Close Menu
Het Javaanse Blad
    Facebook X (Twitter) Instagram
    Het Javaanse Blad
    • Pendápá
    • Atur Sapálá
    • Kraton

      Putri Ingrid Ambal Warsá Kaping 18

      19.06.2022

      Ngarsá Dalem Ngaturi Galadiner Korps Diplomatik

      13.06.2022

      Putri Beatrix Paring Anugerah Anyelir Pérak

      10.06.2022

      Ratu Máxima – Presidèn ECB Rembag Bebrayan

      09.06.2022

      Kraton Noordeinde Bika Malih Kanggé Publik

      08.06.2022
    • Den Haag

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      01.12.2023

      Rokok ing Walandi Bakal Rp 620.440 Sawungkus 

      02.06.2022

      Lockdown Rampung, Wajib Kartu Corona 

      26.01.2022

      Walandi Resmi Pungkasi Lockdown 

      25.01.2022

      Walandi Longgaraken Lockdown, Horéca Tetep Tutup 

      14.01.2022
    • Jogja

      Tingalan Jumenengan Dalem

      12.03.2021

      Kraton Jogja Prèngeti 6 Jam Serangan Oemoem 1 Maret 1949

      02.03.2021

      Uyon-Uyon Hadiluhung Senèn Pon

      25.02.2021
    • Diplomasi
    • Internasional
    • Jaman Mbah Buyut
    Het Javaanse Blad
    Panjenengan maos:Javaans » Sumber Teori Konspirasi, Pulisi Tutup Kanal Telegram
    Den Haag

    Sumber Teori Konspirasi, Pulisi Tutup Kanal Telegram

    By Eddi Santosa11.10.20212 Mins Read
    Foto: Unsplash/Adem AY

    DEN HAAG – Nindakaken dhawuh Openbaar Ministerie (Kajeksan), pulisi nutup 2 kanal guneman aplikasi Telegram inggih puniká kanal Bataafse Republiek lan Bataafs Nieuws, sarèhning kanal wau dipunginaaken kanggé ngojok-ngojoki nglawan pamongprájá.

    Kakalih kanal guneman puniká sampun dangu mlebet pamriksan pidana, makaten Kajeksan ngumumaken kados kapethik saking Algemeen Dagblad dinten Senèn (11/2).

    Foto: Unsplash/Dimitri Karastelev

    Wiwit sasi Mei kapungkur sampun wonten pinten-pinten kadakwá ing grup wau sarèhning piyambakipun mbabaraken posting ingkang ngancem, ngojok-ngojoki lan mbagi link kanal sanèsipun ingkang ngandhut isi nerak hukum. Kanal wau nalika dipuntutup nggadhahi anggota langkung saking 13.000.

    Antawisipun kadakwá panyebar teori konspirasi saking kanal wau inggih puniká Joost Knevel, Micha Kat lan Wouter Raatgever mbabaraken informasi Red Pill Journal, ing mriku antawisipun piyambakipun ngancem direktur RIVM Jaap van Dissel. 

    Miturut Knevel, Kat, lan Raatgever, direktur RIVM Dissel ndhèrèk rájápati mejahi laré alit ing kuthá Bodegraven. Sapuniká Knevel, Kat, lan Raatgever sampun dipuncepeng pulisi lajeng mlebet tahanan. Raatgever dipuncepeng ing kuthá Siddeburen, sasi Juni kapungkur. 

    Knevel dipuncepeng ing Spanyol, sapuniká sampun dipunserahaken dateng pulisi Walandi. Éwodènten Kat kacepeng ing Belfast, Irlandia Lèr. Dinten Jemuah samangké wonten sidang pangadilan ing mriká perkawis panyerahan piyambakipun dateng Walandi.

    Wonten ing kanal-kanal wau ugi dipunandumaken informasi privat saking párá priyantun ingkang ndhèrèk kampanye vaksinasi kanggé nanggulangi virus Corona. Kajawi makaten admin kanal wau ugi nyebaraken teori konspirasi babagan jejaring pedofil lan upácárá mejahi laré-laré alit.

    Minggu kapungkur wonten wárá-wárá bilih ing kanal wau badhé dipunpasang video énggal ingkang ngandhut isi ngancem, fitnah, lan ngojok-ngojoki nglawan pamréntah. Perkawis video wau pangadilan ing Den Haag sampun maringi vonis bilih video wau ngandhut isi ingkang nerak hukum, saénggá kedah dipunbusek saking internet, lan boten kénging dipunpasang malih. 

    Kajeksan pirsá bilih ing grup Bataafse Republiek lan Bataafse Nieuws wonten réklame kanggé kanal énggal, lajeng dhawuh dateng pulisi supados nutup kanal wau, sadèrèngipun ‘párá anggotá saget mirsani isinipun ingkang nerak hukum’. Kanal énggal wau sapuniká sampun dipunbusek déning admin piyambak.

    Share. Facebook Twitter WhatsApp Email Telegram
    Previous ArticleWargi Eropa Sampun Vaksinasi Saget Mlebet New York Malih
    Next Article (Facebook) Ngancem Mentri, Gelá Temu Buri
    Add A Comment

    Comments are closed.

    Nembé Mlebet
    • Pajek Gendhis Awit Januari 2024
    • Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung
    • PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi
    • ‘Marikangen’ Rokok Top Priyantun Solo
    • NATO Ngadhepi Kasunyatan Jaman, Genjot Anggaran
    Pacelathon Énggal
      • Facebook
      • Twitter
      • Instagram
      • Pinterest
      Waosanipun Bongsá Jawi
      Paling Kathah Dipunwaos

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung

      PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi

      Jaman Mbah Buyut
      Atur Sapálá
      Atur Sapálá

      Básá Jawi, utaminipun krámá madyá lan krámá inggil, dinten sapuniká sampun awis-awis dipunginaaken malih, tur sangsáyá udhar.

      Copyright © 2021 Het Javaanse Blad

      Facebook X (Twitter) Instagram LinkedIn VKontakte

      Type above and press Enter to search. Press Esc to cancel.