, nanging ingkang radi dèrèng pirsá inggih puniká dhahar séhat saget nyegah kamunduran kognisi, sáhá ngirangi risiko pikantuk kapikunan,” makaten Monique Verschuren ingkang ndhèrèk tim panelitian puniká.

    Ugi Prof. Jaap Seidell, Guru Besar Pangan & Kaséhatan Vrije Universiteit Amsterdam sarujuk bilih puniká wanti-wanti ingkang paling wigatos saking panelitian puniká. Piyambakipun boten ndhèrèk panelitian, nanging dados salah satunggaling ingkang mprakarsai panelitian wau.

    “Wigatos sanget kanggé wanti-wanti bilih paugeran dhahar séhat boten namung kanggé nyegah masalah kaséhatan, nanging bilih cárá gesang ingkang séhat kanggé jángká wekdal dangu ugi nggadhahi pangaruh,” makaten Prof. Seidell. (es/es)

    Share. Facebook Twitter WhatsApp Email Telegram
    Previous ArticlePuniká Bupati Pekalongan Sasampunipun Katambahan Batang
    Next Article Limpung Pamèran Rájákáyá 1934
    Add A Comment

    Comments are closed.

    Nembé Mlebet
    • Pajek Gendhis Awit Januari 2024
    • Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung
    • PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi
    • ‘Marikangen’ Rokok Top Priyantun Solo
    • NATO Ngadhepi Kasunyatan Jaman, Genjot Anggaran
    Pacelathon Énggal
      • Facebook
      • Twitter
      • Instagram
      • Pinterest
      Waosanipun Bongsá Jawi
      Paling Kathah Dipunwaos

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung

      PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi

      Jaman Mbah Buyut
      Atur Sapálá
      Atur Sapálá

      Básá Jawi, utaminipun krámá madyá lan krámá inggil, dinten sapuniká sampun awis-awis dipunginaaken malih, tur sangsáyá udhar.

      Copyright © 2021 Het Javaanse Blad

      Facebook X (Twitter) Instagram LinkedIn VKontakte

      Type above and press Enter to search. Press Esc to cancel.