Close Menu
Het Javaanse Blad
    Facebook X (Twitter) Instagram
    Het Javaanse Blad
    • Pendápá
    • Atur Sapálá
    • Kraton

      Putri Ingrid Ambal Warsá Kaping 18

      19.06.2022

      Ngarsá Dalem Ngaturi Galadiner Korps Diplomatik

      13.06.2022

      Putri Beatrix Paring Anugerah Anyelir Pérak

      10.06.2022

      Ratu Máxima – Presidèn ECB Rembag Bebrayan

      09.06.2022

      Kraton Noordeinde Bika Malih Kanggé Publik

      08.06.2022
    • Den Haag

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      01.12.2023

      Rokok ing Walandi Bakal Rp 620.440 Sawungkus 

      02.06.2022

      Lockdown Rampung, Wajib Kartu Corona 

      26.01.2022

      Walandi Resmi Pungkasi Lockdown 

      25.01.2022

      Walandi Longgaraken Lockdown, Horéca Tetep Tutup 

      14.01.2022
    • Jogja

      Tingalan Jumenengan Dalem

      12.03.2021

      Kraton Jogja Prèngeti 6 Jam Serangan Oemoem 1 Maret 1949

      02.03.2021

      Uyon-Uyon Hadiluhung Senèn Pon

      25.02.2021
    • Diplomasi
    • Internasional
    • Jaman Mbah Buyut
    Het Javaanse Blad
    Panjenengan maos:Javaans » Tingalan Jumenengan Dalem
    Jogja

    Tingalan Jumenengan Dalem

    By Eddi Santosa12.03.20213 Mins Read
    credit: kratonjogja.id

    JOGJA – Saben taun, Kraton Ngayogyakarta mprèngeti Tingalan Jumenengan Ngarsá Dalem Sri Sultan Hamengku Buwono X. Prèngetan dipuntindakaken miturut kalènder Jawi saben tanggal 29 Rejeb.

    Wonten ing taun 2021 puniká Tingalan Jumenengan Dalem minongká mprèngeti 33 taun Ngarsá Dalem Sri Sultan Hamengku Buwono X jumeneng miturut kalender Jawi 29 Rejeb, Tahun Jimakir 1954, dhawah kaleresan kalih Setu, 13 Maret 2021. Miturut taun Masehi, Ngarsá Dalem jangkep jumeneng 32 taun kálá wingi tanggal 7 Maret 2021.

    Kanggé mprèngeti dinten kasebat wau, Kraton Ngayogyakarta ngawontenaken reruntungan upacárá ingkang badhé dipuntindakaken wiwit tanggal 27 Rejeb. Rupi-rupi Hajad Dalem prèngetan Tingalan Jumenengan Dalem puniká makaten:

    1. Ngebluk: 27 Rejeb
    2. Ngapem: 28 Rejeb
    3. Sugengan: 29 Rejeb
    4. Labuhan Parangkusumo: 30 Rejeb
    5. Labuhan Lawu lan Labuhan Merapi: 1 Ruwah

    Amargi wonten pagebluk COVID-19, milá paleksanan sedáyá upacárá wau ngetrapaken piwatesan, boten namung párá punggáwá nanging ugi tatacaranipun. Acárá ugi dipungelar kanthi katutup utawi boten kanggé umum.

    credit: kratonjoga.id

    Penghageng Kawedanan Hageng Punokawan Parwabudáyá GKR Mangkubumi ngendiká bilih senaosá upacárá kedah dipuncocogaken kalih kahanan sapuniká, nanging tegesipun lan jiwanipun boten ical.

    Upacárá adat ingkang sampun kalampahan atusan taun dangunipun badhé tetep mlampah kados punápá mesthinipun. Wontenipun katemtuan puniká minongká wujud jejegipun Kraton Yogyakartá nglampahi tradisi ing kahanan punápá kémawon.

    “Kados pelaksanan prèngetan Tingalan Jumenengan Dalem taun wingi, wekdal semanten pagebluk sampun wonten. Naliká semanten, pelaksanan Labuhan Lawu ingkang biasanipun dugi Hargo Dalem, dipuncocogaken namung dugi Cemoro Kandang. Senaosá makaten, ubárampè ingkang dipunsiyapaken sartá palaksananipun tetep sami. Taun sapuniká, rupi-rupi panyocokan tetep dipuntindakaken. Acárá ing njawi Hajad Dalem kados pamèran sáhá simposium ugi badhé dipuncocokaken,” makaten Gusti Mangku.

    GKR Mangkubumi salajengipun ngendiká bilih prèngetan Tingalan Jumenengan Dalem Ngarsá Dalem Sri Sultan Hamengku Buwono X dipunmaknai boten namung minongká tambahipun wekdal jumenengan nanging ugi minongká tetenger bilih jaman sampun kathah owah.

    Miturut GKR Mangkubumi, sadangunipun Ngarsá Dalem Sri Sultan Hamengku Buwono X jumeneng, kraton tansah ngupados kanggé saget nututi megar owahing jaman.

    “Teknologi tansah megar, lan keraton migunaaken kanggé siyar budháyá ingkang langkung jembar. Bándhá budháyá kraton arupi barang utawi sanès barang dipundokumèntasiaken supados párá wargi saget mirsani, nyinaoni, lajeng ndèrèk nguri-uri. Babagan puniká temtu mbetahaken pitulungan saking sinten kèmawon, kalebet ing mriki párá Abdi Dalem ingkang ndarbèni keahlian nanging tetep mikul dhuwur adat sáhá budhi pakerti,” Gusti Mangku paring katrangan.

    Kejawi makaten Gusti Mangku ugi ngarepaken kanthi sangsáyá tambahipun wekdal jumeneng Ngarsá Dalem, sangsáyá kathah berkah ingkang ngambrah-ambrah kanggé Kraton Ngayogyákartá.

    “Minongká panuntun, temtu kitá sedáyá ngarepaken Ngarsá Dalem tansah dipunparingi keséhatan supados tansah saget dados ingkang Hamengku (ngreksá), Hamangku (ngutamiaken rakyat, langkung kathah maringi tinimbang nampi), sáhá Hamengkoni (ngiyataken). Mugi-mugi berkah ugi tansah ndèrèkaken Ngarsá Dalem anggènipun nuntun kraton, keluargi, lan párá wargi Ngayogyákartá kalih sedáyá kaprananipun,” makaten Gusti Mangku.

    Share. Facebook Twitter WhatsApp Email Telegram
    Previous ArticleRatu Paring Pidato ing Dinten Wanitá
    Next Article Klidang, Depok, Ciláká Mbedhag Cèlèng
    Add A Comment

    Comments are closed.

    Nembé Mlebet
    • Pajek Gendhis Awit Januari 2024
    • Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung
    • PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi
    • ‘Marikangen’ Rokok Top Priyantun Solo
    • NATO Ngadhepi Kasunyatan Jaman, Genjot Anggaran
    Pacelathon Énggal
      • Facebook
      • Twitter
      • Instagram
      • Pinterest
      Waosanipun Bongsá Jawi
      Paling Kathah Dipunwaos

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung

      PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi

      Jaman Mbah Buyut
      Atur Sapálá
      Atur Sapálá

      Básá Jawi, utaminipun krámá madyá lan krámá inggil, dinten sapuniká sampun awis-awis dipunginaaken malih, tur sangsáyá udhar.

      Copyright © 2021 Het Javaanse Blad

      Facebook X (Twitter) Instagram LinkedIn VKontakte

      Type above and press Enter to search. Press Esc to cancel.