Close Menu
Het Javaanse Blad
    Facebook X (Twitter) Instagram
    Het Javaanse Blad
    • Pendápá
    • Atur Sapálá
    • Kraton

      Putri Ingrid Ambal Warsá Kaping 18

      19.06.2022

      Ngarsá Dalem Ngaturi Galadiner Korps Diplomatik

      13.06.2022

      Putri Beatrix Paring Anugerah Anyelir Pérak

      10.06.2022

      Ratu Máxima – Presidèn ECB Rembag Bebrayan

      09.06.2022

      Kraton Noordeinde Bika Malih Kanggé Publik

      08.06.2022
    • Den Haag

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      01.12.2023

      Rokok ing Walandi Bakal Rp 620.440 Sawungkus 

      02.06.2022

      Lockdown Rampung, Wajib Kartu Corona 

      26.01.2022

      Walandi Resmi Pungkasi Lockdown 

      25.01.2022

      Walandi Longgaraken Lockdown, Horéca Tetep Tutup 

      14.01.2022
    • Jogja

      Tingalan Jumenengan Dalem

      12.03.2021

      Kraton Jogja Prèngeti 6 Jam Serangan Oemoem 1 Maret 1949

      02.03.2021

      Uyon-Uyon Hadiluhung Senèn Pon

      25.02.2021
    • Diplomasi
    • Internasional
    • Jaman Mbah Buyut
    Het Javaanse Blad
    Panjenengan maos:Javaans » Tetuwuhan Den Haag Wigatos Kanggé Iklim, Paling Sepuh Wiwit 1536
    Den Haag

    Tetuwuhan Den Haag Wigatos Kanggé Iklim, Paling Sepuh Wiwit 1536

    By Eddi Santosa28.02.20212 Mins Read

    Tetuwuhan ten Den Haag sangsáyá wigatos kanggé kuthá. Wonten ingkang dipun tanem wiwit jaman Rájá Karel V taun 1536.

    Kuthá Den Haag ten taun-taun ngajeng kedah langkung ijem, ijo royo-royo. Pramilá pamréntah kutháprájá badhé nanem langkung kathah tetuwuhan kanggé mujudaken program puniká.

    Kejawi makaten, pamréntah ugi bakal andum winih tetuwuhan wau gratis dumateng párá wargi Den Haag kersanipun saget dipuntanem ten kebon utawi pekaranganipun piyambak-piyambak. Program puniká kaserat wonten ing nota ingkang dipunwastani: Nota Tetuwuhan pamréntah kutháprájá Den Haag.

    Ijo royo-royo, asri, margi Wassenaar, Den Haag

    “Tetuwuhan sangsáyá wigatos kanggé kuthá, utaminipun naliká kuthá sangsáyá pepek kathah manungsá,” ngendiká Leendert Koudstaal, ingkang sampun 42 taun mikul tugas ngrawat atusan èwon tetuwuhan kagunganipun pamréntah, antawisipun 120.000 tetuwuhan ten tengah-tengahing kuthá.

    Contonipun tetuwuhan ten margi Lange Voorhout, ingkang ten mriku wonten hotel misuwur: Hotel Des Indes, kathah jèjèr tetuwuhan ageng merbawani. Sebagian tetuwuhan wau yuswanipun mèh sampun 200 taun.

    “Ingkang puniká sampun sepuh saèstu, pramilá kitá bangga sanget,” celathu Koudstaal ten Algemeen Dagblad (22/2) sinambi nedhahaken jèjèran tetuwuhan ingkang pancèn cethá ketingal sampun sepuh sanget.

    Aesculus hippocastanum, wiwit taun 1870 (Foto: 247green.nl)

    Miturut seratan, tetuwuhan ten sisih kiwá tengen margi Lange Voorhout wau wiwitan kaping sepindhah dipuntanem kanthi dhawuhipun Ngarsá Dalem Rájá Karel V ten taun 1536 supados párá wanitá wekdal semanten saget mlampah-mlampah ten mriku lan párá sudagar ulam saget ngiyup saking bentèripun srengèngè. Saking wigatosipun tetuwuhan wau sinten ingkang ngrisak pikantuk hukuman dipunkethok astanipun.

    Koudstaal nambahaken bilih tetuwuhan dugi dinten sapuniká tansah wigatos kanggé kuthá Den Haag, boten namung ndadosaken kuthá tambah éndah lan asri, nadhahi CO2 lan dados sumber O2, nanging ugi maringi katedhuhan kanggé ngiyup wancinipun mángsá bentèr. 

    ijem, adhem, lestari

    Den Haag ugi kuthá paling sepindhah ten Eropa ingkang nanem tetuwuhan ten nginggil gedhong parkiran Het Plein. Ten taun 2030 samangké kuthá Den Haag dipunarepaken saget nambah langkung kathah godhong 5% malih. Sangsáyá kathah godhong, sangsáyá kathah sumbangsih tetuwuhan wau tumrap kwalitas gesang.

    Miturut pejabat kutháprájá Hilbert Bredemeijer, kuthá Den Haag bakal dados kuthá pelopor ten Walandi ingkang badhé ngukur jumlah volume godhong saking sedáyá tetuwuhanipun. Kuthá-kuthá kados New York lan London sampun miwiti ngetrapaken program kados makaten.

    Share. Facebook Twitter WhatsApp Email Telegram
    Previous ArticleDamel Kuthá Ijo Royo-royo, Pamréntah Andum Winih Gratis
    Next Article Nitih Kapal Prins Willem II Tiyang Jawi Dugi Suriname Tahun 1890
    Add A Comment

    Comments are closed.

    Nembé Mlebet
    • Pajek Gendhis Awit Januari 2024
    • Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung
    • PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi
    • ‘Marikangen’ Rokok Top Priyantun Solo
    • NATO Ngadhepi Kasunyatan Jaman, Genjot Anggaran
    Pacelathon Énggal
      • Facebook
      • Twitter
      • Instagram
      • Pinterest
      Waosanipun Bongsá Jawi
      Paling Kathah Dipunwaos

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung

      PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi

      Jaman Mbah Buyut
      Atur Sapálá
      Atur Sapálá

      Básá Jawi, utaminipun krámá madyá lan krámá inggil, dinten sapuniká sampun awis-awis dipunginaaken malih, tur sangsáyá udhar.

      Copyright © 2021 Het Javaanse Blad

      Facebook X (Twitter) Instagram LinkedIn VKontakte

      Type above and press Enter to search. Press Esc to cancel.