Close Menu
Het Javaanse Blad
    Facebook X (Twitter) Instagram
    Het Javaanse Blad
    • Pendápá
    • Atur Sapálá
    • Kraton

      Putri Ingrid Ambal Warsá Kaping 18

      19.06.2022

      Ngarsá Dalem Ngaturi Galadiner Korps Diplomatik

      13.06.2022

      Putri Beatrix Paring Anugerah Anyelir Pérak

      10.06.2022

      Ratu Máxima – Presidèn ECB Rembag Bebrayan

      09.06.2022

      Kraton Noordeinde Bika Malih Kanggé Publik

      08.06.2022
    • Den Haag

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      01.12.2023

      Rokok ing Walandi Bakal Rp 620.440 Sawungkus 

      02.06.2022

      Lockdown Rampung, Wajib Kartu Corona 

      26.01.2022

      Walandi Resmi Pungkasi Lockdown 

      25.01.2022

      Walandi Longgaraken Lockdown, Horéca Tetep Tutup 

      14.01.2022
    • Jogja

      Tingalan Jumenengan Dalem

      12.03.2021

      Kraton Jogja Prèngeti 6 Jam Serangan Oemoem 1 Maret 1949

      02.03.2021

      Uyon-Uyon Hadiluhung Senèn Pon

      25.02.2021
    • Diplomasi
    • Internasional
    • Jaman Mbah Buyut
    Het Javaanse Blad
    Panjenengan maos:Javaans » Turas Sembarangan Kasruduk Cèlèng, Tatu 60 Jahitan
    Den Haag

    Turas Sembarangan Kasruduk Cèlèng, Tatu 60 Jahitan

    By Eddi Santosa05.05.20213 Mins Read
    Cèlèng - Het Javaanse Blad
    Cèlèng ageng (Unsplash)

    EPE – Ampun sembarangan menawi kabelet turas ing Walandi, langkung aman madosi pom bensin. Turas sembarangan mbebayani, kados dipunalami déning André Struijk (80).

    Kulá menggalih: mati aku!

    André Struijk

    Pungkasan minggon kálá wingi André Struijk dipunsruduk cèlèng naliká kabelet turas ing pinggir tetuwuhan Tongeren. Kasilipun tatu suwèk 30 cm lan 60 jahitan ing bagéan pupu samparanipun. 

    Kathah cèlèng sliweran

    “Kulá menggalih: mati aku!” makaten André dateng Algemeen Dagblad dinten Rebo (5/5/2021)

    Miturut André, piyambakipun boten kaget ngadhepi kacilakan ngantos tatu, nanging ingkang puniká nggegirisi sanget. Saben piyambakipun merem nutup socanipun, taksih tansah kebayang cèlèng wau nyruduk nyerang piyambakipun. 

    Makaten wau kedadosanipun dinten Setu kirang langkung jam setengah enem naliká piyambakipun mlampah-mlampah sonten, kados dipuncariyosaken makaten:

    “Kulá kathah mlampah-mlampah tur dangu, muter tebihipun 10 kilometer kanthi njangkah kebat, dangunipun saget ngantos 2 jam, dados ing tengahing mlampah-mlampah kulá kadhang kebelet turas.

    turas (krámá inggil), pipis, nguyuh (ngoko)

    Lajeng kulá turas ing margi setapak ing Tongeren. Boten persis ing margi setapak wau, sabab puniká asosial boten sopan. Kulá radi mlebet ing tetuwuhan kirang langkung 5 meter. Ujug-ujug kulá sampun adhep-adhepan kaliyan cèlèng jaler ageng, ingkang kalem nyedhaki kulá.

    Sarèhning cèlèng wau ketingal kalem, kulá boten kami gilan. Kulá ugi mbalik kalem badhé nuju margi setapak malih, nanging jebul tumindak kulá wau lepat. Sabab sakelebat kulá sampun nggléthak ing siti dipunsruduk, congor cèlèng sampun ngadhep pasuryan kulá. Kadadosanipun cepet sanget, kulá sampun mbatin bilih kulá badhé pejah ing mriku.

    Salajengipun kulá rèflèks nganggé naluri primitif kulá, kulá mbalik badan lajeng nyolok matanipun cèlèng wau, lajeng kulá énggal tangi lan kulá tendhang cèlèng wau, nembé cèlèng wau mlajar, kulá slamet.

    Wekdal semanten kulá dèrèng nggalbo badan kulá. Kulá taksih kebak adrenalin lan boten kraos punápá-punápá. Kirang langkung satunggal menit kulá nembé ningali ngandhap lajeng ningali samparan kulá sampun suwèk mbiká wiyar… rahipun banjir boten kinten-kinten. 

    Wekdal semanten kulá taksih menggalih oké kulá saget mlampah wangsul nggriyá. Nanging naliká adrenalin sampun sirná, kulá ambruk nggléthak ing siti,” makaten André.

    André Struijk tatu dipunsruduk cèlèng (ad.nl)

    Mawi ponselipun André taksih saget nilpun nomer alarm. Bagja-bagjanipun André, piyambakipun énggal kepanggih déning juru njagi wilayah mriku, lajeng dipunbetá dateng Griyá Sakit Isala ing kuthá Zwolle. Dalu wau ugi piyambakipun dipunoperasi, cacahipun ngantos wonten 60 jahitan.

    “Menawi panjenengan suwèk ing bagéan wentis, pikantuk pendarahan arteri, panjenengan boten saget slamet, sampun sédá ing mriká,” makaten ngendikanipun dokter.

    Miturut katerangan De Stentor, kadadosan cèlèng nyerang manungsá boten kathah. Nanging naliká taun 2017 naté wonten priyantun Jerman sedá amargi dipunsruduk cèlèng ing mriku panggénan. Naliká semanten piyambakipun taksih mbedhag cèlèng, lajeng satunggal cèlèng ingkang tatu nyerang piyambakipun. (es/es)

    Share. Facebook Twitter WhatsApp Email Telegram
    Previous Article4 Mei, Mrèngeti Ingkang Gugur Jaman Perang
    Next Article Mbalèlá Protokol Corona, Maréchaussée Cepeng 6 Penumpang
    Add A Comment

    Comments are closed.

    Nembé Mlebet
    • Pajek Gendhis Awit Januari 2024
    • Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung
    • PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi
    • ‘Marikangen’ Rokok Top Priyantun Solo
    • NATO Ngadhepi Kasunyatan Jaman, Genjot Anggaran
    Pacelathon Énggal
      • Facebook
      • Twitter
      • Instagram
      • Pinterest
      Waosanipun Bongsá Jawi
      Paling Kathah Dipunwaos

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung

      PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi

      Jaman Mbah Buyut
      Atur Sapálá
      Atur Sapálá

      Básá Jawi, utaminipun krámá madyá lan krámá inggil, dinten sapuniká sampun awis-awis dipunginaaken malih, tur sangsáyá udhar.

      Copyright © 2021 Het Javaanse Blad

      Facebook X (Twitter) Instagram LinkedIn VKontakte

      Type above and press Enter to search. Press Esc to cancel.