Close Menu
Het Javaanse Blad
    Facebook X (Twitter) Instagram
    Het Javaanse Blad
    • Pendápá
    • Atur Sapálá
    • Kraton

      Putri Ingrid Ambal Warsá Kaping 18

      19.06.2022

      Ngarsá Dalem Ngaturi Galadiner Korps Diplomatik

      13.06.2022

      Putri Beatrix Paring Anugerah Anyelir Pérak

      10.06.2022

      Ratu Máxima – Presidèn ECB Rembag Bebrayan

      09.06.2022

      Kraton Noordeinde Bika Malih Kanggé Publik

      08.06.2022
    • Den Haag

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      01.12.2023

      Rokok ing Walandi Bakal Rp 620.440 Sawungkus 

      02.06.2022

      Lockdown Rampung, Wajib Kartu Corona 

      26.01.2022

      Walandi Resmi Pungkasi Lockdown 

      25.01.2022

      Walandi Longgaraken Lockdown, Horéca Tetep Tutup 

      14.01.2022
    • Jogja

      Tingalan Jumenengan Dalem

      12.03.2021

      Kraton Jogja Prèngeti 6 Jam Serangan Oemoem 1 Maret 1949

      02.03.2021

      Uyon-Uyon Hadiluhung Senèn Pon

      25.02.2021
    • Diplomasi
    • Internasional
    • Jaman Mbah Buyut
    Het Javaanse Blad
    Panjenengan maos:Javaans » Stasiun Maastricht, 105 Tahun Nembé Reresmèn
    Den Haag

    Stasiun Maastricht, 105 Tahun Nembé Reresmèn

    By Eddi Santosa03.11.20211 Min Read
    Stasiun Maastricht 105 Taun - Het Javaanse Blad
    Stasiun Maastricht (Foto: Hermann Luyken)

    MAASTRICHT – Stasiun Maastricht sampun nampi tiyang lelampahan wiwit taun 1916, nanging dèrèng naté dipunresmiaken amargi Perang Donya (PD) I.

    Sasampunipun rèstorasi mèh 2 taun dados saé malih, Stasiun Maastricht  nembé pikantuk reresmèn dinten Rebo puniká, 105 taun sasampunipun dipunanggé, makaten Nederlandse Spoorwegen (NS) mbabaraken dinten Rebo (3/11).

    Rawuh naliká upácárá reresmèn Stasiun Maastricht puniká antawisipun Présidèn Dirèktur NS Marjan Rintel sáhá pamongprájá Alam, Lingkungan lan Warisan Budháyá saking provinsi Limburg Geert Gabriels.

    Stasiun Maastricht sapuniká pikantuk langkung kathah lampu sáhá kamar, ugi sedáyá kajangkepan ubá rampénipun mathuk kaliyan jaman sapuniká. Kajawi makaten èlemèn-èlemèn jaman dangu ingkang kalebet monumen dipunwangsulaken kados sawaunipun.

    NS ngaturaken bilih ningali kandutan sejarah puniká wigatos sanget.

    “NS sadhar aosipun stasiun-stasiun ingkang monumental minongká warisan sejarah kabudhayan. Ngrumat sedáyá wau puniká ndhèrèk mbiyantu párá priyantun ingkang lelampahan saget ngemataken stasiun sáhá kuthá panggènan stasiun kados jaman semanten,” makaten juruwicárá NS.

    Station Maastricht kalenggahan ing pusering kuthá Maastricht, kuthá paling kidul wilayah Walandi caket kaliyan tapel wates wilayah Karajan Belgia. Kuthá Maastricht taksih gadhah 2 stasiun malih inggih puniká Stasiun Maastricht Randwyck lan Stasiun Maastricht Noord.

    Share. Facebook Twitter WhatsApp Email Telegram
    Previous ArticleProf. Oomen Mlebet Déwan Pirembug
    Next Article Papréntahan Énggal, Langkung Nemen
    Add A Comment

    Comments are closed.

    Nembé Mlebet
    • Pajek Gendhis Awit Januari 2024
    • Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung
    • PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi
    • ‘Marikangen’ Rokok Top Priyantun Solo
    • NATO Ngadhepi Kasunyatan Jaman, Genjot Anggaran
    Pacelathon Énggal
      • Facebook
      • Twitter
      • Instagram
      • Pinterest
      Waosanipun Bongsá Jawi
      Paling Kathah Dipunwaos

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung

      PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi

      Jaman Mbah Buyut
      Atur Sapálá
      Atur Sapálá

      Básá Jawi, utaminipun krámá madyá lan krámá inggil, dinten sapuniká sampun awis-awis dipunginaaken malih, tur sangsáyá udhar.

      Copyright © 2021 Het Javaanse Blad

      Facebook X (Twitter) Instagram LinkedIn VKontakte

      Type above and press Enter to search. Press Esc to cancel.