Close Menu
Het Javaanse Blad
    Facebook X (Twitter) Instagram
    Het Javaanse Blad
    • Pendápá
    • Atur Sapálá
    • Kraton

      Putri Ingrid Ambal Warsá Kaping 18

      19.06.2022

      Ngarsá Dalem Ngaturi Galadiner Korps Diplomatik

      13.06.2022

      Putri Beatrix Paring Anugerah Anyelir Pérak

      10.06.2022

      Ratu Máxima – Presidèn ECB Rembag Bebrayan

      09.06.2022

      Kraton Noordeinde Bika Malih Kanggé Publik

      08.06.2022
    • Den Haag

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      01.12.2023

      Rokok ing Walandi Bakal Rp 620.440 Sawungkus 

      02.06.2022

      Lockdown Rampung, Wajib Kartu Corona 

      26.01.2022

      Walandi Resmi Pungkasi Lockdown 

      25.01.2022

      Walandi Longgaraken Lockdown, Horéca Tetep Tutup 

      14.01.2022
    • Jogja

      Tingalan Jumenengan Dalem

      12.03.2021

      Kraton Jogja Prèngeti 6 Jam Serangan Oemoem 1 Maret 1949

      02.03.2021

      Uyon-Uyon Hadiluhung Senèn Pon

      25.02.2021
    • Diplomasi
    • Internasional
    • Jaman Mbah Buyut
    Het Javaanse Blad
    Panjenengan maos:Javaans » Wargi Eropa Sampun Vaksinasi Saget Mlebet New York Malih
    Internasional

    Wargi Eropa Sampun Vaksinasi Saget Mlebet New York Malih

    By Eddi Santosa11.10.20212 Mins Read
    © unsplash/Victor Daniel Giraldo

    NEW YORK – Wiwit sasi November mangké wargi Uni Eropa ingkang sampun pikantuk vaksin saget mlebet New York malih.

    Wekdal sapuniká langkung saking 75% wargi New York diwásá sampun pikantuk paling kirang satunggal dosis vaksin. Kanthi puniká kuthá New York sampun dugi ancer-ancer ingkang dipunkersaaken, saènggá pranatan pewatesan-pewatesan saget dipunjabut.

    Foto: Unsplash/Priyanka Puvvada

    Wargi ingkang sampun pikantuk vaksin boten wajib malih nganggé masker ugi boten wajib njagi let malih, saget srawungan normal. Senaosá makaten menawi mlebet bilik umum kados mlebet kantor taksih kedah nganggé masker, ugi menawi nitih angkutan umum, makaten newyork.nl kapethik Het Javaanse Blad dinten Senèn (11/10).

    Éwodènten mlebet restoran, ngrawungi konsèr, musea, stadion, wajib nedhahaken bukti sampun pikantuk vaksin ingkang dipunakèni déning WHO paling kirang dosis kaping sepindhah. Sedáyá pranatan puniká boten wajib kanggé laré yuswá kirang saking 12 taun.

    Tiyang asing ingkang badhé tindak mlampah-mlampah mlebet New York menawi sampun vaksinasi lan boten gadhah gejala boten usah karantina malih, nanging kedah tès PCR naliká mandhap. 

    Pamréntah New York taksih netepaken sinten dèrèng naté pikantuk vaksin utawi dèrèng saras saking gerah Covid-19 salebeting wekdal 3 sasi taksih wajib mlebet karantina sasampunipun mandhap.

    Dugi sasi November tiyang saking negari-negari Uni Eropa boten kénging tindak mlebet New York, nanging wiwit November sinten mathuk kalih syarat-syarat wau sampun kénging mlebet malih, boten usah karantina, ugi boten usah tès PCR malih sasampunipun mandhap, nanging kesah tès negatif naliká mlebet pesawat tujuan Amerika.

    Share. Facebook Twitter WhatsApp Email Telegram
    Previous ArticleMlajar Nabrak Kucing Dendhá Rp 194 Juta
    Next Article Sumber Teori Konspirasi, Pulisi Tutup Kanal Telegram
    Add A Comment

    Comments are closed.

    Nembé Mlebet
    • Pajek Gendhis Awit Januari 2024
    • Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung
    • PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi
    • ‘Marikangen’ Rokok Top Priyantun Solo
    • NATO Ngadhepi Kasunyatan Jaman, Genjot Anggaran
    Pacelathon Énggal
      • Facebook
      • Twitter
      • Instagram
      • Pinterest
      Waosanipun Bongsá Jawi
      Paling Kathah Dipunwaos

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung

      PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi

      Jaman Mbah Buyut
      Atur Sapálá
      Atur Sapálá

      Básá Jawi, utaminipun krámá madyá lan krámá inggil, dinten sapuniká sampun awis-awis dipunginaaken malih, tur sangsáyá udhar.

      Copyright © 2021 Het Javaanse Blad

      Facebook X (Twitter) Instagram LinkedIn VKontakte

      Type above and press Enter to search. Press Esc to cancel.